[Humor Jawa] Mulosoro Pitik
Karo menehke kartu nama bos njlentrehke prentahe nyang si Udin salah sitok anak buahe.
Bos: “Iki 50 pitik terno. Yo, iku mau alamat sing pesen.”
Udin: “Injih bosss, siap!”
Pitik2e cekat-ceket ditaleni neng motor. 25 neng kiwo, 25 neng tengen.
Neng ndalan, apes Udin kepleset wutahan olie neng aspal dalan, tibo glasaran... Trus pitike ucul talenane, njur podho mlayu kabur. Ora koq gage ngoyak men kecekel pitike mboko siji, ning Udin malah ngguyu kemekelen...
Wong sing kebeneran liwat neng dalan iku weruh, gumun ndomblong nyawang Udin, banjur takon.
Wong liwat: “Mas, kenopo sampean koq malah mung ngguyu, pitikmu ucul kabeh kae lhooo......???"
Udin: “Tenang wae, pitike arep kabur neng ngendi???? Wong alamate genah aku koq sing nggowo..."
Luwih sangsoyo mlongo maneh to dadine wong kuwi bareng krungu wangsulan ngono.
'Orane jal, jan-jane sing pekok iku dheknen, opo aku sing takon yoooo....?' Batin atine.
Sawetoro iku, pitike akeh sing keplindhes mobil liwat. Modar. Penyet.
'Lha yo salah, nyabrang tanpo tolah-toleh, tur yo ora menehi tondho, yo ora liwat zebra cross pisan.'
Kuwi batin atine sopir mobil liwat tur sing kebeneran mlindhes pitik-pitik mau. Genah golek benere dhewe.
---oo0oo---
Duri, 20160420
Tabik & salam HUMORana
Ttd & stempel resmi
Kementerian Entah Apa Enaknya