Ature: Kresno Aji
Sing jenenge lair, jodho lara lan pati mono pancen mung kagungane Gusti Allah. Manungsa ora kaconggah anggone arep nampik apa dene nggege mangsa. Nanging ing sanjabane iku, manungsa diparingi kawenangan kanggo nggraita marang pituduhing Pangeran kang wis diparingake lumantar tandha-tandhaning alam.
Samono uga tumrap pacobaning Pangeran arupa lindu utawa jaman saiki luwih kawentar kanthi jeneng gempa. Sanadyan ta kedadeyan kang bakal kacaritakake iki pancen ngedab-edabi, nanging kanthi sih kawelasane Pangeran liwat pituduh-pituduh kang kadhang kala kapetung nyleneh iki pranyata bisa gawe slamete sawetara pawongan kang mbok menawa wis kapiji dening Gusti Allah, isih kaparingan umur dawa. Kaya kang bakal kita aturake ing ngisor iki.
Kaya dene sing dialami dhewe dening Sutrimo utawa biayasa diundang Trimo, salah sawijining warga Bantul kang omahe ora adoh saka Parangtritis. Sedina sadurunge kena lindu, Trimo luwih sering turu ana tritisan. Jarene amarga atine tansah goreh ora ngerti apa sababe. Kaya wengi iku, Trimo arep turu ana tritisan ngomah maneh kanthi rasa kang ora jenak. Bola-bali ditiliki anak lan bojone kang nembe turu angler, swara tipas angin kang muni "tek tek tek" kuwawa nambah kekesing swasana ing wengi iku. Dene ing kamare mara tuwane keprungu swara lirih saka radhio, kang nyiarake wayang kulit kanthi lakon "Semar mbangun kahyangan". Alon Trimo mbuka lawang ngarep, dalan desa kang mung diterangi lampu LED cilik krasa amem ing pangrasa. Dene semilire angin wengi kuwawa nambahi kekesing swasana.
Nembe bae sikile Trimo arep jumangkah metu, kadadak keprungu swara gemrudug. Saka kadohan katon playune wong akeh tumuju ngalor. Ning sing gawe gawoke Trimo iku, praupane wong-wong mau geseh babar pisan karo wong-wong sing biyasa ditemoni ana desane kono. Praupan lan dedege wong-wong iku racake memper karo manungsa jaman purba. Sing lanang ote-ote lan rambute gondrong, semana uga sing wadon padha dene ngliga. Wong-wong kuwi padha katon anggone kamiweden, ketitik saka anggone mlayu pating grudug, pindha gabah den interi. Swarane mbengung kaya dene tawon yen omahe dibalang watu kae. Wong-wong iku racake tangane padha nuding-nuding tumuju gisike segara kidul. Sabanjure ilang tumuju papringan sacedhake dalan gedhe.
Trimo sing pancen dhasare kendel banjur mbatin,
"Arep ana kedadeyan apa iki, kok racake dhemit-dhemit kaya dene gendruwo karo wewe sak anake pisan padha mlayu salang tunjang. Nganti tekan wancine subuh Trimo isih durung bisa merdekake kedadeyan nyalawadi kasebut.
Ing panggonan liya, Isnaini sing mapan ana ing wewengkon Imogiri uga ngrasakake kedadeyan nyalawadi uga. Bengi kuwi, sawenehe wedhus-wedhuse padha dene ngembek, ribut ora karuwan. Kanggo ngawekani bab-bab kang ora keduga, dheweke banjur metu karo nggawa senter lan penthungan kasti.
Saking jengkel kecampur wedi, Isnanini banjur mbengok sora!
"Mangsa bodho kowe arepa nangis sedina muput, nangis-nangisa.!"
Ujare karo mbesengut.
Nanging swara tangisan kasebut ora tambah mendha malah kepara tambah sora lan sing nangis banjur dadi akeh. Kaya dene koor nanging sing metu swara tangisan bebarengan...
Krungu swara kang tambah ndadra kasebut, Isnaini banjur tambah pating prinding. Dheweke banjur enggal-enggal mlebu ngomah karo mbengok,
"Kana nangisa sing seru, janji ora mangan wedhusku bae!"
"Dhemit elek... ngageti uwong ngaso bae, padha arep menyang ngendi kok dlajikan ora karu-karuwan...?"
Ujare sora karo nyawang wong-wong sing katon samar-samar iku lunga ngadoh.