Pesto Nikahan
Â
Ayo podho ngguyu dhisik yo poro konco.... Kanggone sing ra enjoh boso Jowo, takon mbah gugel. Kuwi nek karep.
Â
Anggepen wae wingenane dowo aku teko nang pesto nikahan..... Pas acara mangan prasmanan..ono kedaden... Aneh bin ajaib tur jelas gnok tunggale.
Â
Poro tetamu sing ngantri koq ora mingked maju... Nganti wis dowo banget tekan ngarepe pelaminan manten.... Penasaran to wis. Bareng aku ngalahi metu ko antrian mlaku ndelok mengarep...Â
Â
Jebule, paling ngarep dhewe ono piyantun wis sepuh lagi ngudhek-udhek panci sop. Iruse gur mubeng wae ora bar-bar...
Tamu sing ngadeg pas mburine wis entek sabare, njawil karo cemuwit.
Â
"Pak...pak... Ngapunten pak... Mbok gelis nek ajeng nyidhuk sop! Sing ngantri mpun dowi sanget. Cobi ditingali piyambak niko, sami ngrantos bapake...!!"
Â
Si bapak koyone rodo budheg, ning cukup tanggap wong nyatane yo njuk mangsuli.
Â
"Sing sabaaar to le... Sabaar... Po dho ora weruh, untu palsuku nyemplung nang jero panci sop.... Kawit mau tak golek-goleki kok durung ketemu ki lho......!!"
Â
Krungu wangsulan ngono... Byaaaar.... Sak kolo antrian langsung ..bubbaaarrrr !! 😣
Â
Duri, 20160415
Tabik & salam HUMORana
Â
Â
Ttd & stempel resmi
Kementerian Entah Apa Enaknya
Â
Pemantik gagasan: DaksoS_ubtm70_14/03
Â
Tags: Hiburan, Humor Jawa, Pesto Nikahan, M. Edy Sunarto
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI