Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Ngemis

13 September 2021   10:51 Diperbarui: 13 September 2021   10:50 769
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: dokumen galeri pribadi

"Kowe ngumbahake klambine wong mesti diwenehi wewangian ngene iki?" pitakonku marang Pigeon mbasan irungku ngambu wangi saka jerengan klambi langganane. Wangine ana sing mawar, lavender nganti cokelat.

"Ya mestine. Londriku iki payu amarga ana pilihan parfume. Anggonku ngumbahake uga resik lan temata." Pigeon mesem banjur siap pamer. "Anggonku ngumbah ora tak campur. Wangine arep apa bisa milih. Banjur menawa ana sing bolong utawa njaluk dibenekake bisa tak jahit."

Sajake kumbahane Pigeon akeh mula dheweke banjur lunga memburi kanggo ngumbai, ninggalake aku sing delag-deleg ana ngarepan warung londri.

"Kowe kuwi ya ngapa ta, Ngin?" pitakone Pigeon sakwise rampung ngumbai ananging gumun meruhi aku isih lungguhan.

Aku wis kadung mutung dina iki, wegah lelungan maneh tinimbang sansaya cuwa. Ya wis ora apa-apa menawa dina iki aku dianggep wae ora nduwe penghasilan. Rasane pancen gelo lan getir temenan. Dina iki targetku ora kecandak, mesti agawe targetku mbesuke sansaya abot. Aku wegah yen tahun iki closingan e luwih sethithik tinimbang tahun wingi. Tahun wingi mono amarga pandemi lagi njeblug. Ananging yen saiki kudune ora. Pandemi wis ora kena dikanggokake alesan ora target. Ora bisa!

"Langgananmu mung akon kowe ngumbahane iki, Geon?" Aku nudingi jerengan londrine Pigeon sing ming kaya-kaya ngumbah kacu lan serbet. Pigeon mesem. Dheweke sajake mangerteni yen aku gumun amarga saben dina warung londrine mesti rame ananging ora bakal yen mung ngumbahake kacu lan serbet.

"Yen klambi resik lan apik tak jereng nang kene iku resikone gedhe, Ngin." Pigeon mratelakake yen jerengan akeh sing diselehake lantai telu, yaiku papan sing aman kanggo njerengi klambi, utamane sandhangan sing larang regane.

Pancen sengaja ngono iku, amarga yen barang apik diselehake sanding dalan resikone gedhe. Bisa uga dijupuk wong sing ora nggenah, utawa gampang reget. Mula saka iku sing dijereng ning ngarepan mung sandangan sethithik lan ora barang larang. Adate mung kacu lan taplak meja.

"Aku mbiyen tau njereng setelan perlente ning ngarepan kene. Lagi wae tak tinggal mungkur sandhangan iku wis ilang dimaling wong. Malinge kayane wis nginceng. Kober-kobere ngukuti barang teles!" Pigeon cerita warna-warna ngenani londrine sing ora mung pisan pindho dimaling.

Sing agawe betah lungguhan ning ngarep warung londrine Pigeon yaiku wangi parfume sing enak lan ora gawe eneg. Aja maneh yen meruhi pelanggan londrine Pigeon akeh sing ayu lan bagus. Kathik bisa macit lan cuci mata. Ya iku caraku cuci mata saben ndinane lungguhan ning ngarep warunge Pigeon utawa namatake saka kadohan.

"Aku oleh ora yen njaluk parfum londri iku, Geon. Sethithik wae!" ujarku alon-alon.

Pigeon mesem getir. Raine Pigeon katon ora seneng marang aku. Aku banjur mundur, nglebokake gendul cilik iku ana tas maneh. Atiku ketar-ketir ngadhepi kahanan sing nembe pisan iki tak rasakake. Aku skawit mau uga lungguh ning ngarep meja, nunggoni Pigeon mbukak tudung panganan kareben aku diwenehi panganane. Sidane aku pamit mulih.

Kawit saka iku aku ora tau omong-omongan karo Pigeon maneh. Embuh apa sing gawe aku banjur segan uga wedi marang Pigeon lan keluargane.

Sadurunge dadi bojone Amir, Pigeon mbiyen panguripane padha kaya aku. Lunga isuk, mulih surup utawa wengi kanthi nggawa mulih butelan klambi lan bundelan cilik. Sedina-dinane urip ngluwihi artis sing padha golek duit ana TV. Bedane aku ora polah ning ngarepe kamera, ananging dunya iku langsung dadi panggung panguripan. Sedina-dina ngapusi lan nduweni niat ala kanggo colong jupuk.

Yen wong liyane dandan mlipis, klambine modis lan rapi ananging anggonku dandan serupa kaya wong ora kopen. Rambutku digawe awut-awutan, raiku tak wedhaki lebu lan tak semproti lengo kareben katon melas, klambiku kaya peresan kluban kathik tak bolong-bolong.

Aku tukang ngemis. Adate anggonku mangkal ana prapatan Boulevard. Menawa bosen aku mubeng-mubeng kutha ngiderake kaleng susu. Ider welas asih, nggota ngapusi dadi wong ora kopen, gelandangan kelaran kanthi sikil tak gawe dingklang, mripat merem rada cadok, lan mestine rupa kaliren.

Ngemis, iku caraku urip saben dina. Aku latihan ngemis kawit umur 6 tahun, diajari bapak ibuku sing uga tukang ngemis. Aja nyalahake aku sing tumekan saiki panggah dadi tukang ngemis. Ya pancen mung iku sing tak sinau saka bapak ibu lan lingkungan kampungku.

Nalika cilik aku ora kaya bocah adate sing bisa sekolah, nganggo sragam resik, maca buku uga ngitung angka. Sragamku klambi reget, ora sandalan, rupa melas, sikil dingklang. Yen padha pinter maca buku, aku pinter maca kahanan supaya bisa oleh okeh duit. Duit anggonku ngemis tak itung nalika wengi. Pancen ora rekasa, mung nyathungake tangan wis bisa oleh duit.

"Heheheee..... " Aku nudingi motor model paling anyar sing entas tak tuku. Iku saka kerja kerasku ngemis. Ya pancen kalah karo Pak Shaun sing bisa tuku mobil, ananging nduwe motor idaman wis gawe aku marem. Malah kepara sansaya gawe aku semangat ngemis. Aku uga pengin nduwe laptop supaya bisa ndelok You Tube.

"Ngin, arep masak gas e entek!" ngendikane Ibu karo aku sing teturon ana mburi omah. "Kana golek gas!"

Aku namatake Ibu wis siap masak, ngiris iwak lan gawe bumbon nanging apes gas e entek. Amarga wegah metu duit, sidane aku nyolong gas ning toko sebrang dalan. Sing nduwe toko iku wis sepuh lan bodho, ora pasang cctv. Dadi yen maling kaya aku arep nyolong mesti gampang.

Aku liwat ngarep warung londrine Pigeon. Dheweke kawit mau nyirami tanaman. Mbasan aku liwat nggawa gas, Pigeon mlirik katon yen ora seneng. Sajake dheweke ngerti yen gas iku colongan.

"Kowe panggah ora leren olehe urip kurang ajar, Ngin!"

Anggonku mlaku rikat. Menawa weruh Pigeon mesti gawe atiku kaya diiris, awaku dikuliti lan ususku dipelintir. Kelingan mbiyen Pigeon tau dadi kenya sing tak senengi, uga aku sing mulang dheweke ngemis lan colong jupuk. Ananging sidane padha urip ning dalane dhewe-dhewe. Saiki Pigeon wis dadi wong becik anggone urip lan golek duit, dene aku panggah nglakoni kriminalitas, ngemis, nyolong lan ngapusi.

"Ngin, gek mangan. Mengko banjur lunga. Kae alun-alun ana festival!"

Aku nangis ning njero kamar. Ngruket buntelan sing saben wengi tak sanding, buntelan isi klambi setelan perlente colonganku saka warung londrine Pigeon.

Aku uga pengin dadi wong apik. Srawung karo wong-wong sing bener. Mbangun omah-omah, nduweni keluarga sing ayem, bojo gemati lan anak-anak sregep sekolahe. Menawa nyambut gawe ya sing becik lan barokah.

"Bintang tamune penyanyi favoritmu, Ngin."

Aku sing dhisike wegah menyang alun-alun sidane budhal. Ora lali dandan lan kabeh uba rampene.

Sisuk meneh!

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun