ANGON KEWAN
Jare wong tua
Kabeh  satokewan ana sing angon
Awit sing gede tekan paling cilik
Sing katon jelas karo sing jelase kudu anggo alat
Uripe satokewan senenge grombolan
Dang digusah, gawe susah
Ngamuk neng dalan-dalan
Gawe wirang kaya nagih utang
Jagad karo isine pada wedi
karo wong sing ora duwe rai
Kewan mlaku anggo naluri
Ora bisa dipolitisi
apa maning diakali
Dang wis wayahe balik
Kewan-kewan  pada balik.
Ora jlalatan karo pendirangan
Meneng ana neng  kandang
Lukmanbbs KBC -29
Brebes 21 April 2020
KEWAN MENENG ANA NENG KANDANG
Dina kiye ana kewan pada ucul
Embuh sengaja diculna apa ucul dewek
Tapi engko balik, maning kandange
meneng, turu neng kono
Ngandang kewan
ora kur anggo utek tok
Anggo rasa
Ora susah dikintili
Apamaning dipecuti
Kewan nurut karo singandang
Sing duwe ilmune
Dadi batir ceteme
Anane kewan ngamuk
Dudu nggo sayembara
Tapi eben eling
Sabar karo waspada
KEWAN NGORMATI WULAN
Sing ngormati wulan mulya
Dudu mung menungsa
Para kewan melu pada mulyakena
Eben pada ngerti  makhluk sing taat
Kewan sing  pang balik
Aja diotak atik ngaggo politik
Eben katon endi sing apik
karo sing seneng gawe intrik
Masalah wis pragat
Sing dadekena negara mlarat
Pang tekanan wulan  mulya
Aja dicegat
mbokatan kualat
Wis dienteni wong sajagat
Yuuh..
Pada gawe seneng
Ndonga karo wong sing anteng
Aja pada metengteng
Mbokatan sing diwedeni saiki pada meteng
Nambah pikiran  peteng
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI