Mohon tunggu...
Lada Nahdliyah
Lada Nahdliyah Mohon Tunggu... Guru - Pengais barokah di PP Assalafi Miftahul Huda | SETIA Walisembilan Semarang

Hi there, it's my new account :) Hadir dalam kata yang tidak akan kamu temukan dalam kamus manapun~

Selanjutnya

Tutup

Ilmu Sosbud

Naskah Pembawa Acara Apitan Sedekah Bumi Bahasa Kromo Desa Ginggangtani, Kecamatan Gubug

25 Juni 2022   22:10 Diperbarui: 27 Juni 2022   07:44 6630
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Ilmu Sosbud dan Agama. Sumber ilustrasi: PEXELS

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته
بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْم الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْن وَبِهِ نَسْتَعِيْن عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْن وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِالْمُرْسَلِيْن وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْن . أَمَّا بَعْدُ

Wonten ngarsanipun poro alim ulama, poro kiyai ingkang tansah kito toati lan kito mulyaaken khususipun almukarrom Romo KH. Ahmad Zainudin saking Grobogan, Romo KH. Ahya Daroini, Romo KH. Zuhri Wafa Al-Hafidh, Romo KH. Fahmi Aqwa Al-Hafidh, Romo KH. Zadun Naja Al-Hafidh, soho poro masyayekh ingkang mboten saget kawulo sebat setunggal-setunggalipun.

Wonten ngarsanipun poro sesepuh, pinisepuh, ajisepuh soho poro pepunden ingkang dahat kinabekten.

Dumateng bapak muspika kecamatan gubug ingkang kawulo hormati

Dumateng Bapak Kepala desa Ginggangtani Bapak H. Bambang Purnomo, SH serto pejabat pemerintah Desa Ginggangtani ingkang kawulo hormati.

Dumateng sedoyo tamu undangan, poro bapak lan poro ibu hadirin hadirot rokhimakumulloh.

Sak derengipun adicoro kelaksanan, sumonggo kito muji syukur dumateng ngarsanipun Alloh SWT. Awit kanti lantaran rohmat soho ni'matipun, kito sedoyo saget makempal wonten ing meniko panggenan kangge memperingati acoro Sedekah bumi atawi apitan warga desa Ginggangtani, wonten ing siang meniko kanthi kawontenan sehat wal'afiat.

Sholawat soho salam, mugi-mugi tansah dipun haturaken dumateng ngarsanipun Nabi Agung Muhammad SAW. Panjenenganipun ingkang ngasto soho maringi syafa'at wonten ing dinten qiyamat. Mugi-mugi kito sedoyo dados ummat ingkang angsal syafa'at benjang wonten ing dinten qiyamat. Aamiin

Hadirin-hadirot ingkang minulyo. Kepareng matur bilih wonten ing mriki kawulo kajibah minangkani pranotocoro. Awit gegayutan kalian wekdal sak antawis siang, pramilo bade kawulo waosaken reraci-ing adicoro ingkang badhe lumampah wonten ing siang meniko:

1.Adicoro ingkang ongko setunggal inggih meniko pembukaan

2.Adicoro ingkang ongko kalih waosan ayat-ayat suci Al qur'an

3.Adicoro ingkang ongko tigo atur pembagyo (sambutan-sambutan)

4.Dene adicoro ingkang ongko sekawan istirohah

5.Adicoro ingkang ongko gangsal inggih meniko mauidzoh hasanah

6.Adicoro ingkang ongko enem inggih meniko do'a penutup

Mekaten kolowau menggah reraci-ing adicoro ingkang badhe lumampah wonten siang meniko. Pramilo sumonggo acoro ingkang ongko setunggal kito bikak sesarengan kanti washilah surat alfatihah, mugi-mugi acoro-acoro ingkang badhe kito lampahi mangkeh mboten wonten setunggalipun alangan punopo-punopo.

لِابْتِغَاءِ مَرْضَاتِ اللّٰهِ تَعَالَى وَلِشَفَاعَةِ رَسُوْلِ اللّٰهِ صَلَّى اللّٰهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلٰى مَانَوَى سَلَفُنَا الصَّالِح ... الفاتحه

Dumawah acoro ingkang ongko kalih inggih meniko waosan ayat-ayat suci Alqur'an, ingkang badhe dipun waosaken dening Mas Riyanto. dumateng panjenenganipun dipun sumangga-aken.

Kawulo haturken matur sembah nuwun

Lumebet adicoro ongko tigo inggih meniko atur pembagyo. Atur pembagyo ingkang ongko setunggal saking panitia, ingkang badhe dipun haturaken dening Bapak Ali Sodikin, S.Pd . dumateng Bapak Ali Sodikin, S.Pd wekdal soho panggenan dipun sumanggga-aken.

Kawulo haturaken gunging panuwun

Atur pembagyo ingkang ongko kalih saking kepala Desa Ginggangatani, ingkang badhe dipun sarerani dening Bapak H. Bambang Purnomo, SH dumateng Bapak H. Bambang Purnomo, SH wekdal soho panggenan dipun sumangga-aken.

Kawulo haturaken matur sembah nuwun.

Adicoro ingkang ongko sekawan istirohah (ingkang badhe dipun isi grup hadhroh jamuro) (Dumateng pamuladi kasuwun enggal angayahi jejibahanipun)

Hadirin-hadirot ingkang minulyo. Lumebet adicoro ingkang kito tenggo-tenggo inggih puniko mauidzoh hasanah, ingkang badhe dipun wedar sabda'aken dening panjenenganipun almukarrom Romo KH. Ahmad Zainudin saking Grobogan. Dumateng almukarrom Romo KH. Ahmad Zainudin saking Grobogan sasono dalah suasono kawulo aturaken sumonggo.

Dumateng almukarrom Romo KH. Ahmad Zainudin kawulo haturaken matur sembah nuwun.

Dungkap adicoro ingkang ongko enem nuwun inggih do'a, ingkang badhe kaberkahi dening Romo KH. Ahya Daroini.

Ananging sak derengipun do'a ka-aturaken, kawulo minongko pranotocoro hambok bilih wonten kasar sarunipun rembuk soho kirang trepsilaning atur, kawalo nyuwun samudro pangaksami

اخِرُ الكَلَامِ وَبِاللّٰهِ التَّوْفِيْقُ وَالْهِدَايَةُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللّٰهِ
والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Dumateng Romo KH. Ahya Daroini kawulo sumangga-aken

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
Mohon tunggu...

Lihat Konten Ilmu Sosbud Selengkapnya
Lihat Ilmu Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun