Mohon tunggu...
Lukito Lebdo Pitono
Lukito Lebdo Pitono Mohon Tunggu... Pengawas -

Supervisor

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Istighfar

2 Mei 2016   07:15 Diperbarui: 2 Mei 2016   07:20 35
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humaniora. Sumber ilustrasi: PEXELS/San Fermin Pamplona

Siapapun tidak dapat lepas dari salah, bahkan cenderung keji dan aniaya. Bisakah kita membebaskan diri dari belenggu itu untuk meraih ketenangan hati dan keluasan hidup, menyambut datangnya rejeki, mendapatkan ampunan dari salah dan aniaya yang diperbuatnya, terhindar dari konsekuensi perbuatan ina, dan mendapatkan derajat yang tinggi setelah kematiannya?

Para kadang kinasih, sedaya pepuji awit saking bleberan peparingipun Gusti Allah ingkang arupi werni-wernining  kanikmatan dhumateng kula panjenengan sedaya. Minangka wedharing raos syukur, mangga kula panjenengan ngindhakaken sesambungan wonten ngarsanipun Allah Azza wajalla kanthi ngindhakaken iman saha raos taqwa; ndadosaken saben obah lampah kula panjenengan mligi tumuju maring ridlanipun Allah. Shalawat saha salam mugiya tansah lumeber katur Rasulullah Muhammad saw., titah linangkung, minangka patuladhan, ingkang dados panutaning ummat sejagat mujudaken raos taqwa ing saklebeting gesang bebrayan saha ing saklebeting matrapaken yudha nagara.

Manungsa minangka makhluk ingkang nggadhahi akhlak, temtunipun nggadhahi kewajiban ingkang kedah dipunsembadani. Kewajiban kala wau nun inggih tumindak njagi akhlak sae saha nebihi akhlak awon. Kewajiban punika ingkang dados kekiyatan moral saking kaleksananipun akhlak ingkang sae sarta kalis saking tumindak awon. Tabiatipun manungsa nun inggih mboten suci saking kalepatan saha dosa. Ingkang maksum namung Rasulullah. Awit saking punika, rasulullah ngemutaken dhumateng kula panjenengan supados tansah nyuwun pangapunten sarta tobat maring Gusti Allah.

Para kadang kinasih, tobat saha istighfar punika minangka salah setunggaling amalan ingkang nuwuhaken ridlanipun Allah swt. dhumateng kula panjenengan. Senadyan toh Rasulullah Muhammad saw. sampun maksum, panjenenganipun tasih nyuwun pangapuntenipun Gusti Allah swt. Ing saklebeting sedinten panjenenganipun istighfar antawis kaping 70 ngantos dumugi 100 ambalan. Lajeng kados pundi mungguhing kula panjenengan ingkang mboten maksum? Gusti Allah swt.  dhawuh ingkang tegesipun:

“He wong-wong kang padha iman, tobata sira kabeh marang Allah kelawan tobat kang murni, muga-muga Pengeran ira kabeh bakal nutupi kesalahan-kesalahan ira kabeh lan ngebokkna ira kabeh ing ndalem swarga kang ana bengawan-bengawan padha mili ing ngisore, ...” (At Tahrim/66: 8).

Kathah kapitunan jalaran saking tumindak dosa, ing antawisipun: nebihaken pitulungipun Gusti Allah, gesang ingkang mboten berkah saha mboten manfaat, ndadosake risakipun wewengkon ing agesang sarta kasangsaran, ati ingkang tamah sahengga angel nampi bebener. Ewa dene makaten, Allah swt. mratelakake dosa saha kalepatan saagenga punapa kemawon saged dipunpangapura kanthi cara istighfar. Allah dhawuh ingkang tegesipun:

“Ngamanga sira Muhammad, ‘He kawula-kawula Ingsun kang kliwat wates ing atasae awak ira kabeh, aja nganti sira kabeh mopo saka rahmate Allah.’ Saktemene Allah kersa mangapura dosa-dosa ira kabeh. Satemene hiya Panjenengane kang Maha Mangapura saha Maha Welas Asih” (Az Zumar/39: 53).

Jamaah jumah ingkang dipunrahmati Allah, istighfar punika minangka amalan ingkang kathah manfaatipun, sae ing ndonya tuwin ing akhirat. Sakmboten-mbotenipun wonten 5 (gangsal) paedah istighfar.

Kapisan, istighfar saged ngicalaken kesusahan sarta rupegipun agesang. Ing saklebeting riwayat Ahmad, Rasulullah saw. ngendika, “Sapa wonge kang ngokeh-okehi istighfar, Allah arep ndadekake kalonggaran saka saben kesusahan, lan wewengan saka saben-saben karupegan.”

Kapindho,istighfar inggih punika minangka faktor wigatos datengipun rejeki. Allah dhawuh ingkang surasanipun:

“Pramila kula andharaken dhumateng piyambakipun sedaya, ‘Nyuwuna pangapunten dhumateng Pengeran sampeyan sedaya, satuhunipun Panjenenganipun punika Maha Mangapunten, mesthi Panjenenganipun badhe ngintunaken jawah ingkang deres dhumateng sampeyan sedaya, lan ngathahaken bandha lan putra-putra sampeyan sedaya sarta ndadosaken kebonan-kebonan lan maujudken ugi lelepenan  (ing saklebetipun) ...” (Nuh/71: 10-12).

Para kadang kinasih,ingkangkaping tiga, istighfar punika minangka sebab-sebab dibusekipun dosa saha kelepatan.  Qatadah ngendika, “Saktemene Al Quran wis nuduhke marang sira kabeh, atasing penyakit lan tambane. Penyakit ira kabeh yakuwi dosa,  ewadene tambane yakuwi istighfar.” Allah dhawuh ingkang wosipun:

“Sing sapa wae kang nglakoni laku cidra lan nganingaya pribadine, nuli nyuwun pangapura maring Allah, temtu dheweke bakal mangerteni yen Allah Maha Mangapura uga Maha Welas Asih” (An Nisaa’/4: 110).

 Kaping papat, istighfar saged menggak saha luput saking paukumanipun Allah. Istighfar minangka jalaran diangkatipun paukumanipun Allah sakderengipun paukuman kala wau dhumawah.  Allah dhawuh ingkang tegsipun:

“Lan Allah ora pisan-pisan bakal paring azab marang wong-wong mau, kamangka sira ana ing antarane dheweke. Lan (uga) Allah ora bakal paring azab marang wong-wong mau, nalika dheweke padha nyuwun pangapura” (Al Anfaal/8: 33).

Ingkang kaping gangsal, istighfar minangka sebab diangkatipun drajat saksampunipun sedan. Abu Hurairah ra. ngriwayataken  bilih Rasulullah ngendika, “Saktemene Allah ngangkat drajate kawulane ana ing suwarga. Banjur kawula kuwi nyuwun pirsa maring Allah, ‘Ya Rabb, saking pundi kula angsal drajat punika?’ Allah mangsuli, ‘Amarga panyuwunan pangapura saka anakmu kanggo awakmu!’” 

Hadirin Para kadang kinasih, saksampunipun kula pajenengan mangertosi wohipun istighfar, mangga kula panjenengan sami tansah nyuwun pangapunten saha mertobat maring Allah awit saking sedaya lepat sarta dosa kula panjenengan sedaya.

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun