“Sap sip sap sip! Mol enggane inyong wetengan tuwa malah dewei batir kethek? Tuku tolih sing bagus, sing dewangwangi kuwe mbetahi. Apa Arjuna apa gambare bintang pilem.” Sini lambene mecucu. “Ngonoh pasang dhewek. Ngesuk inyong tukokna gambare bintang pilem! Angger ora tek buang kuwe ketheke. Temenan, yakin!”
Matali ora tuku omongane bojone.
“Anoman kuwe, yah, titise Bethara Guru sing mijil sekang Dewi Anjani. Wujude kethek putih ningen anake dewa. Uripe suwe kawit jaman Prabu Rama ngasi gedug Pendhawa Lima. Malah dadi gurune Gathotkaca mbarang. Anoman wateke satria, mbareng tua madeg pendhita aran Resi Mayangkara. Angger kethek baen teyeng kaya kuwe, kudune tolih menungsa teyeng lewih utama maning? Muga-muga anake dhewek wateke lewih utama tenimbang utamane Anoman. Mulane inyong kepengine masang Anoman baen.”
“Kaya ngreti-ngretia rika. Wong gunane panasan neng sawah koh ngomonge kaya iya-iyaha. Ya wis ngonoh, soten ora tukokna gambare bintang pilem ya tek buang wayang ketheke.”
“Estah. Gunane panasan neng sawah soten juragane inyong tolih wong kuliahan sing banget doyane aring wayang. Mas Widi kae senajan anakke wong sugih, tau kuliah, ningen ora kelalen karo keseniane wong jawa, budayane dhewek. Malah pangertene bab wayang jan akeh pisan, inyong cokan dekandhahi pirang-pirang. Ya Mas Widi kae sing aweh ngreti apa utamane Anoman, malah utamane bala kethek neng lakon Ramayana. Inyong precaya kandhahe Mas Widi kae ya anu ana larahane, ora waton thak-thuk asal gathuk. Genah sarjana, koh.”
“Sarjana koh ngemeki selipan. Sarjana tolih dadi pegawe, apa liyane sing kantoran. Sarjana bodho kewaregen wayang. Pokoke ngesuk tuku gambar bintang pilem!”
“Ko maning malah ngala-ala Mas Widi. Kepengin inyong liren apa kepriwe? Mbok ngreti dhuwite sapa sing nggo sangune inyong pahal? Busanu koh njanji manga temen congore. Patut sih ora!”
“Sih! Nyongor-nyongorna rika yah? Kepengin reang apa kepriwe jane?”
Matali ngrumangsani wis ngucap sing marakna bojone gela. Ningen karepe ora agep dewurungna. Anoman sing anyar agep depasang mengko angger bojone wis kendho jengkele. Sekiye, degamblangna anaha ya kurang begyane malah mung dadi padu. Keprungu tangga tolih ngisin-isinna, padu koh prekara kethek, wayang kethek. Matali klies metu, karepe agep nggolet batir nggo ndopok ngilangna sumpeg.
***
Seneng dhemen aring sewijine prekara kuwe aran lumrah, ningen angger depolna senenge cokan ora dadi lumrahe. Kaya Matali. Ngetutna rasa senenge, umahe selote kebek dening wayang kethek. Sewise Anomane loro, Matali masang maning wayang liyane. Kethek maning. Ana Subali, Sugriwa, Anila, Anggada, malah Kapi Jembawan ya ana. Nyrenges kabeh. Jalukane bojone ora deturuti. Angger Sini nakokna Matali mung semaya ngesuk utawane ngemben.