Mohon tunggu...
Kresno Aji
Kresno Aji Mohon Tunggu... Freelancer - Linux & LaTeX Specialist

Baru saja menyelesaikan S2.\r\nSuatu keinginan untuk menulis di bidang sosial budaya, terutama budaya Jawa. Analisa politik ditulis dalam bahasa Inggris.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud Pilihan

Jenang Sengkala, Makna lan Prosesine

7 Agustus 2014   18:24 Diperbarui: 18 Juni 2015   04:10 392
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
1407385382264870174

Lumrahe wong urip ing ndonya iki, biasane sing digoleki arupa kamulyan, kawijayan lan kabagyan. Ewa dene ana kalamangsane kok ya isih kesandhung ing laku, mangka olehe mlaku ya wis dingati-ati.

Ing kahanan kaya ngene iki, menawa ing budaya Jawa, biyasane sing disambati ora liya ya mung Bapa klawan Biyung menawa isih kagungan, nyuwun donga suwuk, klawan pangestune. Ewa dene menawa wis dadi anak lola, gelem ora gelem ya kudu ditandangi dhewe. Cara lakune miturut adat Jawa bisa maneka warna, salah sijine yakuwi gawe jenang sengkala.

Jenang sengkala maknane kanggo mbuwang sengkala saka awake dhewe utawa kanggone kulawarga kang nembe nandang sengkala utawa sandhungane urip. Biasane katindakake pas malem wetone si bocah utawa kulawarga sing arep "diruwat". Mungguh kepiye nggawene jenang sengkala kaya mangkene:

1. Beras kanggo sataker, dipususi

2. Godhong pandhan salembar

3. Santen 1/4 klapa, utawa sak bungkus cilik (santen dadi)

4. Gula jawa sacukupe

5. Uyah sacukupe

Cara panggawene:

1. Beras diliwet kanthi banyu kang rada akeh, dicemplungi uyah sithik lan godhong pandhan sarta santen

2. Sawise mateng sedhiyanana takir (godhong pisang diwangun kothak) utawa cawan siji ae utawa manut jumlah kulawarga sing arep diruwat

3. Bubur putih disok nang cawan/takir sethithik, banjur sisane nang piring gedhe (kanggo dhahar)

4. Sisanana saithik kanggo gawe bubur abang, wenehana gula jawa sacukupe nganti rupane abang.

5. Disok ing sandhuwure takir/cawan, sisane diwadhahi piring (kanggo dhahar)

Menawa wis rada adhem, jenang sengkala sing ana takir gawanen nang latar, sadurunge dibuwang kanthenana mantra kaya kasebut ing ngisor iki:

"(Bismillahirrohmanirohim) ora mbuwang jenang sengkala nanging mbuwang sengkalane jabang bayine si.... "

sabanjure dibuwang nang latar.

Sisane didhahar bebarengan.

Nuwun

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun