Mohon tunggu...
Kresno Aji
Kresno Aji Mohon Tunggu... Freelancer - Linux & LaTeX Specialist

Baru saja menyelesaikan S2.\r\nSuatu keinginan untuk menulis di bidang sosial budaya, terutama budaya Jawa. Analisa politik ditulis dalam bahasa Inggris.

Selanjutnya

Tutup

Dongeng

Ketemu Ula Siluman Ana Tengah Alas

28 Januari 2016   13:40 Diperbarui: 28 Januari 2016   14:54 140
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Kamis / Respati Pahing, 28 Sasi Januari Surya kaping 2016
Ature: Kresno Aji (kresno.aji@gmail.com)

[caption caption="Ketemu Ula siluman Ana Tengah Alas"][/caption]

Jenenge mono Widodo, dene kanca-kancane biyasa ngundang kanthi aran Dodok ngono bae. Bocahe parasaja, ora kaya bocah saiki sing sithik-sithik sambat wong tuwane. Dedege katon diwasa, amarga minangka anak mbarep kang keconggah momong marang adhine. Saliyane iku, wiwit cilik wis digulawenthah dening kahanan. Dheweke wis kulina ngadhepi rekasane wong urip, nalika melu wong tuwane ngumbara menyang Lampung minangka peserta transmigrasi.

Ing Lampung, Widodo lan wong tuwane dalah adhine kang aran Tejo manggon ana kampung sacedhake alas kopi kang uga katelah alas homogen, kang werdine alas kang ngandhut taneman samacem kang kapetung paling akeh dhewe. Wis dadi pakulinan bocah-bocah kana, sarampunge mulih sekolah padha dene dolanan ana alas. Menawa ora dolanan jitung umpet ya golek woh-wohan ana kana, kalebu woh kopi sing abang-abang. Mbuh duweke sapa ora digubris dening bocah-bocah kuwi.

Sawijining dina nalikane rampung mulih sekolah, Widodo ngajak adhine apek woh kopi ana alas. Nalika kuwi Tejo nembe kelas siji SD, nembe seneng-senenge dolan bareng kanca-kancane. Tejo kang dhasare wis suwe kepingin dolan turut alas langsung bae ngiyani ajakan saka kangmase iku, malah banjur ngajak kancane loro melu golek woh kopi ana kana. Jebul kanca-kancane ya padha dene kepengin saba alas.

Sawise pada pamit wong tuwane dhewe-dhewe, bocah-bocah banjur padha mangkat bebarengan. Nanging bocah-bocah mau ora pamit menyang papan ngendi kang bakal tumuju, kuwatir menawa mengko bakal dipenggak pepenginane saba ana alas kopi mau. Kanthi nggawa kresek ireng, bocah-bocah kuwi banjur padha mangkat kanthi sesidheman. Kresek kasebut perlune kanggo madhahi woh-wohan kopi kang bakale tinemu ana alas samengko.

Nalika wis rada adoh olehe ninggalake padesan lan arep mlebu menyang alas, bocah-bocah mau padha meruhi wis-wit kopi sadawane panyawang. Wite sing akeh tur ketel njalari sajrone alas kasebut dadi katon peteng. Sadawane dalan tumuju menyang kebon kopi akeh dikebaki dening alang-alang lan suket gegrumbulan kang marahi gatel nang sikil. Ana uga siji loro wit jambu mete ana sapinggire alas kang ora keranggeh tangane bocah-bocah kuwi amarga saka tuwa lan dhuwure.

Nalika wis cedhak panggonan wit-witan kopi, bocah-bocah mau padha ngawruhi saperangan wiji-wiji kopi kang wis mateng padha sumebar ora ana sing njupuki. Kaya dene meruhi permen sing rupane ndemenakake, bocah-bocah kuwi banjur padha iwut anggone apek woh-woh kopi mateng kang nggrombol ana ing pawitan iku. Wit-wit kopi sing racake endhek-endhek ndadekake bocah-bocah padha dene sang saya seneng anggone njupuki wiji kopi sak akeh-akehe.

Nedheng-nedhenge olehe iwut anggone njupuki wiji-wiji kopi kuwi, dumadakan Widodo meruhi ula kang gedhe banget, ora suwala bocah kuwi banjut mbengok..... "ULAAA.... ULAAA....!!" Krungu panjerite Widodo kang keprungu kamiweden kaya mangkono mau, ora sranta bocah-bocah banjur padha dene mlayu sipat kuping marani dununge kangmase Tejo kasebut.

Tekan papan panggonane Widodo, bocah-bocah kuwi padha dene meruhi ula raseksa, mbok menawa bae yen mung nguntal bocah papat kasebut isih bisa nambah. Ndhase sing gedhe dawa katon medeni, ora kalah medeni tinimbang sing biyasa ditonton ana tipi-tipi kae. Ula iku ngliker ing sangisore wit gedhe kanthi matane merem, sajake nembe turu apa semedi ngono kae. Tejo dhewe njola lan keweden ndeleng ula sing gedhene ora mekakat iku, malah panjerite cetha luwih sora tinimbang kangmase.

Panjerite bocah-bocah mau jebul malah ndadekake ula kasebut kaya dene keganggu lan banjur ngelekake matane, katon cahya warna abang mencorong gedhene sak lepek mandeng bocah-bocah kuwi sajak kaya dene ora seneng amarga keganggu anggone turu apa dene wis wani njugarake tapane sing wis sauntara suwe. Sing luwih aeng maneh, nalikane ula kasebut obah-obah kaya dene arep ngolet katon menawa asline ula kasebut ora napak lemah. Tejo saya keweden lan awake ndhredheg wel-welan, kaya dene dilolosi otot bebayune ora bisa ngapa-apa mung bisa nangis mingseg-mingseg.

Dumadakan kaya tuwuh kuwanene, Widodo enggal-enggal narik tangane adhine lan akon bocah-bocah supaya enggal-enggal oncat saka kana. Bocah-bocah banjur padha dene mlayu salang tunjang golek slamet dhewe-dhewe. Karo nggandheng tangane adhine, kangmase Tejo banjur akon supaya playune kanca-kancane kanthi gandhengan tangan. Bocah-bocah banjur padha gegandhengan tangan kaya pakone kangmase Tejo. Tejo dhewe mlayu karo isih mingseg-mingseg lan undang-undang kangmase: "mas.... mas.... aku aja ditinggal....!" Kaya-kaya wedi menawa arep dimangsa ula kasebut, kamangka tangane dheweke isih digandheng kangmase.

Watara setengah kilonan adohe saka papan panggonanane ula kuwi bocah-bocah banjur mandheg anggone mlayu. Ketara menawa padha dene kekeselen saking kaget lan wedine uga amarga saka adohe anggone playon iku. Ambegane padha dene menggeh-menggeh, sauntara malah ana sing ngompol ana ndalan lan sandhale ketinggalan sebelah. Kangmase Tejo dhewe mung meneng karo milang-milingi kahanan kira-kira ula mau nututi apa meneng bae utawa lunga nanging tumuju ana papan liyane. Sawise milang-miling sauntara suwe, Widodo banjur ambegan landhung mbok menawa kalegan lan yakin menawa ula kasebut ora nututi lan kahanan wis aman.

Tono, kancane Tejo sing sandhale ketinggalan ana papan kana mau malah nangis. Dheweke wedi didukani wong tuwane amarga sandhale ilang sasisih. Dheweke ora gelem bali, amarga wedi menawa didhedhes wong tuwane geneya sandhale kok nganti bisa kecicir kuwi.

"Mas... tulung ta golekana sandhalku mas, aku wedi yen didukani Bapak Ibuku yen mulih kok mung nganggo sandhal sasisih...."

Krungu tangise Tono sing kelangan sandhal iki, Widodo banjur ngerih-erih supaya bocahe enggal meneng anggone nangis lan ora susah nggoleki sandhale maneh. Nanging sajake Tono sing wedi didukani wong tuwani malah mberot ora gelem mulih. Krungu tangise Tono iki, Widodo banjur mutusake bali menyang panggonan papan sakawit. Alon-alon anggone mlaku nyedhaki papan panggonane ula raseksa mau kanthi ati kang ditatag-tatagake, karo mikir kepiye bisane uwal saka pambledige ula raseksa kasebut menawa wis tekan papan sakawit.

Tekan papan kang dituju, bocah-bocah padha meneng-menengan. Widodo dhewe isih dheleg-dheleg ngelingi kedadeyan sadurunge, mbok menawa mengko dheweke lan kanca-kancane bakal dibledig lan diuntal dening ula raseksa mau banjur kudu kepiye...? Dumadakan, ora adoh saka papane ngadeg dheweke meruhi bleger kaya plastik mlonyoh. Bareng ditamat-tamati jebul pancen kuwi tilas sandhale Tono, ning sing aeng tilas sandhal iku kari separo dene separone wis leder lan gosong mung nyisani bageyan driji lan jepitan plastik bae.

"Iki lho tilas sandhalmu wis mlonyot kaya dene mentas dibong wong, arep mbok anggo apa piye....?" pitakone Widodo karo nyengenges.

"Emoh aku, sandhal kari separo piye nganggone ta mas...." semaure Tono karo mrengut.

Widodo banjur mbuwang tilas sandhal iki sawise diduduhake marang Tono.

Sabanjure bocah-bocah kang kapimpin dening Widodo enggal-enggal ninggalake papan kana, bali mulih. Kresek-kresek isi wiji kopi mateng wis ora digubris babar pisan, perlune enggal-enggal bali tekan ngomahe dhewe-dhewe. Sadawane dalan-dalan bocah-bocah padha meneng, amem. Kabeh ora keprungu guneme babar pisan.

Sawise tekan desa, Widodo pesen marang adhine lan kanca-kancane:
"Mengko tekan ngomah ora susah matur neka-neka marang Bapak Ibumu ya...?
Tundhane malah golek perkara, malah ditutuh sing neka-neka...!"

"Iya mas, iya mas Dodok..." semaure bocah-bocah meh bebarengan.

Bocah-bocah enggal-enggal tumuju menyang omahe dhewe-dhewe, mung Tono bae sing mlaku alon-alon sajake isih wedi menawa mengko tekan ngomah bakal didukani wong tuwane awit mung nganggo sandhal mung sesisih.

Saiki alas kopi kasebut wis wiwit ilang, kalah karo pemukiman pendhudhuk kana.

-o0 Cuthel 0o-

Kapethik sacuwil saka: mistikreunion.wordpress.com

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Dongeng Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun