Mohon tunggu...
Lina Saptorini
Lina Saptorini Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa

Saya menyuakai hobi saya yaitu menulis yang akan saya buat konten dalam pembelajaran

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Mangerteni Jenis-jenise Pariwara

12 Juni 2023   17:20 Diperbarui: 12 Juni 2023   17:22 19861
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Dol tinuku iku kagjiyatan kamasarakatan kang wus tuwa banget umure. Wus wiwit jaman biyen kagiyatan kasebut wus katindakake dening masarakat. Jaman biyen katindakake kanthi ijol-ijolan dagangan utawa barter, nganti dikenalake dhuwit pinangka piranti pambayaran. Dol tinuku bisa luwih ringkes lan kepenak amarga dhuwit kasebut wus disarujuki aji lan pigunane. Wujude dhuwit ngalami owah-owahan wiwit jaman biyen nganti saiki, wiwit wujud fisik nganti tekan wujud virtual utawa digital kang bisa kagunakake kanggo dol tinuku kanthi cara online, yaiku kanthi migunakake sarana medhia internet.

Unsur kang nyengkuyung kagiyatan dol tinuku yaiku anane pehak kang dodol, ana barang kang didol, lan ana penak kang tuku. Proses kasebut dialami dening kabeh kang mlebu ing kagiyatan kasebut, nanging nyatane asil kang tinampa iku maneka warna. Ana kang laris dagangane. Ana kang durung laris. Ana kang nuku barang kang satemene dudu kang dikarepake amarga barang sing dikarepake ora ana. Ana uga kang bingung nggoleki barang kang dibutuhake ainarga ora mangerteni sapa kang dodol utawa ana ngendi bisa tuku larang kasebut. Kahanan kasebut bisa diwiradati, yaiku kanthi pariwara utawa iklan.

Pariwara utawa iklan iku kanggo menehi informasi ngenani apa bae kang ditawakake, bisa barang, jasa; informasi pagelaran kasenian, lowongan pagaweyan, lan liya-liyane. Pariwara bisa andadekake apa bae kang ditawakake bisa dimangerteni luwih akeh wong, dimangerteni ing tlatah kang luwih amba. Kanggone sing ambutuhake uga luwih gampang mangerteni, dadi bisa nemtokake pilihan,lan rencena luwih dhisik, kanthi mangkana bisa njumbuhake kalawan wektu lan dhuwit sing sumadiya. Apa maneh ing jaman kamajuwan kq,laman kang ngenalake wujude pasar lan kagiyatan dedagangan ing jagat maya, pariwara wus genah duwe pangaribawa kang luwih gedhe. Kajaba iku pariwarg bisa kagiyarake lan dimangerteni kanthi maneka cara. Mula saka iku becik lan migunani banget kita sinau babagan pariwari.

Tegese Pariwara/lklan

Pariwara utawa iklan yaiku tuilisan (bisa dikantheni gambar utawa swara) kang nawakake barang, jasa, utawa ajak-ajak. Nawakake tegese ngandhakake barang kang arep didol, kaluwihane apa, lan panganggone (cara nggunakake) kepriye. Dene ajak-ajak karepe ngajak supaya wong sing maca utawa krungu gelem nganggo kanthi cara tuku barang kang ditawakake.

Pariwara sing apik kudu bisa narik kawigatene calon pelanggan kanthi maca/krungu, mulane basane kudu pas utawa trep. Pilihan tembung lan ukarane kudu pas miturut pelanggan utawa pangsa pasar kang diincer.

Upamane sing diincer kalangan nom-noman, basane kudu nganggo basa gaul kang kulina digunakake nom-noman. Menawa kang diarah iku kalangan masarakat umum, ya nganggo basa kang umum. ukara pariwara kudu ringkes, cetha, cekak aos, lan narik kawigaten. Basane narik kawigaten, tetembungane bisa cumenthel ing pikirane kang maca supaya ora gampang lali banjur yen sawayah-wayah butuh barang kaya kang ditawakake enggal kelingan banjur tuku barang mau.

Jinis-Jinis Pariwara/lklan

lng jaman saiki, pariwara bisa kapacak ing ariwati, kalawarti, ana maneh sing lumantar radhio, TV, lan internet. lklan uga lumrah kaandharake liwat medhia cithak lan medhia elektronik. Medhia cithak bisa wujud selebaran, pamflet, baliho, ariwarti, lan kalawarti. Dene medhia elektronik yaiku televisi, radhio, lan internet. Ariwarti yaiku layang kabar kang metune/terbite saben dina. Kalawarti yaiku layang kabar kang metune/terbite kala mangsa, bisa seminggu pisan, setengah sasi pisan, utawa sesasi pisan. Perangan utawa jinise pariwara iku ana akeh, kajlentrehake ing ngisor, iki.

a.    Miturut Ancas utawa Tujuwane

1)   Pariwara/lklan Komersial

Pariwara komersial mengku tujuwan kanggo nawakake sawijine prodhuk barang lan jasa. Lire ndayani masarakat minangka pangsa pasar supaya ketarik, rumangsa butuh, lan wusanane gelem tuku utawa nggunakake barang lan jasa sing ditawakake. Tuladhane: iklan kang isine nawakake panganan, obat, klambi.

2)   Pariwara/lklan Layanan Masarakat

Pariwara utawa iklan layanan masarakat minangka perangan saka kampanye sosiyal kang tujuwane adol gagasan tanggo kepentingan sosiyal lan pelayanan tumrap masarakat. Biyasane arupa ajakan, granyatan, utawa imbauan marang masarakat kanggo nindak.ake utawa nyegah sawijining pakarti kanggo kepentingan umum. Tuladha pariwara utawa irlan rayanan masarakat, yaiku ajakan supaya ora mbuwang larahari sembarangan, milah larahan miturut jinise, nyegah perkawinan dini, milih kontestan tartamtu samangsa dianakake pemilihan.

b.   Miturut Fungsine

1)   Pariwara/iklan informatif, nduweni ciri-ciri kaya ing ngisor iki.

a)   Duwe pamrih kanggo nyiptakake kesadhalan, menehi informasi, lan ngenalake prodhuk anyar utawa njlentrehake keungiulan prodhuk sing wis ana.

b)   Menehi informasi manawa dumadi owah-owahan rega, kemasan utawa owah-owahan liyane turnrap prodhuk sing wis ana.

c)   Njlentrehake tata rakit sawijine prodhuk barang utawa jasa.

d)   Ngurangi rasa was sumelang tumrap konsumen samangsa dumadi owah-owahan tumrap prodhuk tinamtu

Mesthine kabeh mau kanthi tujuwan supaya konsumen ora banjur pindhah

marang prodhuk liyane.

2)   Pariwara/iklan persuasif, nduweni ciri kaya ing ngisor ikl

a)   Tujuwane kanggo narik kawigaten lan ndayani konsumen supaya ketarik marang prodhuk sing diiklanake

b)   Ngowahi persepsi konsumen, saengga sing maune ora kenal malih kenal, sing maune ora ketarik malih ketarik, sing maune antipati malih dadi ketagihan marang prodhuk sing diiklanake

c)   Ndayani marang konsumen sing pancen wis ketarik enggal tuku barang sing diiklanake.

3)   Pariwara/iklan reminder nduweni ciri-ciri kaya mangkene

a)   Tujuwane kanggo nggiring konsumen supaya enggal tuku prodhuk sing . diiklanake.

b)   Ngelingake konsumen manawa sawijine wektu bakal mbutuhake banget marang prodhuk sing diiklanake

c)   Ngelingake konsumen ing ngendi bisa tuku/golek barang sing dibutuhake

d)   Ngrangkut konsumen supaya tansah setya dadi konsumen prodhuk sing diiklanake.

c.   Miturut Medhia kang Digunakake kanggo Masang Pariwara/lklan

1)   Pariwara/iklan above the line, yaiku pariwara/iklan kang migunakake medhia massa. Tegese khalayak sasaran kang diancas jumlahe gedhe kanthi isi lan pesenkang kanggo wong akeh (serempak). Medhia kang kalebu kategori iki yaiku surat kabar, majalah, tabloid, televisi, film, radhio, lan internet:

2)   Pariwara/iklan below the line, iku iklan kang migunakake medhia khusus. Kang kalebu iklan jinis iki yaiku: leaflet, poster, spandhuk, baliho, bus panel, bus stop, point of purchase (POP), sticker, shop sign, flayers, display.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun