Bragggg!!! Guru Sunar ngetab meja. Kopi sandhingane sing megin wutuh kocret. Mbari mendelik, tangane decungna maning aring Rawud. Man Ratam sing agi udud ngasi kapiselek nguntal kukus saking ngrajuge.
“Kementhus jane, yah! Dewei ora dadi ketrimane. Jembreng gobogmu, Wud! Inyong kuwe iklas aweh baju koko aring ko. Kudune ya deana trimakasihe. Liyane padha gelem nganggo, ko dhewek-dhewek ora. Tolih mbokan darani inyong karo ko agi ana kepriwe-kepriwe? Mirang-mirangna inyong kuwe arane, Wud! Wirang inyong! Jane ko wis ora duwe rikuh aring inyong apa kepriwe? Apa ko dhewek-dhewek agep melu ngalor? Ko aja udud baen, Tam! Sumpeg, ngreti?”
Dheg! Rawud wis paham. Cempuleke ya jog aring pilihan baen. Brarti dhayoh papat kuwe genahe ya agep ngari-arih supaya dheweke gelem melu ngidul, milih Pak Bau. Pilihane wis enggal, sewulan maning. Ningen gari Rawud thok sing urung tau ngendhong aring kebaon. Mesthi baen angger ngasi Rawud melu ngalor, milih lurah sing lawas, Pak Guru Sunar rumangsa wirang. Bisa dearani ora teyeng nelukna tanggane dhewek.
“Loh, deneng malah dados prekawis melu ngaler? Angger prekawis niku tah, jan, ngapuntene mawon.. Kula tiyang bodho, tiyang mlarat. Ningen kula nggih gadhah pinemu piyambak, duwe pilihan dhewek. Kula mboten nginten angger Eyange sekaliyan rawuh mriki niku badhe ngrempag prekawis pilihan. Kula kinten estu prekawis udhengane kula. Ngapuntene mawon. Sekedhap, Pak Guru.” Rawud semaur madan atos.
Pak Guru Sunar wis agep nyaut omong, ningen Rawud menyat mlebung senthong. Metune nyangking bungkusan plastik, deanyorna aring Gurune. Mbari nglirik aring Eyang Kanap lan Pak Sanrakum, Rawud ngomong kambi njanggleng. “Niki, Pak Guru. Maturkesuwun sanget kula sampun deparingi. Ningen pangapuntene niki kula wangsulaken malih. Mbokan kula dados tiyang sing keloloden kepotangan budi.”
Man Ratam sing miki desengap Gurune mlongo cangkeme. Enggane megin udud kayane kapiselek maning. Eyang Kanap karo Pak Sanrakum nglegeg. Padha krasa simbingane Rawud jere wis padha keloloden. Ora ngira Rawud bakalan wani blag-blagan kaya kuwe. Kabeh ngenteni agep kepriwe Pak Guru Sunar.
Sing deanyori ora gagiyan nampani. Ilate kaku. Atine medhudhug pisan. Wirang. Ora nggople aring sing deanyorna, Pak Guru Sunar menyat. Ora pamitan ora salaman gagiyan baen klius metu. Bali. Wong telu liyane nututi, ngudag sing wis nguclu ndhisiti.
Rawud sing detinggal keri melu metu mbari ngudhari klambine. Neng ndhuwur, langite katon peteng dening mendhung. Hawane sumuk, bringsang temenan.[]
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H