Mohon tunggu...
Kresno Aji
Kresno Aji Mohon Tunggu... Freelancer - Linux & LaTeX Specialist

Baru saja menyelesaikan S2.\r\nSuatu keinginan untuk menulis di bidang sosial budaya, terutama budaya Jawa. Analisa politik ditulis dalam bahasa Inggris.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

Werdine Sesaji lan Filosofi Kang Kinandhut

3 April 2016   21:47 Diperbarui: 3 April 2016   22:02 477
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

Ature: Kresno Aji (kresno.aji@gmail.com)

[caption caption="Werdine Sesaji lan Filosofi Kang Kinandhut"][/caption]

Wis jamak lumrah ing ngendi papan ing tlatah Jawa, menawa nganakake slametan mesthi ana sesaji, menawa wong-wong biyasa nyebut sesajen utawa sajen. Sesajen minangka pasugatan kang wajib kudu ana ing sajroni adi cara slametan miturut adat Jawa. Sajen utawa sesajen duwe sesebutan maneka warna, ana kang nyebut Dhang ayu, ana maneh kang nyebut kanthi jeneng Cok Bakal. Nanging werdi lan karepe padha bae.

Nanging kanthi anane owah-owahan jaman, sabageyan warga ana kang nyebut menawa sesajen iku jan-jane sirik, musyrik utawa bit'ah, malah ana pawongan kang rumangsa wis rumangsa onjo nganggep menawa sesajen iku tahyul, ora trep ing sajroning jaman kang wis modheren iki. Kamangka, labudayan warisan jawa kuna iki mengku maneka warna simbol utawa pasemon sing makna utamane minangka panyuwunan marang Pangeran ya Gusti Allah supaya slamet sakabehane. Ewa dene makna utawa simbol-simbol ing sajroning sesajen iku bisa kapentha-pentha kaya ing ngisor iki:

1. Pari, gabah, beras, lan sega (tumpeng):
Minangka pralambang tuntas lan kasampurnan. Werdine, menawa bakal nganakake panggaweyan kudu tuntas lan ora setengah-setengah. Sedheng tumpeng asale saka tembung tumungkula sing mempeng, werdine menawa kita kepingin slamet, kudune tansah rajin anggone ngibadah.

2. Urap
Werdine, minangka manungsa kudu nduweni kagunan marang sapadaning titahe Gusti Allah, lingkungan, agama, bangsa lan negara. Sajroning urip kudu bisa nyawiji marang bebrayan agung, supaya uripe tentrem.

3. Bubur panca warna
Isine yaiku: bubur beras abang, ketan ireng, bubur jagung, ketan putih, kacang ijo. Dideleh ana ana lor, kidul, kulon, wetan lan sawiji ana tengah. Minangka pralambang elemen alam (banyu, geni, angin, lemah, lan angkasa). Bisa uga minangka pralambange sedulur papat, kalima pancer ya awake dhewe.

4. Jajanan pasar
Nggambarake karukunan warga, sanajan ana gesehe panemu nanging tetep ngutamakake tenggang rasa.

5. Pisang raja gandheng
Pisang raja minangka simbol supaya kita nduweni gegayuhan kang luhur, saengga bisa dadi srana kanggo mbangun bangsa lan negara.

6. Ayam ingkung
Minangka lambang pengorbanan selawase urip, tresna lan asih marang sasama lan uga minagka lambang asil bumi (kraja kaya).

7. Iwak bandeng utawa gereh pethek
Minangka lambang rejeki kang lumintu, senajan ta gereh pethek iku akeh rine lan njupuk daginge kudu ngati-ati, nanging senajan sethithik menawa didhahar karo sega bakal mirasa. Iwak teri minangka pralambang kerukunan ing bebrayan agung.

8. Endhog
Minangka pralambang sangkan paraning dumadi, gegambarane manungsa ing kana karepe yaiku anane pambeda, kaya endhog kang njerone seje warna kang beda yaiku kuning lan putih. Kaya dene sajrone donya iki, ana lanang lan wadon, wengi lan awan, lan sapiturute.

9. Banyu ing gelas lan kembang setaman
Mengku werdi banyu ngombe kang dadi kabutuhane manungsa. Kembang setaman sing dumadi saka kembang mawar, kembang mlathi, kembang kanthil (kembang cempaka utawa kembang gadhing) lan kembang kenanga mengku werdi apa kang kinarepake tansah diijabahi dening Pangeran.

10. Kopi pahit
Nduweni pralambang banyu nanging dudu minangka kabutuhan pokok ldan dadi srana nggrengsengake paseduluran ing adi cara pasamuwan.

Mangkono mau ature penulis sesambungan klawan sesajen lan pralambang kang winengku, kanthi ujub muga-muga bisoa dadi kali damar marang para maos kang mbutuhake.

Nuwun

Kapethik saka:

  1. sedulur Taufik Hidayat, "Filosofi Isi Sesaji",
  2. Wikipedia, "Siraman:,
  3. Ruhastu Putri Wibowo, "Tradhisi sedhekah Pethik Laut ing Desa Paseban Kabupaten Jember", Fakultas Bahasa dan Seni, Universitas Negeri Surabaya, Jurnal
  4. sabdalangit.wordpress.com, bahasa-simbol-makna-bunga

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun