Mohon tunggu...
M. Edy Sunarto
M. Edy Sunarto Mohon Tunggu... profesional -

Jawa asli, masa kecil & sekolah di Jawa Timur. Be cheerful. edysmartpro@gmail.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Artikel Utama

[Jawa] Hairdryer Jeng Putri

25 Maret 2015   21:57 Diperbarui: 17 Juni 2015   09:01 48
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
14272942701703954478

[caption id="attachment_357365" align="aligncenter" width="606" caption="Illustration only, Qatar-Airways-A380-first-class-interior_simplenewzdotcom"][/caption]

Assalamualaikum.

Halo sedulur kompasianer kabeh!!

Artikel iki katur maneh dhapur tayang ulang amargo sing kawitane artikel iki wis nate njedhul ing Kompasiana kene rikolo 11 Maret 2015 | 01:50 ngiras-ngirus melu nggayengke acara lombane mbak Usi Saba Kota tanpo kasengojo weeeeelhadalah, ilang kebusak nembe wae iki mau. Bingung tur getun banget wor suh dadi siji, cathetan sejarah tayang artikel duwekku dadi rodo mawut to saiki. Kanggo sa-ora2ne amrih ora kelangan tracake, yo wis, nyuwun sewu nggih sedulur Administrator lan poro pamirso kabeh, artikel dak niati tayang ulang.

Mugo poro sedulur sing insha Allah podho apik2 aten, sumeh greteh lamun disopo-sengguh sarto podho semanak kabeh.

Utamane sopo wae sedulur sing nate tindak luar negri njur pesawate mampir utowo pancen mudhun neng bandara Abu Dhabi, Republik Emirat Arab, biso ugo dho kesengsem werno2 produk elektronik njur kepengin tetukon. Sepisan mergo regane sing luwih miring, tur free of tax alias bebas pajek. Terkadhang, tetimbangan sing kapindho, model barange ugo mutakhir, gung ono dipajang neng Pasar Glodok Harco, Jakarta.


Kocap, artikel ini nyaritakke pengalaman sawijine penumpang putri ayu manis pawakan sedhet tinambah dhekik pipine yen lagi ngendikan, opo maneh mesem, agawe resep neng mripat sing nyawang.
Jeng Putri, sebut wae mengkono, bali Jakarta ko mampir blonjo produk elektronik neng Abu Dhabi.

Karton kothak kemasan wis dibuwangi, ben ora kleru disengguh barang dagangan sing neng pabean bandara Soetta mesthi keno bea masuk. Kamera video wis aman njeron tas cangking mlebu neng kabin bareng sedhiyan salin penganggo lan barang cilik liyane.

Kawusono, neng tangane isih ngregem salon hair dryer sing durung aman digowo ngliwati pabean mengko. Sawise pesawat anteng neng ketinggian jelajah, Jeng Putri njur menyat ko kursine, mrepegi Pastur sing lungguh ijen mepet jendhelo.


Jeng Putri: "Romo ... Ngapunten, menopo saged kulo nyuwun pambiyantu???"

Pastur: "Sumonggo nak ... Yen romo biso tetulung, geneyo ora?"


Jeng Putri: "Ngapunten ngresahi romo, nanging sanget kulo sesuwun salon hair dryer meniko mandhap pesawat mangke sagedo siningidaken salebeting jubah agemanipun romo. Supados mboten kadenangan petugas pabean lajeng kenging cukai."

Pastur: "Oh ngono to nak. Saguh romo sabiyantu, nanging opo njur romo kapekso kudu tumindak ora jujur to?"

Jeng Putri: "Tamtu mboten romo. Margi kados limrah sampun klampah wingi2 mboten badhe wonten ingkang wantun pitaken lan niti prikso romo Pastur."

Kocap, pesawat klakon wis anteng parkir neng apron bandara Soetta. Tekan gilirane Pastur diaturi mlebu neng kantoran Bea Cukai.

Petugas: "Romo Pastur, menopo wonten barang ingkang betah badhe dipun declare?"

Pastur: "Wiwit sirah mengisor tekan bangkekan ora ono barang sawiji sing ono butuh di-declare. Dene soko bangkekan mudhun tumekan sikil, ono barang siji dak gowo sing banget dibutuhke kaum hawa ... Lan kawit anyare babar blas durung nate digunakake."

Petugas: "Gusti Kang Moho Agung mugi tansah paring berkah njenengan romo. Sumonggo."

Pastur gage jumangkah nyusul Jeng Putri sing wis ngantu-antu sawetoro wektu.


----- MESS -----

NB: Cermin koyo mengkene iki, jroning urip sa-dino2 kito sayektine gampang tinemu sa-paran2. Gage digayuh, njur gelis ditulis. Yen ora, utowo luput nggonmu ngranggeh, ilham mau bakal mabur terus. Bebarengan lan kupu, manuk2 ocehan, lan........ lamunanmu dhewe.
Kang luwih dhisik lair tinimbang artikel iki sumonggo yen arep diakses sarono mencet hyperlink ing ngisor.

Kisah Pendek Wagiman Wagimun

Kisah Pendek Melamar Kerja


Wusono, cuthel.
Tancep kayon.

Wass.
Jakarta, 25 Maret 2015 (minongko ganti sing sakawit tetanggal 11 Maret).


ttd & cap stempel resmi

Departemen Kebahasaan Antar Anakbangsa

Sumber inspirasi: ... tanggane Sigit TW – 10/03/2015

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun