Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Congkrahe Pitik lan Dara

8 September 2021   10:18 Diperbarui: 8 September 2021   10:28 977
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: dokumen galeri pribadi

"Heh! Aja nang ndalan," aloke Parjiman karo Jamilah. "Kana saba nang kebonan wae."

Prasasat Parjiman anggone omong ngono kuwi saben wayah, saben dina. Esuk, awan lan sore mesti keprungu Parjiman bengok-bengok ning pang pelem kanggo menging babon-babon pitik supaya ora padha ajak dolanan anake ana ndalan. Ananging dasare pancen ngeyel, babon-babon pitik iku ora ana sing nggugu.

"Yen ana motor ya kari minggir ta," Jamilah nyauri sinambi ngeker-eker uwuh ning cekere. Kuthuk-kuthuk sing isih manutan padha enggal nyucuki sakwernane sing kirane kena dipangan. "Mengko yen nang kebon malah isa dikerah garangan. Ya mending nang ndalan."

"Jamilah pancen bener ding." Monika ngimbuhi. Dheweke uga babon sing saiki anake wis umur 4 sasi ananging durung disapih. "Emange yen mengko kene bengok-bengok diuyak garangan kowe bisa nulungi?"

Mesti yen wis ngono kuwi banjur Parjiman diece amarga awake cilik mung kaya kapuk sing kanginan, kemitir kaya godhong tumiba ana lemah. Parjiman mlecu karo ngampet mangkel. Yen ditanggepi kesuwen sidane dheweke kudu ngalah karo babon-babon pitik sing padha ngeyel lan ora gelem disalahake.  

"Kok bojomu ora mbok kandhani ta, John?" pitakone Parjiman marang jago sing cuek, malah kepara melu-melu ana ndalan. "Mbok dikandhani lan diwenehi conto sing bener kareben ..... "

Parjiman ora sida nerusake omongan ngelingi John uga padha wae, malah luwih nemen. Jarene dolanan ning ndalan iku berarti adrenaline dhuwur lan atletis. Yen carane menungsa ana panjat tebing, marathon, nglangi nyebrang segara, surfing lan sapanunggalane, kanggo pitik cukup dolanan ning ndalan. Yen ana motor ethok-ethok cuek ananging menawa wis cerak banjur nyebrang.

Pitik-pitik cilik iku uga ora bakal ngono kuwi yen ora dicontoni karo sing tua. Pancen jago lan babon-babon iku ora nduwe kapok. Mengko ana anake sing mati utawa pincang sidane geneo nangis kejer. Ananging anggone dolanan ning ndalan ora dilereni. Lha banjur kepiye yen ngono kuwi?

Padha-padha sikil loro ananging pitik lan dara ora tau akur. Saben dina padu, ngece siji lan sijine. Mesti ana wae sing gawe congkrah, nganti babagan sing sepele wae dadi perkara.

"Ngapa kowe tekan lemah barang? Kowe kuwi ora oleh mencok lemah!" bengoke pitik. Dheweke banjur wadul marang kanca-kancane yen ana manuk dara mencok lemah.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun