Mohon tunggu...
Lina M
Lina M Mohon Tunggu... Lainnya - Wisteria

There's gonna be another mountain

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Jenengku Katrok!

12 Agustus 2020   10:15 Diperbarui: 9 September 2020   07:19 2874
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sumber gambar: dokumen foto pribadi

Tahun iki umurku ngancik seprapat abad kang nandhakake menawa aku dudu bocah maneh, wis dadi wong kang dewasa kanggo ngreka maneka warna. Babagan pendidikan, aku wis lulus kuliah S1 uda kara 2 tahun kepungkur saka salah sijine Universitas Negeri ning Jogja. Bab nyambut gawe, aku kari nerusake usahane Bapak yaiku ngurus pitik wiwit saka ngrumat endog, kuthuk nganti dadi daging dibumboni kang siap dipangan. Cekake usahane Bapak iku sakabehe urusan kang kaitane karo pitik.

Yen diwawas aku iki anak kang kapacak nerusake usaha kagungane Bapak. Kakangku kang mbarep dadi PNS ning Sleman, Mbak-ku trima dadi ibu rumah tangga lan melu simahe omah-omah ning Bantul. Adhiku ragil wiwit cilik wis ngatonake seneng anggone keceh lan ciblon, saiki wis keturutan dadi atlet renang. Aku kawit mbiyen ajeg diajak Bapak ewang-ewang ana kandhang, nganti sasate kekancanku mung karo pitik.

Bab kuwi uga bisa diwawas anggone Bapak Ibu olehe menehi jeneng anak-anake. Kakangku jenenge Nicholas Reyhan Baskara, sing saka jenenge wis katon ganteng lan modern. Mbakku jenenge Jennie Viena Sekar Kinasih, lan adhiku ragil Nikita Reza Atmaja. Mung aku dhewe kang nduweni jeneng katrok lan ndeso alias ndesit.

Jenengku Sutomo Pawiro Kanthong. Kanca-kancaku biasane nyelukake Suto, Tomo, Pawir, Wiro utawa Kanthong. Pokoke jenengku iku paling kuno tinimbang bocah liyane. Kanthong! Iku celukanku kang paling kondang. Biasane padha mlesetake dadi pisuhan. Ya wis ben!

"Gondes!" Kuwi celukan kang marakake aku percaya diri. Amarga lanangan ngendi wae kerep dicelukake Gondes

Aku bisane mung nampa jenengku kuwi apa anane. Menawa arep ganti jeneng kok rasa-rasane aleman, aku kuat kok ngadhepi kahanan. Nalika aku kenalan lan nyebutake jenengku, bisa dititeni yen wong-wong padha namatake aku sinambi mesem, katon padha mesakake wong lanang bagus kaya aku kok jenenge katrok. Jeneng kaya wong lairan tahun telung puluhan. Nganti kanca-kancaku senengane mbebeda aku kayata menehi hadiah kado arupa menyan, kembang kanthil, nganti udud lintingan merga aku iki dianggep leluhur kang ijik urip.

Bab katresnan aku ora banget-banget oleh e apes. Aku tau dadi lanangan kemaruk kang ora marem macari wadon siji, dolanan wadon kana-kene sak senengku. Ananging kabeh wadon iku mung sewates kenal lan pacaran ning Facebook utawa Twitter, olehe pedhot ya mung liwat chat cekak kang bisa gawe aku nangis seminggu.

Pacaran liwat sosial media iku pancen kewanen. Urung mesti bisa meruhi piyantune lan tindak-tanduke kaya ngapa. Ananging aku rumangsa luwih percaya diri amarga wadon-wadon gendhakanku padha ora meruhi jenengku kang saknyatane. Lha wong jeneng akunku wae apik tenan, Demian Reyhan Atmaja. Dasare rupaku ya bagus dadi gampang olehe wadon. Menawa wadon-wadon iku mangerteni jenengku Kanthong, ya embuh bakal padha percaya iku rupaku apa udu.

"Duh jan! Bagus-bagus jenenge Kanthong!" ujare Nimas, kanca kawit cilik kang dadi tresna pisananku. Bocahe ayu, pinter, rambut ngandan-andan, irung bangir, ananging menawa guneman saksenenge dhewe. Aku kerep diunekake werna-werna karo Nimas.

"Kowe kaya wedhus!"

Aku mambu banger amarga telung dina ora adus. Pikirku nembe weweg ngrumat pitik, sisan ora usah adus malah samben dina mangan turu ning kandang.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun