"Awakmu isih kesel merga nyapu uwuh godhong pelem ya, Na?" pitakone Indra.
"Kowe ki jebul nyebahi kok, Ndra."
Ana ing degan warna-warni iku Indra nulis cerita babagan wit-witan ning ngomahe. Sing nduweni karep wit rambutan lan pelem iku udu Pak Nardi, ananging Indra dhewe. Indra sing menging bapakne ngethok pang pelem ning nduwur latarku, amarga seneng weruh anggonku misuh-misuh saben dina. Weruh aku sansaya mangkel malah sansaya gawe Indra ngguyu seneng, mangkane pang pelem iku dijarne wae. Kepara saben isuk dieyot Indra kareben godhonge akeh sing gogrok ning latarku.
"Aku iki wong menengan, Na. Jaremu aku iki isinan kaya keong. Aku seneng kowe kuwi kawit mbiyen nanging urung arep omong, ndak kowe wegah kekancan karo aku. Makane aku nunggu awake dhewe padha dene dadi wong dewasa."
"Aku pancen menengan lan isinan kaya keong. Nanging aku wani mratelakake apa anane marang kowe. Aku uga wani ajak rembug tua, Na."
Aku ngulu idu, namatake Indra sing kawit mau mung nunggoni anggonku nyrutup es degan.
"Asem digodani tangga," ujarku.
"Aku ora guyon, Na." Dheweke meneng. "Kepiye?" pitakone alon.
"Kowe ngerti ora? Nyaponi latarku sisih kidul kae kesele ora ketulungan. Coba bayangna menawa aku nyapu seka latar omahku tekan kene iki. Isa remuk awakku! Urung isih ngrumat koi, bonsai, ....
"Ngrumat aku ...." Indra medhot ukaraku karo mesem.
Aku meneng wae sawetara kareben ora pati ketara anggonku ndredeg.