Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Congkrahe Pitik lan Dara

8 September 2021   10:18 Diperbarui: 8 September 2021   10:28 977
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: dokumen galeri pribadi

Karepe dara iku mencoke ana pang-pangan wae, wilayah kekuasaane ning sisih ndhuwur. Sisih ngisor utawa lemah iku wilayah kekuasaane pitik. Mula dara yen arep mencok lemah kudu golek papan sing sepi, kirane ora ana pitik sing meruhi. Amarga yen konangan padha wegah anggone krungu pitik nesu lan misuh-misuh.

Pitik rumangsa awake luwih gedhe banjur ngece dara sing awake cilik. Dara dipadhakake karo coro. Bobote dara sing inthing diarani kapuk urip. Cucuke cilik diece ora aweh mangan sing atos-atos kareben ora bengkong utawa pothol. Yen bengkong utawa pothol mengko cucuk dara bisa kaya cangkem iwak banjur rupane kaya wedhus. Dara swarane mung lirih, ora bisa sero. Dadi pitik rumangsa menang babagan swara lan ukuran awak.

Dara rumangsa rupane luwih apik lan resikan. Anggone pinter mabur uga dadi bahan sesumbar karo pitik sing ora patio pinter mabur, bisane mung nglubuk. Swiwi pitik diarani ora guna. Pitik diunekake ora bisa mabur amarga gegedhen brutu.

"Tak kira yen babagan rupa pokoke dara sing menang," pungkase Satria, dara sing paling gagah. Dheweke nudingi Sofia, dara wadon sing banget ayune. Nganti jago-jago padha seneng namatake Sofia sing wulune putih alus, mripate kaya benik, menawa mlaku imut kaya kartun. Amarga Sofia iku, babon-babon pitik pada cemburu lan sengit marang dara-dawa wadon sing pating kelebat nggodani jago.

Dara lan pitik padu saben dina. Pancen ora tau tarung utawa antem-anteman watu, mung padha unek-unekan. Yen pitik kadung mangkel, mesti saben wayah muni terus supaya dara padha keganggu. Lan yen dara pengin males dendam, banjur padha mabur ana ning ndhuwure pitik lan ngising.

"Aku diisingi Sofia!" bengoke babon jenenge Vita sing wingi nguyak Sofia merga mencok ning sandinge Legolas, jago pujaanne.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun