Dheweke ora nduwe upaya menging Bu Ana. Aku ora ngerti saktenane kepiye ananging nyatane ibune ora tau mandheg anggone ngece aku. Ibune uga wis lekas ngreka maneka werna kayata ngejak mangan bareng antarane Adrian lan wong wadon sing ngendikane pantes kanggo anake lanang. Jenenge Sabrina, pegawe BUMN sing ayu lan pinter.
Kasunyatane nuduhake tresna lan gemati marang anake ora cukup. Anggonku tahan diece seprana-seprene uga ora cukup gawe kahanan luwih apik, malah aku sing ajur lan kesel. Sakliyane iku sapa sing trima anake dipidak lan dipilara wong liya? Ibu lan bapakku ora bisa weruh anake wadon dipidak wong liya. Aku wis ajur, aja maneh wong tua lan keluargaku.
"Mas, wong tua mesti nduwe rereka sakapik-apike kanggo anake, kaya dene ibumu sing ora sarujuk marang sesambungane awakdhewe. Senajan njenengan sayang aku, nanging aku wegah sesambunganmu karo ibumu bubrah amarga aku."
"Dene aku uga perlu nggugu ngendikane wong tuaku sing dawuh nguwisi kabeh iki. Aja kepeksa! Wis wayahe awakdhewe ikhlas. Arep nguyak apa? Arep nemoni apa? Arep nunggu apa maneh?"
Adrian kawit dak ajak ketemu akeh olehe meneng. Ora wani namatake aku. Sajake wis mbedek yen mesti arep ana kahanan kaya ngeneki, pisahan. Ning njaba kana udan grimis riwis-riwis sansaya gawe kahanan atis lan nggerus.
"Mangga ditanggepi, Mas. Kareben cetha, ora ngawang-ngawang maneh." Aku rada meksa supaya Adrian aweh ukara.
Saben arep omong, lambene umak-umik kaya ana sing nyegat swara ning gulune. Tekan tengah wengi ora ana ukara sing kawetu saka lambene wong lanang sing baguse kaya Janaka iku.
"Ya wis menawa njenengen ora kersa ngendika. Dak anggep njenengen wis bisa mangerteni apa sing mau dak kandhakake. Aku ikhlas, Mas. Ayo dipungkasi sesambungan iki. Menawa njenengen durung bisa nampa omonganku. Dak jaluk pangertenmu, Mas." tuturku alon. "Dene iki pethukan keri dhewe kanggo awak dhewe. Bar iki nyuwun pangapura aku wegah pethuk njenengan maneh."
Aku gelem ora gelem teges wengi iku. "Ana sing arep njengenan ngendikake ora? Yen ora dak suwun njengenan enggal mulih. Aku uga arep ngaso. Sisuk aku budhal Jakarta arep kerja ning kana. Matur nuwun kanggo sakabehe. Muga mulya uripmu."
Adrian panggah meneng wae. Aku wegah kegawa kahanan sing ora cetha. Awakku wis menyat saka kursi, tangane Adrian nggoceki tanganku kenceng. Dyaarrr! Kaya bocah kebeler peso, kesandung watu lan dientup tawon. Adrian nangis. Aku nunggoni sawetara.
Nyatane tangise ora enggal mandheg. Wengi sansaya wengi, iki wis wayahe mulih lan ngaso. Aku pamit, dipethuk kakangku sing ngenteni ana ning caf seberang. Aku mulih!