Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

176 CM

19 November 2022   11:11 Diperbarui: 19 November 2022   11:22 379
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: dokumen galeri pribadi

Jenengku Ayu, sing ayu mung jenengku thok senajan raine pas-pasan. Aku kudu pd utawa ora isinan amarga dhuwurku 176 cm. Arep kepiye maneh nduweni awak dhuwur ora bisa ndelik lan mesti ketok e. Aja maneh menawa ngadheg, kabeh blegerku katon saka ngendi-ngendi.

Mbiyen pancen aku rasa isinan merga jerawaten, rambutku dipotong cepak banjur guluku sisih mburi dadi ireng. Durung babagan klambi sing angel mathuke. Akeh-akehe motif sing dak senengi jebul ukurane kurang gedhe. Sidane sing dak tuku kuwi-kuwi wae. Mboseni! Menawa golek klambi apik kok ya kudu ndadak custom utawa golek klambi saka mancanegara.

Lha aku ora gableg duit kok kon tuku sandhangan sing larang. Eman tenan! Ngrumangsani nduwe awak gedhe dhuwur, pangananku uga akeh amarga wetengku amot sega sewakul. Wedak lan sabun uga luwih boros. Mula saka kuwi ora kleru menawa aku wonge dadi itung. Ora maksute dadi wong kikir utawa pelit, nanging penting bisa ngukur sakwernane miturut takeran.

Bengi iki aku nduwe karep arep sekatenan, luwih cethane arep ngawul. Iki sekaten lagi wae lekas mestine menawa ngawul isih akeh klambi sing apik-apik. Aku wis gawe daftar klambi kaya apa sing kudu dak olehake yaiku klambi kuning, klambi dawa kotak-kotak lan klambi rajut.

"Ngapa ngombe kuwi barang?" pitakone Tri meruhi aku ngombe K*k*bima rasa stroberi. Tri kuwi sedulurku sing sasate saben dina dolan ngomah.

"Ya ben rosa! Engko rebutan pas njupuk klambi, Tri. Aku gah kalah."

Saktenane aku ora perlu ngombe wedang suplemen utawa mangan akeh kanggo persiapan ngawul. Kanthi awakku sing dawa iku wis cukup kanggo menang rebutan klambi. Kawit SD kelas 4 aku wis ngawul. Eh malah keterusan nganti seprene. Rombeng hunter!

"Ngawul, Mbak!" tukang cilok sing dodol sanding kawul nganti apal. Biasane dodol karo anake lanang nanging saiki wis nyambut gawe ning Jakarta. Putrane jenenge Mas Ardi, sing rupane bagus, irunge mancung, lan dhuwure bisa ngimbangi aku. Apese Mas Ardi wis kagungan pacar kawit SMP tekan saiki ora enggal pedhot-pedhot.

Seje karo Tri. Dhuwure 155 cm kuwi wae kudu jinjit. Gek senengane nganggo klambi sing ngarepane gambar kartun gedi-gedi. Embuh kuwi Tom Jerry, Donald Bebek, Mickey Mouse nganti Barbie. Gumunku ngapa kudu kartun? Bengi iki wonge nganggo klambi abang ngarepane sulaman putri duyung.

"Andri mau ngawul nanging mbasan weruh kowe banjur nisih. Pacare mau sing klambi abang.....

"Ngarepku mau? Pantes!" Aku medhot omongane Tri. Wong wadon mau sing sajake mangkel amarga klambi rajut kedhisikan dak jupuk. Ya wong wadon iku sing gawe mandheg anggonku ngawul. Rambute mbak klambi abang kuwi ana tumane.

Andri iku mantanku telung sasi kepungkur kathik pacaran mung seminggu. Senajan bagus nanging rambute tumanen. Gumunku jaman saiki kok ya ana sing isih kerah tuma. Shampo gampang golekane, salon ana ngendi-ngendi kok bisa-bisane tuma ora ditambani. Dak kandhani yen sirahe akeh tumane malah njaluk pedhot tresna. Tujune mbiyen aku ora ketularan kerah tuma. Lah pacare sing saiki sing wis ketularan. Hiiiiii......

Kanthi dhuwurku 176 cm mestine bisa weruh ngendi-ngendi, mung gulune wae sing ora kaya manuk tunggak. Tri senajan cendik uga ana gunane. Yen aku ninguk kiwa, wonge sing namatake sisih tengen.

"Andri kae, Yuk. Gek tuku lutis." Tri nuding sisih kulon nganggo janggute. Aku banjur ninguk lan weruh Andri wis mendelik menciring kaya macan. Sajake wonge ngerti yen dak goleki.

Mumpung wonge ndelengake, tanganku banjur dak selehake sirah. Tumindak kaya wong sing sirahe kegatelen kerah tuma. Mbiyen-mbiyene nalika pisanan weruh Andri wonge katon resik lan wangi. Nalika wis dadi pacar senajan wangi lan pancen jinise pakulitane resik nanging rambute akeh tuma lan borok.

Andri katon gething. Mripate ora uwal nguwaske aku. Menawa Andri iku banteng mestine weruh aku kaya ndeleng gombal abang sing dikibar-kibarake.

"Wis ah! Kesel," kandhaku.

Aku lan Tri mulih. Dasare Tri wis bola-bali omong yen wis ngantuk. Jyaan! Tri iku wong lanang sing ora bisa diajak dolan wengi. Wonge ngantukan kaya kuthuk pitik sing wayah sore wis mapan turu. Menawa turu ora genah papan utawa nandi wae bisa dienggo ngglethak. Mula yen wis kadung dolan ning ngomahku lan keturon mesti sidane banjur nginep.

Saka cilik nganti saiki aku dadi bocah wadon sing kalebu dhuwur ning kelas lan sekolah. Malah kondhange amarga dhuwurku, dudu merga prestasi utawa babagan liyane. Ya iku sing rada gawe aku sok kesel. Kabeh-kabeh dikaitake marang awakku sing dhuwur. Ditelahi kaya bung sing gampang modot, nganti nalika padu karo pacar nggawa-nggawa awakku.

"Ego karo awakmu padha dhuwure!" kandhane Andhika karo nudingi raiku. Yen wis ngono kuwi sidane banjur pedhot tresna kaya adate.

Dadi wong dhuwur ora bisa ndelik. Mbiyen nalika dolanan delikan mesti aku sing kalah amarga anggonku ndelik ajek konangan. Nganti mangkel kekerepen jaga. Iku salah siji alesan ngapa ora seneng dolanan delikan utawa petak umpet.

Aku kawit mbiyen wonge menengan, ora akeh omongane lan ora seneng kluyuran. Ana sekolah kerep ning kelas, ning ngomah ya mung ning ngomah. Yen dolan mung lungguh pojokan karo ndelengake kanca liyane dolanan.

Sing dak sengiti yaiku pager sing ora guna, jendela etalase sing menawa aku liwat tetep katon. Jaman sekolah paling sengit nalika liwat ngarep kelas liya. Sing ning njero kelas tetep weruh aku, padha ninguk lan banjur muni, "Dhuwur tenan! Dhuwure pira ya kuwi?!"

Nganti gedhe semene perkara awakku sing dhuwur ora mandheg gawe werna-wernaning uripku. Ana lucune, ana sedih lan senenge. Dhisike aku seneng wong lanang sing pawakane rada cilik. Sajake katon imut-imut nanging banjur kapok mbasan aku pacaran karo Desta sing dhuwure sak irungku.

Sing gawe gilo lan kapok pacaran karo sing pawakane luwih cendik kurang luwihe kaya Desta yaiku antarane bonceng tetep kerah angin. Diboncengake Desta kaya nyetir nanging ora nggoceki stang. Kira-kira menawa aku mangan peyek, wonge bisa kerebelan remukane.

Yen kudanan aku sing nggoceki payung, menawa dalane lunyu utawa angel aku sing nuntun tangane munggah. Yen kelingan kok kaya momong balita. Sing gawe kapok yaiku nalika padu. Weruh Desta nyenthe karo nglenggak marakke aku trenyuh karo ngampet ngguyu. Aku milih ngalah anggone padu timbang weruh Desta namatake aku kaya weruh pelem arep dibandem.

Alesan keri dhewe sing dak anggep wadi, ngapa aku menengan lan wegah pacaran karo wong sing luwih cendak yaiku amarga nduweni masalah cangkem. Aku jinise wong sing nduweni abab mambu. Dadi sedhela-sedhela kudu kekemu nganggo pewangi supaya ora mambu. Salah sijining dina aku lali nggawa obat iku, lan dina kuwi aku padu karo Desta. Wonge nyenthe lan nglenggak ning ngarepku. Wektu iku aku wegah ngalah. Dak sauri werna-werna ora nggagas ababku nalika iku ambune ora karuan.

Mbasan mulih aku banjur nangis. Muntab lan kisinan. Apa maneh nalika Desta ngomongi alon-alon yen ababku mambu. Aku dikandhani kareben sikatan sing resik, kekemu siwak lan hambegan nganggo irung, dudu tutuk.

***

Pacarku saiki jenenge Mas Rian. Piyantune luwih dhuwur 7 cm saka aku. Dak trima kanthi seneng ati amarga angel ngolehake wong lanang sing mathuk. Senajan abab e uga mambu kathik Mas Rian wonge crewet.

Perkara abab mambu bisa dirampungake nganggo obat kekemu. Yen aku lali nggawa obat bisa njaluk obat kekemune Mas Rian sing wangi kopi utawa ijolan karo obatku sing wangi mawar. Jarene jodo iku kaya panci karo tutupe. Ya kira-kira kaya aku lan Mas Rian.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun