Duh wong ayu
Rembulan kang paring pepadang ing wengiku
Lintang kang paring dedalan ing lelakonku
Embun pangadem jroning panas ati
Mendung sing ngayomi saka panasing surya
Ndiko srikandiku
Ndiko pepujaning atiku
Tresnaku marang sliramu
Kaya beninging banyu
Kaya putihing susu
Kaya padanging surya
Kaya abanging getih
Kaya petenging wengi
sucineng katresnanku.
22 Maret 2011
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana. Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!