Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Nyolong

19 April 2022   11:15 Diperbarui: 19 April 2022   11:23 417
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: dokumen galeri pribadi

Aku didhawuhi bendaraku nyolong ana salah sijine omah ning dalan Kaliurang. Jarene omah iku nyimpen duit lan emas. Pancen bener! Nalika aku tekan mburi omahe, ambu duit lan emas nyegrak ning irungku sing gawe nafsuku sansaya mumbul.

"Woy! Aku dhisik sing tekan kene!"

Aku krungu bengokan saka kadohan. Swara iku keprungu saka wit pelem ning cerak pager. Jebulna ana tuyul kathok ireng sing misuhi aku. Mripate menciring abang nginceng banda njero omah. Dheweke nggawa buntelan sing kayane kanggo wadah emas lan duit.

"Aku dhisik sing tekan kene. Anggonku nginceng omah iki wis kawit telung dina kepungkur. Kowe aja ndhisiki aku. Bendaraku bakal menehi tumbal menungsa menawa aku bisa nembus omah iku!" Tuyul Kathok Ireng iku ngatonake untu lan kukune sing kaya graji.

Senajan ujud tuyul ananging aku bisa mangerteni yen tuyul iki udu tuyul biasa. Tuyul iki sajake wis bisa diarani raja tuyul sing bisa ngolehake banda akeh marang bendarane. Dheweke uga bisa ganti ujud dadi pocong utawa sundel bolong, nanging panggah katon sirahe gundul. Apa ya ana pocong utawa sundel bolong kok gundul. Aneh!

"Huh cemen! Mosok nginceng telung dina ora bisa nembus. Kowe iku sing kethul," aku ngece Tuyul Kathok Ireng sing mliriki omah iku. " Iki udu perkara sapa sing dhisik tekan kene, nanging sapa sing bisa nembus omah iku lan njupuk bandane," ujarku.

"Kowe ngece aku telung dina ora bisa nembus. Deloken kae wis setahun punjul mung bisane nyawang omah iku thok!" Tuyul bisa nuduhake tuyul liyane sing warnane kuning. Jarene tuyul iku wis bola-bali mara rene ananging ora tau kasil apa-apa. Dina iki dadi dina pungkasan dheweke mara ning omah iki amarga bendarane akon golek omah liyane wae.

"Omah iki akeh sing nginceng. Ora mung kowe utawa aku sing pengin nyolong. Menawa kowe bisa nyolong iku wae ana sing tetep njaluk bagian colonganmu. Kae galo!" Tuyul Kathok Ireng nudingi kalong wewe sing gondal-gandul ning wit gori. Kawit mau ana swara sinden jebul ana kalong wewe.

"Halo Buto Ijo!!!! Sisuk yen kowe bisa nyolong omah iku, aku njaluk emase lho." Kalong wewe iku ngguyu kemayu. Mending-mending kuntilanak cerak omah sing resik lan wangi. Lha kalong wewe iku rada wagu. Sajake udu lanang udu wadon. Awake pawakan lanang nanging lagehane kemayu.

"Kowe kalong wewe banci pa?" pitakonku. Tuyul Kathok Ireng iku mlirik banjur narik tanganku. "Aja gawe kae nesu. Mengko kancane mara kabeh gawe anggone kene arep nyolong ora sida."

Kalong wewe nesu. Rupane serik karo aku sajak ora seneng dikandhakake banci. Pancen kalong wewe iku ora nduweni karep nyolong. Dheweke panggone ngisor kretek kulon omah. Dheweke mung seneng dolan. Jarene gabut!

Aku lan Tuyul Kathok Ireng mubeng-mubeng sedhela ning njaba pager omah. Sajake pancen akeh dedemit pesugihan sing nginceng bandane omah iki. Ana sing wujud menungsa simbah-simbah klambi abang sing kaya bakul jamu, nanging jebul sing digendong ning wadahe iku njerone balung. Ana tuyul nanging sirahe telu.

"Timbang sirahmu sing telu, mending tanganmu sing enem. Mengko luwih cepet anggonmu nyolong. Nek sirahmu telu kanggo apa? Kowe ora mikir kok!" ujarku ajak guyon.

Sajake wengi iki aku ora oleh apa-apa saka omah iku. Aku mung oleh emas segenggem anggonku nyolong saka dalan. Semono uga Tuyul Kathok Ireng. Dheweke uga wis nyolong dhisik sadurunge nginceng maneh omah iku. Wengi sansaya wengi, aku tetep panggah golek cara kanggo nembus omah iku. Teka-teka keprungu swara kresek-kresek saka pekarang sisih wetan.

Ana babi ngepet mendhak-mendha nyeraki omah. Dheweke weruh dedemit liyane mung meneng wae. Mlayu nggeblas menyang omah tanpa noleh kiwe tengen.

"Ra genah unggah-ungguh. Tak bedek celeng iku cilaka. Ora bisa ngukur kahanane mesti apes," kandhane kalong wewe. Swarane sing mau wadon kemayu malih swara lanang sing gagah. Aku noleh marang kalong wewe amarga gumun.

"Halo buto ijo!"

Asem! Swarane kemayu maneh.

Kalong wewe bajur crita menawa wis akeh babi ngepet sing njajal nembus omah iku ananging mesti kecekel lan apes. Tenan! Ora let suwe babi ngepet iku mlayu ngampet lara. Awake tinuncep pring sing gawe getih netes ana ngendi-ngendi. Ana mburine uga ana gerombolan tuyul sing keweden kaya diuyak. Aku lan Tuyul Kathok Ireng mung namatake kahanan karo deg-degan. Sajake omah iku angel ditembus. Apa maneh mbasan weruh Nyi Blorong wae mlayu kithir sinambi bengak-bengok gegatelen dikruyuk semut.

"Blorong kruyuk semut!"

"Aku wedi!" Tuyul Kathok Ireng teka-teka ngruket lan njaluk gendong aku. Watake kaya cah cilik sing keweden weruh coro.

"Asem! Maksute apa, Yul?!" Aku mbengok sakserone meruhi Tuyul Kathok Ireng ngompol. Kathok ireng sing rupane kaya omah tawon endhas iku ngumes banyu. Jan jenes tenan! Kemproh!

"Sing nduweni omah kuwi ora baen-baen. Piyantune wong kajen, ngibadahe kuat lan menawa mbok colongi ora bakal entek bandhane." Kalong wewe ngece aku lan dedemit liyane sing saben ndina mara mung kaya arep thethek.

Saka dina kuwi aku lan Tuyul Kathok Ireng dadi kanca. Kene kerep nyolong bareng. Kangsenan golek omah sing dadi sasaran utawa ijolan sajen.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun