Si  Gundul nyekeli pipine, ket bengi rasane srenat-srenut nganti awan iki. Dewekke kelingan dek wingi mangan jambu nyolong duwekke tanggane.
Jebul isi jambu natoni, Â mlebu untu growong sing larane nyenggol ati.
"Ealah mbok.. Â aku mbok ditambani", sambate gundul karo mrebes mili.
Ananging simboke Gundul wis menyang kali. Â Nyangking klenthing jalaran banyu genthong wis asat.
Swara radio  tanggane mbrebegi kuping.  Kaya-kaya marai uler sing neng untune nyokot tambah kenceng.  Si Gundul tambah ngenes,  ngrasakke urip sing lagi kapesan.
Aja maneh mangan tela, Â lha wong ngulu idu wae wis rekasa. Â
Sak durunge untune lara, simbok wis weling kon sing ati-ati. Merga pangan ya bisa nyliliti, senajan ana gunane kanggo kekuwatan.
Gusine Gundul abuh sak driji. Amarga kruma sing nggegirisi. Iku mau mau merga Gundul ngunduh wohing pakarti. Mangan jambu sing dudu duwekke.
Jare bener kandhane Mas Landung, mendhing lara ati timbang lara untu. Amarga lara ati ora tekan untu. Nanging lara untu bisa tekan ati .
"Yo lah. Â tak trimane laraku, tak trimane nasibku, sesuk aku ora bakal mbaleni, ben ora lara untu maneh kaya saiki", mengkono ujare Gundul banjur ngidung nambani ati