Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Catatan

Critane "Sewise Grubugan" dadi "Grubugan"

16 Maret 2012   16:54 Diperbarui: 25 Juni 2015   07:56 936
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Daning Ki Ali Jawa Ngapak

Urung sendhekala udane tambah gedhe. Gemrajage banyu sekang talang keprungu gutul njero ngalahna swarane angin sing katon lerab-lerob neng pucuke wit klapa. Udan barat! Grubugane teka maning! Ratas sing nembe molahi mbukak omong, katon ora jenjem goli  njagong. Dheweke kemutan sing neng umah. Gendheng sing padha mlorod lan bojone sing agi wetengan tuwa, dhewekan. "Kudu gagiyan bali!" mbatine Ratas. Senajan durung detanggapi neng sing duwe umah, karo ngunjal ambekan landhung, Ratas menyat pamit.

"Pangapuntene nggih Pak, kula wangsul krihin."

"Kaya kuwe? Iya, ya, Tas, Dengati-ati agi udan gedhe" Sing duwe umah goli semaur semune madan ora bombong mbareng dhayohe pamitan.

Sewise salaman Ratas gagiyan metu, ora salam acan. Sing duwe umah ya ora menyat nguntabna dhayohe gutul lawang. Njagong baen neng korsine, dheweke mung nyawang wedang bening neng meja sing megin wutuh. Nglirik kleyabe Ratas sing mlayu ninggalna latare, dheweke mbatin, "Ora ngajeni temen kae bocah. Wis ping telu kiye maring ngeneh urung gelem nyambat Pak Kaji maring inyong. Mayanen tekane ya mung andon adol welas. Ujar-ujare, koh..."

***

Nerak udan gedhe Ratas katon kemudu-kudu gagian butul ngumahe. Nyawang ngalor, langit sing meh sendhekala wis katon nggregemeng. Ngarah gagian butul dheweke sengaja nrabas liwat sawah joge tabet pesarean kuna sing ana neng wetan desa. Sekang tabet kuwe aring umahe wis perek, sejigrangan. Ora idhep teles kejebes dheweke nglepat mlayu.  Sandhal capite decangking, sikile katon trampil goli jligrangan neng sendhuwure galengan sawah. Wong sing weruh sekang kadohan bisa ngarani ana setan agi playon wayah sendhekala.

Sedawane mlayu pikirane Ratas nyanyah-munyah. Bojone sing agi wetengan tuwa mesthi agi trataban atine. Umah sekepel sing depanggoni pancen wis tuwa. Umah warisan sekang bapa biyunge. Senajan saka-sakane megin katon kukuh, ningen tabag-tabage wis padha bolong. Neng mburi, empleg-empleg pedangane wis kudu decagaki. Brunjunge umah wis ora patiya jejeg. Kuwe bae ketambahan wis kelangan wuwungane merga kesamplok grubugan telung dina ngedhur winginane. Grubugan kuwe uga marakena akeh gendheng padha mlorod. Angger udan barat kaya kiye ora ana maning sing kena nggo aling-aling penglari seusuk renge. Kabeh teles kejebes kena banyu udan sing marakena dadi gampang tepo kayune. Mbangkanen umah kuwe umure lewih tuwa sekang Ratas. Bisa debayangena kayangapa kewatire Ratas.

Jane ora mung kahanane umah sing dadi pikirane Ratas. Ana maning sing lewih dekewatirna Ratas. Udu sing ana neng umahe, ningen sing neng njaba umahe. Neng mburi umahe Ratas, sekulone empleg-empleg pedangane, ana wit besiar loro sing bulete wis ana karotengah meter. Dhuwure aja takon, malah wis padha ana pagakane, rungkude godhong ora prelu decrita. Angger grubugane agi teka, besiar-besiar kuwe goli penthiang-penthiung medeni pisan. Ratas ngreti angger besiar kuwe ganu-ganune cangkokan. Mbangkanen saben wong ngreti angger wit besiar cangkokan ora duwe oyod sing manjlep jero mengisor. Ngadeg ngayer-ayer mung decagak oyod gedhe sing nyrambah ngiwa nengen. Soten apa oyod-oyod kuwe kuwung ngladheni kekuwatane grubugan sing katone seneng banget pamer rosa dolanan godhong neng pucuke wit-witan?

Sendhekala wis meh sempurna. Langit sing kebek dening udan kuwe wis ora patiya katon. Ratas wis gutul pipire tabet pesarean kuna. Kringete sing mesthine mariwe-riwe ora katon merga kesiram udan sedawane mlayu. Ambekane sing rebut ucul negtokna suwara hah..hah..hah. Ratas njagong liren sedhela neng ndhuwur watu gedhe seperlu ngumpulna tenaga nggo manjat nrabas gumuke Pak Kodar. Umahe Ratas neng walike gumuk kuwe. Gumuk mereng ngidul sekulone tabet kuwe pancen duweke Pak Kodar, neng ndhuwur kana nyambung karo kebon besiare. Umahe Ratas persis batian kebon sisih wetan, persis neng ngisore wit besiar gedhe.

Sendhekala wis ilang. Langit sing katisen merga udan barat wis kemulan peteng. Apal dalan merga kulina. Ratas molahi mipil manjat, madan mrangkang. Ratas goli ora wani mlayu manjat ora merga langka tenagane nggo mlayu. Goli manjat lidhigan merga mereng ora bisa deplayoni, ndrawasi. Banyu sing ndleweri lemah bisa marakna kepleset, mbangkanen neng kana ngisor watu ireng pating jlugadhag. Debatiri udan barat sing semear-sear, Ratas mbrangkang. Setengah jam lewih nembeke gutul ndhuwur neng kebon besiar sing rata. Ratas njuran wani mlayu maning. Ora let suwe Ratas wis gutul sisih wetane kebon besiar. Mbareng gutul ngumahe, Ratas mandheg. Njubleg. Ngayeg-ayeg karo sambat, "Gusti Pangeraaan!!!!" Ratas ngletak. Semaput.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
Mohon tunggu...

Lihat Catatan Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun