"Getun."
Senajan tatu, rasa getun iku mesti nyambangi ati. Getun merga isih ana rasa tresna lan eman. Getun kang gawe nangis, kangen utawa pengin balen marang sliramu.
"Aja getun."
Iku saiki dadi pitutur. Kudu nampa sakabehe kanthi sareh. Pancen wis pesthine menawa awake dhewe ketemu, sesrawungan lan pepisahan. Ora ana kang perlu digetuni maneh.
"Sing wis, ya wis. Ayo dipungkasi kanthi apik-apik."
Aku manthuk.
"Arep kepiye maneh? Ya wis."
Mripat papat iki panggah abang kabeh, ajeg mili banyu anget kang ora bisa disuwawa. Nangis ngiris ati siji lan sijine. Suwe ora pethuk ananging mbasan pethuk dadi pinandha menawa iki pethukan lan congkrah keri dhewe, uga anane janji anyar kang pungkasan.
Crita ambyarmu kepiye, Lur? Saiki wis ikhlas urung? Hhhee....
Yogyakarta, 23 Agustus 2020