ANOMANE MATALI
Cerkak Banyumasan dening Ki Ali JN
Wetengane Sini wis mapag pitu. Kegawa bombonge wong agep duwe anak, peraupane Sini dadi katon mencorong nambahi ayune. Mbari ora bosen ngulati bojone, wengi kuwe Matali ngomongna karepe. Ngadegna umah limang taun kepungkur, merga ketungkul pahal mikirna butuh, banon umahe urung kober depajangi gambar apa-apaha. Sekiye mbareng pahale wis nemu dalan lan derasa temata, Matali kepengin masang lukisan wayang. Pancen Matali banget sengseme aring kesenian wayang.
“Apa dhuwite ana temenan sih, Pak?” Sini katon bodhone, genah kepengin tuku tolih nden anu ana dhuwite.
“Ya ora ketang semendhing wingi ana bathine tuku pari. Nanen ngko tukune ya sing ora patiya kegedhen. Sing penting wangun nggo pajangan.”
“Wayang apa sih, Pak?”
“Anoman.”
“Heh? Anoman? Ujarku lah Pendhawa Lima apa Wisanggeni kaya senengane rika. Ora kesliru sih, Pak?”
“Kesliru priwe, sih. Ya ora, lah.”
Sini ora mudheng. Angger Pendhawa Lima utawane Wisanggeni tolih kena dewangwangi, nyambi ngelus-elus wetengane, mbari ngarep-arep muga-muga si jabang bayi duwe watek satria. Lah angger Anoman? Hihhh..
“Aja Anoman tolih Pak, lah. Wayang kethek koh detukoni. Mringise kae, nin. Emut, Pak. Inyong agi ana isine. Amit-amit jabang bayi, ana nggone ana wite.”
“Iya sih, ningen malah merga ko agi meteng kuwe inyong kepengin masang Anoman. Ko tenang baen, aja kewatir. Mentakan temen inyong ora mikir gedug ngonoh. Malah ora mung tek pikir, ningen uga tek rasa. Nah, Anoman kuwe sing dadi pilihane inyong.”
“Mangsude derasa kepriwe? Rika leh gawe bingung.” Sini sing tambah ora mudheng dadi mrengut. Lambene degegeti dhewek.
“Wayang satria pancen patute detiru wateke, ningen wayang satria kae tolih anu lahir nemu wadhag begya, lair jebrol wis dadi menungsa luhur drajate. Lah Anoman tolih ko ngreti dhewek, kethek. Baen teyeng duwe drajat luhur. Mulane milih Anoman, kuwe supaya mbesuk anakke dhewek sugih rasa pengrasa lan rumangsa. Nggayuh drajat luhur senajan anakke wong cerementhe kaya penginyongan. Ngreti?”
Sini mengen. Omongane Matali derasa-rasa koh kaya mbingungi temen, ora genah pok buntute. Bojone sing pinter apa dheweke sing bodho. Bebeh mikir jero-jero, Sini nylimur rembug mbari ngelus-elus wetenge.
“Bodhoa ngonoh. Waton rikane ora pedhot nggulih muji aring Pengeran, supaya mbesuk anake dadi wong bener. Lanang kayane yah, Pak. Rungokna sih kiyeh. Nendange rosa banget.”
Matali manut baen aring bojone. Kupinge detempelna aring wetenge bojone. Mbareng Sini ngelus-elus sirahe, Matali mesem. Ana sing derasa, ana karep sing ndadak teka. Gentenan dheweke ngelus-elus tangane Sini. Prekara Anoman wis ora depikir maning.
“Wis wengi engan, yah. Turu baen, yuh.”
Sini menjep, nampel tangane sing lanang lirihan.
“Hiiihhh rika, leh. Soten aja kelarangen tukune ya, aja ngelong dhuwit sing nggo tukoni pari.”
“Iya, iya. Tenang baen.”
***
Matali kelakon majang lukisan Anoman. Sunggingan neng lumping wedhus kuwe katon apik, kelir putihe mencorong bener-bener kaya penyandrane dhalang, kadya kapuk dipun wusoni. Ruwang tamune dadi katon semanger. Sini sing ngrewangi masang semune ora patiya dhemen ndeleng mringise Anoman.
“Ora masang gambar liyane sih, Pak? Aja kur Anoman thok tolih, lah. Mringise kuwe, nain.”
“Lah ko kepengine gambar apa?”
“Ya apa. Apa presiden apa kiyai, apa artis sinetron apa penyanyi ndhangdhut. Apa lah, pokoke nggo batire Anoman.”
Matali malah haha hehe krungu penjaluke bojone.
“Akeh temen enggane. Apa ana senine sih masangi sing kaya kuwe? Apa ko senenge kuwe? Ya ndeleng ngesuk ngemben mbokan ana bathi jahat tolih teyeng tuku batire Anoman.”
Let seminggune Matali bali nggawa wayang Anoman maning. Dudu lukisan, ningen wayang kulit temenan. Sini dadi tambah mengene.
“Anoman maning? Rika dhuwit nggo mubahan, tukoni kethek. Eh, deneng kaya sejen yah? Padha nyrengese ningen congore lewih kandel, awake dhoyong ngarep.”
“Kiye Anoman Jogjahan. Matane loro. Apik, mbok? Tenang baen, kiye anu nglungsur aring batire Mas Widi. Ngreti seneng Anoman, adole aring inyong jan murah temenan. Jere idhep-idhep ana sing gelem ngrumat. Dadi sekiye Anomane loro. Sip!”
“Sap sip sap sip! Mol enggane inyong wetengan tuwa malah dewei batir kethek? Tuku tolih sing bagus, sing dewangwangi kuwe mbetahi. Apa Arjuna apa gambare bintang pilem.” Sini lambene mecucu. “Ngonoh pasang dhewek. Ngesuk inyong tukokna gambare bintang pilem! Angger ora tek buang kuwe ketheke. Temenan, yakin!”
Matali ora tuku omongane bojone.
“Anoman kuwe, yah, titise Bethara Guru sing mijil sekang Dewi Anjani. Wujude kethek putih ningen anake dewa. Uripe suwe kawit jaman Prabu Rama ngasi gedug Pendhawa Lima. Malah dadi gurune Gathotkaca mbarang. Anoman wateke satria, mbareng tua madeg pendhita aran Resi Mayangkara. Angger kethek baen teyeng kaya kuwe, kudune tolih menungsa teyeng lewih utama maning? Muga-muga anake dhewek wateke lewih utama tenimbang utamane Anoman. Mulane inyong kepengine masang Anoman baen.”
“Kaya ngreti-ngretia rika. Wong gunane panasan neng sawah koh ngomonge kaya iya-iyaha. Ya wis ngonoh, soten ora tukokna gambare bintang pilem ya tek buang wayang ketheke.”
“Estah. Gunane panasan neng sawah soten juragane inyong tolih wong kuliahan sing banget doyane aring wayang. Mas Widi kae senajan anakke wong sugih, tau kuliah, ningen ora kelalen karo keseniane wong jawa, budayane dhewek. Malah pangertene bab wayang jan akeh pisan, inyong cokan dekandhahi pirang-pirang. Ya Mas Widi kae sing aweh ngreti apa utamane Anoman, malah utamane bala kethek neng lakon Ramayana. Inyong precaya kandhahe Mas Widi kae ya anu ana larahane, ora waton thak-thuk asal gathuk. Genah sarjana, koh.”
“Sarjana koh ngemeki selipan. Sarjana tolih dadi pegawe, apa liyane sing kantoran. Sarjana bodho kewaregen wayang. Pokoke ngesuk tuku gambar bintang pilem!”
“Ko maning malah ngala-ala Mas Widi. Kepengin inyong liren apa kepriwe? Mbok ngreti dhuwite sapa sing nggo sangune inyong pahal? Busanu koh njanji manga temen congore. Patut sih ora!”
“Sih! Nyongor-nyongorna rika yah? Kepengin reang apa kepriwe jane?”
Matali ngrumangsani wis ngucap sing marakna bojone gela. Ningen karepe ora agep dewurungna. Anoman sing anyar agep depasang mengko angger bojone wis kendho jengkele. Sekiye, degamblangna anaha ya kurang begyane malah mung dadi padu. Keprungu tangga tolih ngisin-isinna, padu koh prekara kethek, wayang kethek. Matali klies metu, karepe agep nggolet batir nggo ndopok ngilangna sumpeg.
***
Seneng dhemen aring sewijine prekara kuwe aran lumrah, ningen angger depolna senenge cokan ora dadi lumrahe. Kaya Matali. Ngetutna rasa senenge, umahe selote kebek dening wayang kethek. Sewise Anomane loro, Matali masang maning wayang liyane. Kethek maning. Ana Subali, Sugriwa, Anila, Anggada, malah Kapi Jembawan ya ana. Nyrenges kabeh. Jalukane bojone ora deturuti. Angger Sini nakokna Matali mung semaya ngesuk utawane ngemben.
Ngasi mapag wetengan wolu, semayane Matali durung ana buktine. Mbari endhal-endhol ngelus-elus wetengane, Sini busanu rewes. “Tangi turu weruh wayang kethek, nyandhingna kopi decrengesi kethek. Nyapu detunggoni kethek. Umah koh kebek neng kethek. Inyong dadi giguh, wedi lan kewatir aring wetengane sing maju tuwa, Pak. Apora melas enggane?”
“Melas kepriwe, sih? Nyokot ya ora, koh. Ngewatirna apa? Mawia derasa sing ora-ora. Gari muji baen ngganuan bocahe mbesuk teyeng nggayuh watek luhur kaya kethek-ketheke Prabu Rama kuwe.”
“Watek luhur apane? Kethek ya kethek baen, aja depadhakna karo menungsa. Luhur tolih kyai, apa presiden apa sapa. Ndi gambar bintang pileme? Rika leh kur semaya-semaya thok. Mitro nggedebus!”
“Ora bintang pilem-bintang pileman. Ngapa, sih! Pilem tolih anu sandiwirya, dadi apik anaha ya angger agi neng pilem thok, pedinane ya urung karuan. Ko kepengin anakmu niru artis? Somelekete! Tidak bisa!”
“Rika leh senenge ngarah menange dhewek. Buangi kabeh mengko.”
“Seeehh… Debuangi? Kepenak temen, sih! Anane inyong masangi Anoman lan liya-liyane kuwe anu ndadak ngaji aring Mas Widi. Ora baen-baen kiye loh. Ngendikane Mas Widi, seneng wayang kuwe kudu ngreti aring pilosopise wayang, ora kur apal aran lan lakone melulu. Anoman lan wayang kethek liyane kuwe pilosopis banget. Ko degamblangna anaha ya mangsa mudhenga. Koleng tah iya.”
“Apa maning kuwe. Pilosopis? Pilosopis tai garing! Kethek ya kethek, mangsa lewih apik timbang menungsa.”
“Semaur baen ko, yah. Wis, orusah reang. Pokoke wani mbuang wayange, tau rasa mengko!”
Bebeh ngladheni omonge sing lanang, Sini mingser memburi mbari ndrememel dhewekan. Matali ora nggople, ndilek ngwangwangi wayang-wayange. Semanger. Mesam-mesem, atine marem banget. Ora nggliga aring kedadian sebanjure.
***
Anomane wis dedhunaken. Uga liyane kabeh. Matali wis teyeng nata batine sing maunen kemrungsung. Dekayangapaha, pituture wong tuwa ya kudu deregani. Senajan pinemune dhewek ya nganggo waton, ningen penyakrabawane wong akeh uga kudu degatekena. Arane brayan tolih ora kur nggugu benere dhewek.
Wis ana telung dina kiye Sini bali aring umahe bapane. Murina ora detuku omonge dening Matali, dheweke wadul jere wetengan tua gunane depringisi kethek. Sing dewaduli gagiyan baen gipyak marani Matali. Anak karo bapa padha baen, ora sreg aring senengane Matali.
“Jane karepmu apa sih, Li? Kethek semene akehe kuwe mangsude apa? Ngasi Si Sini giguh, wedi, saben dina gunane decrengesi kethek. Gambar liyane tolih kena. Apa baen, waton aja wayang kethek. Sing eman aring bojo. De ana melase. Nain mbokan anakmu mbesuk koh…hhh…nangudubilahimindalik! Aja kaya kuwe, Li!”
“Ngapuntene, Pa. Bapane ampun maido dhisit. Kados niki. Jane wayang ketheke kula niku anu ngge pengeling-eling. Kethek ningen sanes kethek brekasakan. Kethek sing gadhah watek satria netepi dharmaning kautaman. Sami purun dados srayanipun Prabu Rama numpes Dasamuka. Malah Anoman mawon mbareng tuwa dadi pendhita. Songkenen kethek baen nduweni kautaman kados niku, menungsane tolih kudune lewih sae malih?”
“Dadi putune inyong agep kon ngaji aring kethek? Agep kon kaya kethek? Mbok ko ngreti angger menungsa kuwe lewih mulya drajate, duwe akal budi ketimbang kewan? Ora mlekara petha temen enggane! Ngaji tolih aring menungsa, mawia wayang-wayangan. Wong angger gunane kewaregen wayang ya kaya kuwe dadine. Ora olih neng inyong! Kuwe wayange dedhuna kabeh. Ganti karo gambare menungsa. Apa presiden apa sapa sing ko seneng. Manut aring wong tua! Ora manut ya Si Sini ora olih bali ngeneh. Sepangan-pangane ya ana ikih neng kana.”
Matali paham angger bapa mertuwane kuwe pancen banget emane aring Sini. Dadi degamblangna pirang-pirang anaha ya bakal adoh pinujune. Mbangkan Matali kemutan Mas Widi tau ngendika jere bala kethek neng lakon Ramayana kae minangka prelambang menawa menungsa angger agi ngudi gegayuha luhur kuwe kudu gelem lan miwiti sekang ngisor, klebu watek sing ngisor dhewek, wateke kewan. Watek kuwe ora kudu kabeh debirat apamaning depateni, ningen uga kudu teyeng deupakara dadi kekuwatane raga kanggo ngadhepi urip. Kurang sekti apa Prabu Rama sing titise Wisnu Binathara? Paribasan agep jomplangna segara malik jagad seisine ya mung sakedheping netra, ningen kenangapa megin butuh bala wanara? Mesthi ana sing dekarepna. Ana sing kudu degoleti dhewek dening menungsa sing pada maca lakon Ramayana kuwe.
Matali nglegeg. Angger ora kena masang gambare Anoman lan wayang kethek liyane, agap masang apa mengkone?[]
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H