Mohon tunggu...
M. Edy Sunarto
M. Edy Sunarto Mohon Tunggu... profesional -

Jawa asli, masa kecil & sekolah di Jawa Timur. Be cheerful. edysmartpro@gmail.com

Selanjutnya

Tutup

Lyfe

[Humor Jawa] Bedhes Nglangi

4 Oktober 2015   20:12 Diperbarui: 4 Oktober 2015   20:12 212
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Hiburan. Sumber ilustrasi: FREEPIK/Rawpixel

Sawijining dino, sinambi nggolek isis neng teras ngarep omah Dodo ngobrol karo bojone.

 

Bojo: "Mas, aku kancanono yo, kok pengin latihan renang, gelem to?!!"

Dodo: "Kapan? Ojo dino iki, kadhung lagi kepenak nglaras."

 

Bojo: "Lha nek Senen sangertiku kolam tutup mas. Dikuras."

Dodo: "Orane to jeng, kadingaren ndadak kelingan nglangi barang. Arep ben opo?!" 

 

Bojo: "Ben langsing to Mas, koyo jaman isih prawan ndhisik..!"

Dodo: "Haalaah, wis tuwo ndadak koq jik pethakilan. Gene iwak paus kae sing terus wae nglangi yo tetep wae gendhut...!!"

 

Bojo: "Huhhhhh..!! Alesan. Emoh ngancani ono-ono wae sing diucap. Yo wis, nek aku mangkat ijen, upamane neng kono ketemu arek nom-noman ojo njuk didakwo sing neko-neko lhoh."

Dodo: "Nglangi yo nglangi, upamane njuk ora kathik nganggo buntut sing mbok ucap mau geneyo to jeng?"

Telung minggu sakwise iku...

 

Dodo: "Jeng, wiwit saiki aku arep mangan woh-wohan sing akeh. Sesuk pas blonjo neng pasar, jo lali tukuo yo...!!"

Bojo: "Koq kadingaren to mas doyan woh, arep ben opo to mas?"

 

Dodo: "Ben luwih sehat to jeng, empat sehat lima sempurna kae jebul bener koq. Tur yo marakke seger neng awak lan tetep ajek nggantheng koyo jaman nom-noman ndhisik. Harak kowe yo njuk katut melu mongkog atimu...!!"

 

Bojo: "Ealaah mas, mas.... Padune pengin disawang piye karo rondho teles sabrang pojok ndalan kae to?"

Dodo: "Lha koq mlumpat mrono to jeng?"

 

Bojo: "Ra sah nutupi sing sregep lirak-lirik yen nuju liwat kono. Karo maneh mbok yo dipirsani munyuk Wendhit kae, saliyane katemben ono sing wong nguncali kacang rebus, saben byar mangane woh-wohan, rupane koq yo ajek wae. Tetep elek...!!"

 

BEDHESE NJUK NGAKAK

Laughing Monkey 

(Made Famous by Russell Howard)

Bruce Lauderdale

https://m.youtube.com/watch?v=oVSoTOnFGV8#

 

-----oo0O0oo-----

Tabik lan salam HUMORana

 

Ttd & stempel resmi

Departemen Humor Garing

 

Ide cerita: Samsi H, ubts73, 4/10

 

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Lyfe Selengkapnya
Lihat Lyfe Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun