Rawud ora gagiyan semaur. Batine sing dheg-dhegan detata. Dudu dheg-dhegane wong sing agep ngomong dora, mungkir ora ngakoni maring tumindake, utawane kebingungen ora ngreti agep semaur apa. Genah sing diadhepi kuwe wong-wong sing kulina deajeni, debasani, sing apa karep lan ngendikane mung nemu inggih, inggih lan inggih. Ora pas nggulih matur, luput katuranggane malah dadi ramene mengko.
“Nggih, kula tampi ngendikane Eyange lan ugi Pak Guru. Katuran Eyange, panci leres kula angger jemuahan niku ngangge iket, mboten kuplukan. Niku pancen sengaja kangge gantine kupluk niku. Sengretose kula kupluk niku namung ngge nutupi sirah, khususipun rambut supados mboten ngangel-angeli angger agi sujud. Kupluk kula nggih gadhah jane, ningen khusus kangge jemuahan kula langkung seneng ngangge iket. Kados niku jane, Eyang. Ampun mastani kados dhukun.
Lan katuran Pak Guru, nuwunsewu. Nggih kula pancen mboten nate ngangge baju koko angger jemuahan. Kula langkung seneng bathikan utawi klambi sanese waton resik lan patut kangge jemuahan. Dados baju koko paringane Pak Guru nggih nika namung kula benahi, malah taksih wetah seplastik bungkuse. Kula nggih ngaturaken maturkesuwuuuuun sanget sampun diparingi.
Kados niku. Nuwun sewu, niku mangga, lah. Dikersaaken unjukane.” Rawud dawa semaure mbari ngaturi maning wedang kopi sing kawit mau ora desenggol acan.
“Lah, gari nganggo sih ngapah? Liyane baen ya padha gelem nganggo, padha ngregani aring inyong. Gemagus temen enggane, ko. Ngenyek, yah…”, Ora nggople detawani unjukan, Pak Guru Sunar langsung baen mancak semaure Rawud. Awake dedhoyongna ngarep, tangane ngecung raine Rawud. Sing decungi ngrajug, sekreyepan katon srengate ora bombong.
Pak Sanrakum sing kawit mau mung sendhean nyekeli lengene korsi, nyenggol tangan kiwene Gurune. Karepe ngadhem-adhemi. Sing deluthik manut, sendhean mbari sedhakep semune megin kemrokot atine. Eyang Kanap sing neng tengen Gurune mung dhehem semendhing. Rawud meneng baen, ngenteni agep kepriwe maning karepe dhayoh. Man Ratam sing jere dadi RT kaya ora idhep ntolol, malah nyumed udud maning. Kukuse mulek-mulek nambahi sumpege kahanan.
Pak Sanrakum njajal ngendhoni swasana.
“Jane kaya kiye, Wud. Kepriwe angger ko ngumumi baen. Sepira abote wong kuplukan, sepira angele wong baju kokoan? Kaya semaure ko miki, iket-iketan ya gunane padha baen karo kuplukan, baju kokoan ya nden ora beda karo bathikan. Malah katone lewih maen, lewih nyantri. Cara tipine kae tolih jere lewih religius. Bathikan tah kaya wong agep kondangan ujarku. Kepriwe, Wud? Gelem, mbok?”
Eyang Kanap manthuk-manthuk semune cocog karo ngendikane Pak Sanrakum. Pak Guru Sunar ora sedhakep maning, bombong atine ngreti carane Pak Sanrakum ngeluk karepe Rawud sing dianggep wangkot. Man Ratam numpangna sikile tengen, udude katon ngemat pisan.
Rawud nata njagonge. Dheweke krasa angger dhayohe kiye ora agep gelem kalah.
“Nuwunsewu. Jane kula udhengan niku namung kepengin lewih krasa jawane. Neng pinemune kula, tiyang ngibadah niku mboten saged kaukur kalih kupluke napadene sorbane utawine baju kokone. Wong nika teng tipi mawon tolih katon angger sing jere padha korupsi baen ya padha kuplukan, sing wadon ya padha kudhungan. Eh, kula sih tiyang bodho, mboten ngretos ngkana-ngkanane. Ningen nggih niku, srege kula angger jemuahan niku nggih udhengan. Ewadene liyane agep padha nganggo kupluk, baju koko, napadene jubahan rapet kaya wong arab nika nggih mangga. Kula sing mboten doyan nggih jawahan mawon. Insyaallah kula mboten kepengin ngangge baju koko.”