"Wis! Njenengan kuwi rasah mara menyang omahku maneh, Mas," bengokku marang Mas Gendru utawa Andrew sing kawit surup nunggoni ana sanding wit sukun. Dheweke njaluk ketemu lan ajak rembugan ngenani kedadean wingine sore. Mestine dheweke wedi menawa aku cemburu apa kepiye. Ah embuh aku ora arep nggagas! Mas Andrew wis okeh anggone gawaku kuciwa lan mangan ati.
Lha piye kon ora jengkel coba? Pamite jarene arep ngewangi kancane nggusah manungsa sing seneng golek trenggiling ning pinggiran kali ananging jebule ndadak ndelok tledek ning njero desa nganti melu joget-joget barang. Menawa pamite cetha arep ndelok tledek, aku bakalane ya oleh. Mestine tak wanti-wanti supaya ora aing-aing lan mung ndelok wae. Ananging sewu siji sing gelem pamit ndelok tledek. Paling-paling lunga arep ronda ananging sidane mlipir mlebu njero desa utawa nggodani peri-peri ning grojogan Kemuning.
"Aku ngaku kleru. Ngapura luputku iki," ngendikane Mas Andrew sinambi mbiyak rambutku sing nutupi rai.
"Rasah dibiyak-biyak. Rupaku pancen elek, Mas. Aja dipadhakke karo peri utawa kenya desa sing mlenus-mlenus."
Mas Andrew malah ngguyu mrenges. Kaya-kaya siunge iku arep tak gepuk lan mripate sing sekambil pengin tak sunduk.
"Kowe kuwi ayu. Yen ora ayu aku ya wegah karo kowe."
Mas Andrew sansaya nyebahi. Aku sengit menawa dheweke mara menyang omah, mesti angel dikongkon mulih. Ambu bakaran jendal marakake aku pengin waing, lan senengane nggawa udut sing gedhene sak glugu. Kebule buleg ngalah-ngalahi gunung njeblug.
"Halah kowe kok le jual mahal." Pocong sing tunggu wit gedhang ngenyek aku sing kawit mau digodani Mas Andrew nanging panggah wegah, nganti Mas Andrew mulih wurung. "Ana sing gelem karo kowe kuwi kudune bersyukur lho."
Pocong sing aran Pucuf nuli nyeritakake nelangsane.
"Deloken aku sing kawit mbiyen mung dhewean. Gek kekancanku mung karo gedebog sing ora kena diajak guneman. Yen aku meruhi Pak Tani sing nduweni alas iki ya mung dideleng wae merga ora wedi karo aku. Yen aku meruhi warga, utamane kenya-kenya ayu mengko malah diusir. Kamangka aku iki jane pengin nduwe kanca utawa pacar sing kena diajak sambat sebut."
"Kowe kuwi ora bisa nduwe pacar, Cuf. Olehmu rangkulan arep kepiye? Gek kowe gandane ya banger."
Pucuf ora trima tak unekake ngono kuwi. Dheweke katon mangkel lan menthelengi aku.
"Yen ambumu wangi kuwi memper kowe ngunekake aku mambu. Lha kowe luwih mambu seka aku. Aku mono sing katon mung raiku, iku wae mung sethithik merga awakku kan buntelan. Lha kowe raine wis medeni, tangan sak sikile isih kanton. Gek klambimu rowak-rawek meneh. Hih! Ya memper nek Gendru seneng nggodani peri grojogan Kemuning utawa kenya desa." Pucuf ngunekake aku sakmareme. "Gek ngono wae isih jual mahal. Kaya ayu-ayuo kowe ki. Wewe gombel sing manggon ning wit sukun kok polahe ngalahi widodari khayangan. Rumangsa elek ora kowe ki?"
"Ning aku rumangsa yen Mas Andrew tresna marang aku."
"Pamer!" Pucuf sansaya mangkel. Dheweke pancen kancaku sing kerep tak ajak guneman. Kawit mbiyen pisanan pethukan, Pucuf ajeg sambat babagan nelangsane urip dhewean. Wis makaping-kaping tak tepangake kancaku ananging Pucuf mesti ora gelem. Kamangka olehku ngupayakake wis maneka warna wiwit saka Kuntilanak sing paling ayu nganti Genderuwo Wadon kancane Mas Andrew. Pucuf iku karepe golek pacar sing padha-padha poconge.
"Kembang gedhang kuwi wis megar urung, Cuf?" pitakonku. Pucuf malah ngguyu nyekakak.
"Kowe yen arep gawe parfum aja seka kembang gedhang. Kae ning alas sisih kulon ana kemuning, kenanga lan cempaka sing cetha wangine. Wah memper kowe kuwi mboko wis nganggo wewangi tetep ngganda."
Ora nggagas. Aku banjur njupuk ontong kembang gedhang ana sandinge Pucuf sing njingklik-njingklik arep ngganggu aku. Dheweke ngidoni aku ping pirang-pirang marakake raiku sansaya ireng.
"Aja ngganggu pacarku, Cuf!"
Keprungu swara sing penak ing kupingku. Kucire Pucuf dicekel saka ndhuwur. Pucuf kruget-kruget kaya uler jeruk njaluk ditibakake menyang lemah maneh. Pipiku malih abang jambon meruhi Mas Andrew mbelani aku. Jantungku rasa-rasane arep gogrok meruhi pregesane Mas Andrew sing bisa gawe atiku ayem. Siung gedhe-gedhe kaya watu kali, mripat abang mbranang kaya geni mbulat, pasuryan maskulin lan awak atletis. Yaiku genderuwo paling gagah kesayanganku, Mas Andrew utawa Mas Gendru.
"Kimberly, kowe ora nesu meneh karo aku ta?" pitakone Mas Andrew. Mas Andrew ngulungake sajen kembang kanthil pepak sak menyane. "Iki kanggo kowe."
"Njengengan so sweet, Mas. Aku sansaya sayang."
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H