Mohon tunggu...
muklisin purnomo
muklisin purnomo Mohon Tunggu... Guru - Guru Ngaji

Penggiat Literasi Dakwah di Kulon Progo

Selanjutnya

Tutup

Ramadan

Khutbah Jawa: 10 Hari Terakhir Ramadhan

11 April 2023   15:00 Diperbarui: 11 April 2023   15:01 1250
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

 . . . . : :

Jamaah jum'at ingkang minulya 

Alhamdulillah, kanthi linambaran Rahmat lan kanugrahanipun pangeran kita saged nindakkaken samukawis pangibadahan ing wulan Ramadhan ngantos dumugi sakmenika. Dinten punika kita ngancik seprotelon akhir, mugi kita taksih anggadhahi semangat anggenipun nindakaken pangibadahan ingkang satemah kita saged nggayuh derajat muttaqin.

Hadirin rahimakumullah. 

Nalika kita sampun ngancik ing dinten-dinten pungkasan saking wulan Ramadhan kedahipun kita kersa ninthingi dhateng dhiri pribadhi kita piyambak punapa kwalitas sah gunggunghipun pangibadahan sampun jumbuh kaliyan ingkang dipun kersakaken. Menawi karaos dereng cekap,  taksih wonten sekedhik kasempatan kangge nyulam lan nambeli kekiranganipun, ananging menawi sampun sae, kantun nglajengaken syukur bage saged langkung dipun tingkataken, amargi sedaya amal punika gumantung kaliyan ing pungkasanipun.

Kadya tiyang ingkang saweg ambangun bale griya, kita sampun saged ngrampungi nganto 70 %, kantun 30 % malih. Kasempatan akhir punika saged nemtokaken punapa griyanipun kapirsanan edhi lan endah, punapa malah suwalikipun. Amila kasempatan punika mesthi kagikaken kanthi sae supados nuwuhaken hasil ingkang saged maksimal.  

Kaum Muslimin ingkang minulya 

Wonten mapinten-pinten perkawis ingkang kedah dipun gatosaken kanthi saestu ing akhir Ramadhan punika. Ing antawasipun kita kedah ngedalaken raos syukur kita awit sampun nitahaken kita minangka umat Muhammad ingkang mijil ing ngalam donya paling kentun. Saumpami kita, menika kita kalebeti golonganipun tiyang ingkang remen tumindak dosa lan duraka  tilar Donya.  Lajeng nampi pasiksan ing ngalam kuburipun, lajeng boten dangu kiamat sampun dumados, ateges olehe nampin paseksan sampun rampung. Punapa malih, kanjeng nabi ugi nate dhawuh menawi piyambakipun badhe paring syafaat dhateng ahli maksiat.

Syafaat ingsun kanggo para umat sing padha ngelakoni doa gedhe (HR Abu Dawud lan At- Tirmidzi)

Kautamen sanesipun minangka umat Muhammad, inggih punika mboten dipun paring yuswo panjang, rata-rata 60 dumugi 70 tahun, arang arang ingkang dumugi 100 tahun, punapa malih ngantos dumugi 500 tahun kados umatipun nabi Nuh. Kanjeng paring dhawuh:


.

"Umur-umur umatku antarane 60 tekane 70 tahun.  Ora ana kang punjul saka iku kejaba mung sethitik. (HR At-Tirmidzi)

Cupeting umur nuwuhaken kauntungan tumrap kita, inggih punika anggenipun nindakaken pangibadahan  mboten ngantos sayah. Ananing sinaose yuswane boten panjang ananging saged nampi kanugrahan ganjaran kados tiyang ingkang yuswanipun panjang. Allah kersa nurunaken lailatul qadar, dalu ingkang binarkahan, tur kinanthn ing dhawuh pratlan bilih ing ngriku "sarupaning prakara kawicaksanan sinilahak, awit dalu punika langkung sae tinimbang sewu wulan, sewu wulan punika kirang langkung 83 tahun. Saumpami kita baligh umur 13 tahun lajeng sakmenikayuswanipun 63, umpai saben tahun saged angginakaken Ramadhan kanti saestu tumunten kepanggih lailatul qadar tegesipun sampun nindakakane ibadah kirang-kirang langkung 4.500 tahun. Tetela sanget kados mekaten mulyanipun umat nabi Muhammad lain.

Lailatul qadr, wengi ingkang agung, lan ingkang wantahipun ateges bengining kaagungan utawi kaluhuran, punika satunggaling dalu ingkang misuwur ing wulan Ramadlan, inggih punika dalunipun wulan Ramadlan wau ingkang kaping 21, utawi 23, utawi 25, utawi 27, utawi 29, utawi saged ugi wonten ing dinten sanesipun. Ananging kathahipun lailatul qadar tumurun ing sedasa dinten ingkang pungkasan. Bab punika saged kaparsinan saking kawigatosanipun anggenipun ngibadah duk kalanipun ing sedasa dinten ingkang pungkasan  saben wulan Ramadhan.

Nabi SAW duk rikala ing sepuluh dina kang pungkasan ngencengake sarunge, ngurip bengine, lam ngajak  kaluargane. (HR Bukhari lan  Muslim)

Ngencengaken sarung miturut Ibnu Hajar al-Asqalani ing Kitab Fathul Bari tegesipun mboten sare kaliyan garwanipun ingkang saperlu ngathah-ngathahaken ngibadah lan mujahadah. Lajeng amaliah ingkang saged katindakaken kangge nggayuh lailatul qadar  ing dinten-dinten kasebat.  Miturut Syekh Zainuddin Al-Malibari ing Kitab Fathul Mu'in paring katerangan, wonten 3 perkawis ingkang prayoginpun katindakno

  • Ngathah-ngathahaken sadakah, nyekapi kabetahaning  keluarga, lan tumindak sae dhateng sanak kadang lan tangga tepalih saged awujud, iftar utawi dhaharan kangge buka utawui sahur, senadyan namung sekedar nyaosi unjukan pethak.
  • Tadarus Al-Qur'an. Maos al-Qur'an ing pungkasaning Ramadhan miturut katrangan saking  Imam An-Nawawi langkung utami katimbang ing awal Ramadhan.
  • Ngathah-ngathaken i'tikaf.  Babagan punika jumbuh kaliyan adat lan pakulinanipun Rasulullah ingkang tansah ningkataken ibadah kanthi i'tikaf ing masjid nalika ngancik ing tanggal 10 pungkasaning Ramadhan.

Jamaah jum'at ingkang minulya 

Ing pungkasaning atur sumangga kasempatan ingkang kebak ing kaberkahan punika kita ginakaken kangge ngathah-ngathaken ngibadah sae wonten dalem, mushola punapa dene masjid. kanthi menika mugi kita saged nggayuh lailatul qadar.

. .

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Ramadan Selengkapnya
Lihat Ramadan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun