Mohon tunggu...
Mas Teddy
Mas Teddy Mohon Tunggu... Buruh - Be Who You Are

- semakin banyak kamu belajar akan semakin sadarlah betapa sedikitnya yang kamu ketahui. - melatih kesabaran dengan main game jigsaw puzzle. - admin blog https://umarkayam.wordpress.com/

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Kenangan Pitung Taun Nang Suroboyo, no.1 (Edisi Suroboyoan)

30 Mei 2016   19:55 Diperbarui: 30 Mei 2016   20:20 112
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Tulisan iki dak (diwoco ‘tak’, ning menurut guru basa Jowo-ku waktu SD biyen tulisan sing bener ‘dak’) tulis kanggo melu memperingati ulang tahun ke 723 kutha Suroboyo, tanggal 31 Mei, selasa sesuk. Sengaja dak tulis nganggo basa Jowo coro Suroboyo, sekalian kanggo ngetes jik eling ambek logat Suroboyo opo nggak.

Elek-elek ngene awakku yo pernah duwe KIPEM alias Kartu Identitas Penduduk Musiman. Awakku pernah dadi warga musiman Suroboyo teko tahun 1987 sampek 1994. Sing duwe kartu iki kebanyakan arek mahasiswa sing podho kuliah nang Suroboyo, termasuk awakku. Nek gak salah waktu iku walikota-e Pak Poernomo Kasidi alias Porkas (mesakno pak walikota iki, rek. Jeneng apik-apik kok disingkat dadi koyok undian berhadiah).

Wis 22 (rolikur) taun awakku metu teko Suroboyo, mesthi ae saiki wis beda adoh ambek jaman awakku jik nang Suroboyo biyen. Biyen embong cedhak kos-kosan antara Wisma Mukti – Asrama Haji gurung tembus, saiki wis tembus. Sebelah wetane kampus ITATS saiki dadi prapatan, biyen gurung ono. Jembatan Suramadu, biyen gurung kebayang (dak delok teko Google Earth). Liwat tulisan iki awakku nyoba ngeling-eling opo ae selama pitung tahun nang Suroboyo.

  • Angkutan

Nang Suroboyo yo ono Bemo. Tapi, masio jenenge bemo, gak podho ambek bemo sing nang Jakarta. Bemo Jakarta rodha telu, bemo Suroboyo rodha papat. Nek nang kutha liyane saiki jenenge angkot. Tapi yo ono sing ngarani “lin”. Sing mbedakne angkot Suroboyo ambek kutha liyane, rupa-e utawa warna-e. Nek nang kutha liya, angkot warna-e podho. Nek angkot Suroboyo warna-e macem-macem, tergantung jurusane. Sing dak eling, yo sing sering dak tumpaki. Contone : lin G, jurusan terminal Joyoboyo – Karang Menjangan, warna-e ijo tuwo. 

Lin O, jurusan Jembatan Merah – Keputih, warna-e kuning. Lin S, jurusan terminal Joyoboyo – Bratang – Keputih, warna-e biru tuwo. Saking akehe jurusan, sampek entek jumlah hurufe. Akhire jurusan anyar nganggo rong huruf. Huruf ngarep asale, huruf mburi tujuane. Contone : lin WB, jurusan Wonosari Lor – Bratang. Awakku dhewe yo gak apal kabeh jurusan angkot, saking akehe. Cuman lamat-lamat yo ijik eling warna-e. Lin C – oranye, lin D – ijo enom, lin E – ijo tosca, lin M – abu-abu tuwo meh ireng, lin N - abu-abu enom meh putih, lin P – kuning langsep, lin Q – coklat marun, lin V – coklat susu.

Bemo Suroboyo (gambar teko mbak indrihapsariw.com)
Bemo Suroboyo (gambar teko mbak indrihapsariw.com)
Meh kabeh angkot Suroboyo ono bel nang ruang penumpange, dadi nek ono penumpang katene mudhun kari mencet (tombol) bel iku mau. Gak perlu bengak-bengok ambek sopir angkot opo kernete. Sampek pernah ono guyon. Ono wong baru pertama nang Suroboyo, numpak angkot. Selama numpak angkot wong iku mau mikir terus, “tombol iku dudu rem, tapi kenopo saben ono wong mencet kok angkote langsung mandheg?”

Nang endi-endi awakku sering numpak angkot, mergane murah ongkose. Jaman awakku biyen ongkos angkot mung Rp. 350,- (telung atus seket repes). Adoh cedhak podho ae. Tapi kadang kernet opo sopir angkote sok elekan. Nek mudhune adoh gak gelem dibayar Rp. 350,- njaluk tambah. Tapi nek mudhune cedhak tetep njaluk dibayar Rp. 350,-

Bis kota. Jaman terminal jik nang Joyoboyo ambek Jembatan Merah, jurusan bis kota cuman ono loro, Joyoboyo – Jembatan Merah, pp ambek Joyoboyo – Perak, pp. Liwate yo mung liwat Diponegoro ambek liwat Darmo. Ongkos bis kota mung Rp. 100,- (satus repes). Sak wise terminal Joyoboyo pindah nang Bungurasih ambek Jembatan Merah pindah nang Tambak Oso Wilangun, mulai ono jurusan Bungur – Perak ambek Bungur – Oso Wilangun. Jalure ono sing liwat tol. Tapi sing liwat tol, awakku gak eruh piro ongkose, soale gurung pernah numpak. Tambahan maneh, ono bis kota swasta (dudu Damri). Tapi bis kota swasta iki jalure liwat pinggir. Bis kota swasta iki bis-e elek-elek, soale bis kota swasta iki nganggo bekas bis AKAP sing wis meh mlebu museum. Wis bis-e elek-elek, ngetem-e suwe banget. Nek penumpang gurung penuh, bis gak mangkat. Masio wis penuh, nek wis mlawakku, nang tengah embong kernete mesthi bengak-bengok,

”Kosong … kosong …. Ayo, kosong !”

Biasa-e ono ae penumpang sing protes,

“Kosong apane, cak! Katene didokok ngendi? Dokok ndukur, tah?”

Angguna alias angkutan serba guna. Angkutan iki mungkin cuman ono nang Suroboyo. Bentuke separo minibus separo pick-up, warna-e kuning gading. Angguna gak duwe jalur khusus, koyok taksi. Biasa-e mangkal nang terminal utawa cedhak pasar, mergane penumpange kebanyakan wong sing mari blanja. Sing nggowo barang akeh. Ongkose tawar-tawaran, tergantung jarak ambek barang sing diangkut. Awakku baru sepisan numpak angguna, dadi gak iso cerito akeh.

Angguna (gambar teko sorot.news.viva.co.id)
Angguna (gambar teko sorot.news.viva.co.id)
Becak. Tukang becak nang Suroboyo kebanyakan teko Meduro. Numpak becak nang Suroboyo kudu siap mental. Soale tukang becak Suroboyo sering ngebut, malah kadang sok ngawur. Senengane nglawan arus. Tapi tetep dak akoni tukang becak Suroboyo jago-jago. Opo maneh nek pas ono adu keterampilan mbecak. Mergo senengane nglawan arus iku, mangkane kendaraan liyane milih ngalah ae. Opo maneh nek tukang becake wis ngewehi ‘tanda tangan’. Ojo sampek kedadean koyok iki.
  • Panganan

Panganan Suroboyo sing gak ono nang kampungku : lontong balap, semanggi, ambek kupang. Teko telung panganan mau sing awakku doyan mangan mung lontong balap. Semanggi ambek kupang awakku gak doyan. Baru ndelok rupane ae wis gak selera. Nek tahu thek nang kampungku meh podho ambek tepo tahu.

Lontong balap (gambar teko masteresep.com)
Lontong balap (gambar teko masteresep.com)
Pertama ngekos nang Suroboyo, awakku sering kaget ambek panganan Suroboyo. Masio panganan iku yo ono nang kampung. Pertama mangan sego pecel, awakku cuman nggrendeng,

“Pesene sego pecel sing teko kok sego campur?. Sego pecel kok ono mie, srundeng, daging empal, ono tahune barang.”

Nek nang kampungku sing jenenge sego pecel yo mung kulupan (bayem + capar/kecambah) trus sambel kacang, tambah peyek utawa tempe. Wis iku thok. Kadang bayem-e diganti jrembak, krokot utawa rebung.

Nek gak menune sing campuran, kadang porsine sing akeh. Pertama kali tuku sego goreng nang pinggir embong, awakku kaget. Lha, yok opo gak kaget, ndelok porsine sak gunung bancak. Pertama mangan gak entek, tapi suwe-suwe mergo terbiasa akhire iso entek. Malah akhire dadi langganan (awakku jik eling ambek sing dodol, biasa diundang “cak Ren”), iso dadi ‘solusi’ mahasiswa tanggal tuwo. Nek dompet wis tipis, bengi-bengi tuku sego goreng-e cak Ren, sesuk isuke gak perlu sarapan maneh mergo jik wareg.

Siji maneh. Mari ditraktir nonton midnight nang TP (waktu iku film-e “Jurassic Park”), awakku diajak arek-arek (kabehe wong papat) mampir nang warung pinggir embong, nang Jl. Basuki Rahmat. Koncoku pesen sego goreng rong porsi. Begitu pesenane teko, wuihhh ….. wuakeh temen, rek ! Sak porsi dipangan wong loro ae gak entek.

Jik ono sambungane, rek !

Tulisan sing jik ono hubungane. Nek gak ono, dipekso ae ! Pokoke kudu ono hubungane !

- Wis diwenehi tanda tangan

- Gerak jalan Mojokerto-Suroboyo

- Gubernur Soerjo

- Oleh mangan oleh ngombe

- Asal usul Suroboyo

- Kampung jancuk

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun