"Na!" Keprungu ana wong nyelukake jenengku kanthi sero. Swarane Pak Jackson saka mburi omahe. Rasane aku pengin nangis merga wegah konangan menawa aku isih ana ing dhuwur wit rambutan kawit mau esuk.
"Na! Kowe kuwi ana ngendi? Kae galo digoleki adhimu," bengoke Pak Jackson liwat toa ning kebone. Aku banjur ngrasa gething marang adhiku, Dika. Mau iku bocahe tak ajaki crita kahananku liwat chatting supaya bisa urun rembug kareben aku bisa slamet. Ealah! Jebul malah gawe perkara.
Aku deg-degan nalika Pak Jackson mrana-mrene nggoleki aku, niliki wit-witan mboko siji. Wong lanang ning ngisorku mratelakake yen dheweke ora meruhi sapa-sapa ning kebon.
"Aku cuma sendirian dari tadi, Om," ujare wong lanang kaya Janaka iku. Oalah berarti iku wong kota, wong omongane nganggo bahasa Indonesia.
Pak Jackson meneng wae nalika meruhi aku lungguhan ning dhuwur wit rambutan. Aku bisane mung mesem mrenges ngampet isin lan ngelih. Pak Jackson katon ngampet ngguyu nalika lanangan kaya Janaka iku meruhi aku, ananging aku banjur ethok-ethok turu angles.
Tujune Pak Jackson pangerten. Dheweke mung meneng lan ngewangi anggonku reka-reka. "Na, tangi! Ora turu ning ndhuwur wit-witan!" bengoke Pak Jackson.
Aku uga api-api kaget banjur mudhun. Mripatku tak gawe sepet, kaya-kaya entas tangi turu temanan. Pak Jackson ngguyu nyekakak meruhi clathu-lakuku kang konyol. Wong lanang kaya Janaka iku mung namatake aku kang mesti diwawas nyleneh. Ah luweh! Penting aku wis kasil mundhun saka wit rambutan. Kanggoku, Pak Jackson iki mau pancen malaikat kang gelem nulungi aku.
"Iki ponakanku saka Jakarta, Na." Pak Jackson uga ngewangi anggonku nyopot kupluk maling kang mesti tak enggo nalika penekan.
 Mark kang maune katon wedi lan gilo sakawit mesem manis karo aku. Duh jan esemmu, Mas. Jantung lan atiku gogrok kaya kambil tumiba.
"Kamu jago banget manjat pohon, Na." Mark ngacungake jempol. Aku mesem ngampet ngguyu. Pipiku dadi jambon meruhi Mark kang baguse kaya Janaka, ananging aku mung Anoman Wati.
"Kok kamu bisa tidur di atas pohon? Nggak takut jatuh?" pitakone Mark. Aku meneng wae. Wegah nyauri, yen tak sauri mesti gawe Mark sansaya kepo kakean takon.