Mohon tunggu...
Lukito Lebdo Pitono
Lukito Lebdo Pitono Mohon Tunggu... Pengawas -

Supervisor

Selanjutnya

Tutup

Humaniora

Jihadunnafs

2 Februari 2016   10:42 Diperbarui: 2 Februari 2016   10:42 46
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Humaniora. Sumber ilustrasi: PEXELS/San Fermin Pamplona

Jihad terbesar adalah perang dan pertempuran terhadap hawa nafsu. Perang terdahsyat tersebut merupakan perjuangan dan kesungguhan usaha dalam mengelola diri!

Para kadang kinasih, rikalanipun prastawa fathulmakkah, saksampunipun ngancik dinten ingkang kaping 19, sesarengan kaliyan para sahabatipun wonten ing Mekah saha rikalanipun enggal badhe kondur wonten Medinah, Rasulullah saw. ngendikan:

“Ora ana (kewajiban) hijrah sakwise pambukaning kutha Mekah, dene sing ana yakuwi kewajiban jihad lan niyat (apik), ewa dene awakmu didhawuhi metu ing palagan jihad, mula enggal menyanga!” (HR Bukhari & Muslim).

Setunggaling ulama maringi pangertosan jihad arupi ‘pangudi ngetabaken (upaya mengerahkan) sedaya tenaga, bandha donya saha pikiran kangge ngawonaken mengsah’. Gegandhengan kaliyan pangertosan punika, jihad kaperang dados tiga lan mungguhing umat Islam tiga-tiganipun minangka kuwajiban ingkang dilampahi; inggih punika: 1. Jihad ngadhepi mengsah ingkang nyata, 2. Jihad ngadhepi mengsah ingkang licik, inggih punika setan, 3. Jihad ngadhepi hawa nepsu ingkang manjing wonten ing diri pribadi kula panjenengan.

Ing kalodhangan punika keparenga kula badhe ngandharaken jihad ingkang angka 3 ingkang arupi jihadunnafs.

 Para sedherek sutresna, hawa nepsu punika minangka salah setunggaling mengsah ingkang sedaya manungsa mesthi bakal ngadhepi. Awit saking punika sampun sakpatutipun bilih kita kedah nyiagakake dhiri (priangga) kangge nglawan saha meper mengsah anami hawa nepsu. Malah ugi Rasulullah ngandharaken mbok bilih meper hawa nepsu punika minangka jihad ingkang ageng.

Rikalanipun kondur saking setunggaling adilaga (jihad) ingkang nggegirisi inggih punika Perang Badar, perang ingkang katemahan wanci tiyang Islam nembe ngayahi ibadah shaum Ramadhan sakengga kraos awrat saha ngedap-edapi, ing ngajengipun para sahabat, Rasulullah saw. ngendikan: “Raja’na minal jihadil asghar ila jihadil akbar”, ‘Aku lan kowe kabeh bali saka jihad cilik, arep tumuju jihad sing gedhe’. Midhanget pratelanipun Rasulullah saw. kasebat, para sahabat sanget gumunipun kambi mundhut pirsa, “Perang napa malih ingkang langkung nggegirisi ya Rasulullah?”, Rasulullah mangsuli, “Jihadunnafs” ‘jihad nglawan hawa nepsu’. Para sahabat mendel saha ketang-ketang ‘menyadari’ mendahneyan awrat saha angelipun nglawan mengsah ingkang wonten ing dhiri pribadhi.

Allah swt. dhawuh: “Mula ana toh tau sira ningali siji pawongan kang ndadekake hawa nepsune minangka pengerane, lan Allah ngumbarake dhewekne sasar adhedhasar ilmune [maksudipun Allah ngumbarake wong kuwi sasar amarga Allah wis pirsa yen toh wong kuwi mau ora nampa pituduh sing diwenehke marang dheweke] lan Allah wus ngunci mati pangrungon lan atine sarta ndelehake tutup ing atase pandelenge? Mula sapa toh kang bakal paring pituduh marang dhewekne sakwuse Allah (ngumbarake dhewekne dadi sasar?) Mula kena apa sira ora njupuk tepa tuladha?” (Al Jaatsiyah/45: 23)

Temen mendahneyan abote meper hawa nepsu apa maneh kanggone wong-wong kang wus nduweni anggepan yen toh kapinteran lan pangandel sing manjing ana ing pribadhine kuwi sajak wis peng-pengan. Kawontenan punika saktemenipun mratandhakaken yen toh tiyang ingkang makaten punika sampun ditelukke dening hawa nepsu. Bilih sampun makaten, temtunipun badhe angel nampi bebener, senajantoh bebener kala wau nggadhahi sumber ingkang soheh.

Kawontenan ingkang makaten punika laras kaliyan dhawuhipun Allah:  “Yen dituturke marang dheweke kabeh, “Ayo padha manut miturut apa sing diturunake Allah lan melu Rasul”, dheweke kabeh bakal sulaya: “Cukuplah untuk Kami apa yang Kami dapati bapak-bapak Kami mengerjakannya." Lan apatoh dheweke kabeh kuwi arep melu bibit kawite senajan toh para moyange mau ora ngerti apa-apa lan ora (uga) entuk pituduh?” (Al Maaidah/5: 104)

Awit saking awratipun mengsah hawa nepsu punika, mila Rasulullah saw. maringi paraban tiyang ingkang tanggon inggih punika tiyang ingkang saged ngendhaleni dhiri rikalanipun nembe nesu, kados dene dhawuhipun:  “Kakuwatane manungsa mono ora diukur saka kasektene rikalane gelut; anaging wong kuat yakuwi manungsa sing isa meper nepsune nalika nesu.” (HR Bukhari & Muslim).

Meper hawa nepsu ingkang manjing wonten ing dhiri kula panjenengan temtunipun mboten ateges namung dhumateng nepsu nesu kemawon, ananging ugi meper hawa nepsu ingkang njlomprongake kula panjenengan tumindak nyleweng utawi tumindak ingkang nrajang syariah.

Mendahneyan awratipun ananging pentingipun kula panjenengan kedah meper hawa nepsu, amargi arupi punapa kemawon wujudipun, ingkang naminipun nuruti hawa nepsu punika sakestu mitunani dhiri pribadi kula panjenengan sedaya.

Pungkasaning atur, mangga tansah ndonga, mugi Allah swt. nglebetaken kula panjenengan sedaya minangka mujahi-mujahid ingkang tanggon, amin ya rabbal ‘alamin.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humaniora Selengkapnya
Lihat Humaniora Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun