Mohon tunggu...
Lina Saptorini
Lina Saptorini Mohon Tunggu... Guru - Guru Bahasa Jawa

Saya menyuakai hobi saya yaitu menulis yang akan saya buat konten dalam pembelajaran

Selanjutnya

Tutup

Bahasa

Langkah Langkahe Kanggo Nulis Teks Pawarta Kang Trep Kanggo Mangerteni Kadadeyan Ana Ing Kasuhyatan

12 Juni 2023   09:26 Diperbarui: 12 Juni 2023   09:59 8548
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

"Dina iki kita nindakake program serangian vaksin ing Pakunjaran Blora, sing pranyata kabeh warga ing pusat tahanan kasebut durung divaksinasi," ujare. Saka pengamatan lapangan, jumlah tawahan ing Pakunjaran Kelas llB Blora yaiku 121 wong sing suntikan vaksin. Petugas kasebut ana 14 tawanan sing duwe masalah admiilistrasi amarga ora nduwe KTP.

"Nanging ora masalah. Sing genting vaksin luwih dhisik. Aku njaluk tulung karo masalah administrasi supaya pakunjaran njaluk data saka Dindukcapil," ujare.

(Kapethik saka: https://www.!iputan6.com/regional/read/4619419/107671-warga-blora-wis--disuntik-vaksin-covid-19)

. Kang mangkana amarga saka kamajuwan jaman utamane teknologi informasi lan telekomunikasi saha jaringan internet kang wus sumrambah ing kabeh wong lan.kabeh panggonan. Kajaba iku sapa bae bisa rnartakake pawarta ora kudu juru warta. Tuladha, nalika ing sawijining desa ana kagiyatan turnamen bal-balan antarkampung. Sapa bae warga kampung kasebut bisa mawartakake kedadeyan kasebut lumantar medhia sosiyal, banjur kedadeyan kasebut dimangerteni dening wong akeh ing njaban kampung. Kang mangkana iku wus kapetung pawada kang sumebar. Babagan sumebare pawarta malah ana kang sumebar kanthi cepet lan dadi kembang:lambe tumraping masarakat utawa kang kondhang kanthi tembung viral, cekakan saka virus virtuaL lku kabeh amarga saka dayane kamajuwan jaman.

Kamajuwan jarman iku duweni rong sisih kang padha landhepe. Siji bisa migunani lan sijine mitunani, kalebu ing babagan pawarta lan sumebare, mula saka iku kita kudu ngati-ati. Ngati-ati ing babagan nampa pawarta lan luwih ngati-ati maneh nalika ngirimake pawarta. Tumindak ngati-ati iku amarga,ora kabeh pawarta kang kita tampa iku bener lan adhedhasar kasuhyatan. Akeh pawarta kang mung gawe kisruh kahanan mula kita kudu ngati-ati supaya ora kajlomprong. Samana uga nalika ngirim pawarta, kudu dipestekake yen pawdrta kang kita kirim iku pancen pawarta kang bener, pener, adhedhasar kahanan kang sabenete, lan sing luwih wigati maneh yaiku pawartl kang migunani. Mula saka iku, becik tumrap kita nyinau babagan pawarta kaya kang kawedharake ing wulangan ngisor iki.

Satemene kang diarani pawarta/berita, kaya mangkene.

a. Palapuran prastawa nyala (kejadian faktual) utawa panemu (pendapat/opini) kang asifat wigati (penting) ing sawijining wektu, sarta dadi kawigatene wong akeh.

b. Apa bae kang durung nate dikrungu utawa diwaca sarta diweruhi/disumurupi.

c. Wedharan/uraian sawijining prastawa nyala (fakta) utawa panemu (pendapat/opini) kang dipacak/dimuat medhia massa.

d. Swasana anyar kang narik kawigaten, kang lumrah diarani trend.

Kang diarani pawarta iku kudu duwe watak sesipatan utawa ciri wanci kaya mangkene.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Bahasa Selengkapnya
Lihat Bahasa Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun