Dol tinuku iku kagjiyatan kamasarakatan kang wus tuwa banget umure. Wus wiwit jaman biyen kagiyatan kasebut wus katindakake dening masarakat. Jaman biyen katindakake kanthi ijol-ijolan dagangan utawa barter, nganti dikenalake dhuwit pinangka piranti pambayaran. Dol tinuku bisa luwih ringkes lan kepenak amarga dhuwit kasebut wus disarujuki aji lan pigunane. Wujude dhuwit ngalami owah-owahan wiwit jaman biyen nganti saiki, wiwit wujud fisik nganti tekan wujud virtual utawa digital kang bisa kagunakake kanggo dol tinuku kanthi cara online, yaiku kanthi migunakake sarana medhia internet.
Unsur kang nyengkuyung kagiyatan dol tinuku yaiku anane pehak kang dodol, ana barang kang didol, lan ana penak kang tuku. Proses kasebut dialami dening kabeh kang mlebu ing kagiyatan kasebut, nanging nyatane asil kang tinampa iku maneka warna. Ana kang laris dagangane. Ana kang durung laris. Ana kang nuku barang kang satemene dudu kang dikarepake amarga barang sing dikarepake ora ana. Ana uga kang bingung nggoleki barang kang dibutuhake ainarga ora mangerteni sapa kang dodol utawa ana ngendi bisa tuku larang kasebut. Kahanan kasebut bisa diwiradati, yaiku kanthi pariwara utawa iklan.
Pariwara utawa iklan iku kanggo menehi informasi ngenani apa bae kang ditawakake, bisa barang, jasa; informasi pagelaran kasenian, lowongan pagaweyan, lan liya-liyane. Pariwara bisa andadekake apa bae kang ditawakake bisa dimangerteni luwih akeh wong, dimangerteni ing tlatah kang luwih amba. Kanggone sing ambutuhake uga luwih gampang mangerteni, dadi bisa nemtokake pilihan,lan rencena luwih dhisik, kanthi mangkana bisa njumbuhake kalawan wektu lan dhuwit sing sumadiya. Apa maneh ing jaman kamajuwan kq,laman kang ngenalake wujude pasar lan kagiyatan dedagangan ing jagat maya, pariwara wus genah duwe pangaribawa kang luwih gedhe. Kajaba iku pariwarg bisa kagiyarake lan dimangerteni kanthi maneka cara. Mula saka iku becik lan migunani banget kita sinau babagan pariwari.
Tegese Pariwara/lklan
Pariwara utawa iklan yaiku tuilisan (bisa dikantheni gambar utawa swara) kang nawakake barang, jasa, utawa ajak-ajak. Nawakake tegese ngandhakake barang kang arep didol, kaluwihane apa, lan panganggone (cara nggunakake) kepriye. Dene ajak-ajak karepe ngajak supaya wong sing maca utawa krungu gelem nganggo kanthi cara tuku barang kang ditawakake.
Pariwara sing apik kudu bisa narik kawigatene calon pelanggan kanthi maca/krungu, mulane basane kudu pas utawa trep. Pilihan tembung lan ukarane kudu pas miturut pelanggan utawa pangsa pasar kang diincer.
Upamane sing diincer kalangan nom-noman, basane kudu nganggo basa gaul kang kulina digunakake nom-noman. Menawa kang diarah iku kalangan masarakat umum, ya nganggo basa kang umum. ukara pariwara kudu ringkes, cetha, cekak aos, lan narik kawigaten. Basane narik kawigaten, tetembungane bisa cumenthel ing pikirane kang maca supaya ora gampang lali banjur yen sawayah-wayah butuh barang kaya kang ditawakake enggal kelingan banjur tuku barang mau.
Jinis-Jinis Pariwara/lklan
lng jaman saiki, pariwara bisa kapacak ing ariwati, kalawarti, ana maneh sing lumantar radhio, TV, lan internet. lklan uga lumrah kaandharake liwat medhia cithak lan medhia elektronik. Medhia cithak bisa wujud selebaran, pamflet, baliho, ariwarti, lan kalawarti. Dene medhia elektronik yaiku televisi, radhio, lan internet. Ariwarti yaiku layang kabar kang metune/terbite saben dina. Kalawarti yaiku layang kabar kang metune/terbite kala mangsa, bisa seminggu pisan, setengah sasi pisan, utawa sesasi pisan. Perangan utawa jinise pariwara iku ana akeh, kajlentrehake ing ngisor, iki.
a. Â Â Miturut Ancas utawa Tujuwane
1) Â Pariwara/lklan Komersial