Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

[Cerkak Banyumasan] Tarjan

25 Februari 2012   05:44 Diperbarui: 25 Juni 2015   09:46 577
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

Wis suwe Tarjan nandang lara branta. Tresnane aring Siti seprene wutuh wujud angen-angen. Siti sing megin tunggal canggah kuwe semune ora nggople aring Tarjan. Saben dolan aring umahe Siti, bocahe ora tau gelem suwe-suwe nggulih nemoni dheweke. Nembeke baen jagongan sedhela, Siti mesthi laten menyat. Jere agep gosok, agep rawat latar, agep aring nggone batire. Ana baen alesane. Angger wis kaya kuwe mesthi bapane utawane biyunge Siti sing laten grapyak metu mbatiri Tarjan. Ora kepenak mbok katon jengkele, Tarjan teyenge kur kandhahan ngalor ngidul ngentongna rokok seler nyambi ngenteni mbokan Siti gelem nemoni maning.

Tarjan ngreti sing cokan aring nggone Siti ora kur dheweke thok. Ana liyane maning. Arane Dali, anake Pak Karsad bakul gedhang. Ana sing wadul jere Dali sering mampir angger agep mangkat utawane bali sekang kebon. Jere bocah loro cokan jagongan neng ngisor wit jambu air ngarep umahe Siti. Senajan ora patiya batiran merga pancen sejen grumbul, Tarjan ya jane wawuh karo Dali. Bocahe kena dearani bagus, kemranyak tur ya pinter kandhah. Sapa baen sing tau dopokan karo Dali mesthi betahe. Mbuh nutur sekang ngendi, mesthi teyeng baen gawe liyane ngguyu. Ora gumun angger Siti ya dadi betahe ngrungokna apa baen kandhahe Dali.

Debandingna Dali, Tarjan babarblas ora rumangsa kalah. Dali bagus, dheweke ya ora kacek. Dali anake bakul gedhang, dheweke malah PNS anyaran, Satpol PP. Nyambut gawene kantoran, sepatuan, seragaman, malah sempritan sing nglawer neng pundhake tolih ana ribawane. Sempritane angger moni teyeng gawe bakul-bakul kakilima gentar. Aja maning sempritane, katon kleyabe seragame baen kabeh wis pating pencinat balapan mlayu nylametna dagangane. Lewih-lewih penthungane. Ora kur kakilima thok sing wedi, tukang ngamen unggal lampu bangjo mesthi kamigilen angger dheweke wis nggegem penthungane.

Dedeleng sekang bibit bobot bebete, Tarjan genah ora gadhang kalah karo Dali. Turunane wong kopama iya, sawah kebon ya amba, tur Tarjan dadi PNS pisan. Ora bakal nemu urip rekasa pokoke. Ningen kenangapa Siti ora gelem nampa tresnane, abot milih Dali? Apa Siti kepengin gudrah getah gedhang? Tarjan gumun pisan, karo gela iya. Gela karo Siti, gela iya aring Dali.

Tau Tarjan adhep-adhepan nemoni Dali. Karepe Tarjan apik-apikan aten njaluk Dali ngedohi Siti, mawia nerusna sambung tresnane karo Siti. Tarjan wis nekad. Dali kudu gelem ngrungokna omonge. Manut ya sukur, ewadene budi ya desembadani. Bawane pada dene wong nom, kasengguh darah muda, rembug sing kawitane aris pog-pogane ya temenan nemu sulaya. Ora ana sing gelem ngalah. Angger ora depisah neng batir-batir wis mesthi dadi gelute.

Niyate Tarjan wurung, cabar. Dali megin ajeg nemoni Siti. Senajan kaya kuwe, senajan gelane mbuh sepira, dheweke ora teyeng ngelalena Siti. Bener prawan ayu neng desane ya pirang-pirang ora kur Siti, ningen neng atine Tarjan mung ana Siti. Siti, Siti, Siti. Tarjan kepengin duwe bojo Siti. Tarjan kedanan aring Siti.

***

Tarjan sewot. Mlebu ngumah ora salam lawange debanting. BRAGG!!! Nguculi jaket, sepatune sing cokan nggo ndupaki dagangan kakilima kuwe deunclangna sekeyenge, meh baen ngenani tivi sing agi turu. Kasute sing mambu baleng debandhemna aring sepatune. Penthungan ireng sing kaku mejeger degebugna aring meja. DHAR! Kaya urung lega, debaleni maning. DHAR! Gawe ngrajuge bapak ibune sing agi nyore neng njero.

"Ana apa kiye?! Ana apaaaa…?! Bocah bali-bali koh nggawa setan. Ngaget-ngageti wong tuwa. Sewot ana apa jane? Sing sabar sih magen. Ora patut enggane wong seragaman koh apapa sewot. Paaaaakkk..bapakeeee…kingeneh kiyeh! Tarjan kepriwe kiye. Deomongina magen!" Ibune sing gagian mburu ndrememel nyambi ngreok sepatu sekasute. Bapake sing agi edhot kenyah-kenyoh deceluki.

"Ana apa jane, sih? Eram temen enggane. Mlebu ngumah ora salam malah sewot jebrad-jebred. Masalah pegaweyan aja degawani bali. Jengkel neng kana-kana aja umah sing demungsuh. Demadan kemutan ko wong seragaman. Ora patut mbok tangga padha krungu. Kon nginum dhisit, Bu!" Bapake metu melu ngluruhi Tarjan.

Sewise nginum banyu putih Tarjan krasa madan rereb atine, laten cus udud. Kukuse desebulna aring ndhuwur, rosa pisan karo moni "Huuuffff..."

"Siti, Pak...Siti. Mbingungi pisan yakin. Ujarku ya inyong kurang apa. Tek belani inyong ora melik aring bocah wadon liyane, senajan ana wadon liyane sing malah nganyor cokan nakok-nakokna inyong. Ora tek gople wong genah inyong megin tresna aring Siti. Ningen Siti jan….hhhh…ora lumrah temenan..mbingungi pisan yakin." Tarjan miwiti wadul aring bapake.

Bapake Tarjan jane wis jeleh ngrungokna sambate anake lanang. Saben-saben anane kur Siti, Siti lan Siti. Mbangkanen kaya omonge aneke miki, ana bocah wadon sing cokan nakokna Tarjan. Malah mau sore bocahe nembeke baen ngeneh njujugna rantangan. Jere nggo Tarjan. Tarjan ora bali-bali, iwak ayame malah wis deplok dheweke.

"Celeh, kepriwe maning Siti? Ko sing kana apa? Ujarku ko wis setaun kiye ora ngambah ngkana nggunung. Detemoni Siti apa Sadam pamanmu maning?" Bapake pancen ngerti angger sing wis-wis ya bapane Siti sing cokan nemoni Tarjan. Eyange Sadam kae kakange eyange bapake Tarjan, dadi Tarjan nyambate paman.

"Iya, Pak. Sekang Puraketa sore mau inyong labas nganah. Kepengin dolan kambi njujugna martabak kelangenane Man Sadam. Ya kepengin ketemu Siti pancene. Wong ujarku ya wis suwe ora ketemu mbok menawa wis ana bedane, ana idhepe karo inyong. Jebule ya megin kaya ganu, Man Sadam maning sing mbatiri inyong kandhah."

"Oooo, kaya kuwe. Ya ndeyan bocahe anu megin ana rikuhe aring ko, wong genah sedurunge ya ora tau gelem nemoni. Ya jajal ngesuk ngemben gari nganah maning, tolih nden wis luluh atine. Mbok si Dali pacare ganu kae jere sekiye wis duwe anak? Tolih si Siti kudune nden wis kelalen karo si Dali. Mentakan megin wangkot ora gelem nemoni ko."

"Lah... angger kaya kuwe tah ya mendhing. Miki tolih wis tek omongna, Pak. Siti mbingungi pisan, koh. Nggelani banget."

“Mbingungi kepriwe mangsude? Apane sing nggelani? Jere Sadam sing mbatiri ko kandhah. Deneng ko ngarani Siti nggelani? Sing genah nggulih ngomong. Kuwe mawia udud dingin magen.” Bapake Tarjan ndhoyongna awake aring ngarep, kaya agep ngematna raine Tarjan.

Tarjan nyungcek udude. "Kaya kiye, Pak. Pancen ya Man Sadam sing mbatiri inyong. Suwe iya, wong Man Sadam baen njikot udude inyong ngasi pindho. Suwe-suwe ndeyan ya melas aring inyong. Dadi Man Sadam mlebu nyeluk Siti. Madan suwe Man Sadam nggulih ngarih-arih Siti kon nemoni inyong. Malah abane nggulih nuturi kambi ngomehi, senajan ora patiya gamblang inyong krungune. Temenan. Siti pancen sidane gelem metu nemoni inyong. Adhep-adhepan, matane katon teles kaya tes nangis."

Ibune Tarjan sing kawit mau memeng baen sekiye nyaut melu ngomong, "Brarti ya bener bapakmu miki. Kayane Siti megin rikuh tur isin nemoni ko. Kudu ndadak deomehi dhisit neng si Sadam. Wis gelem nemoni brati ya wis luluh atine. Ko kudune bombong, ora malah sewot kaya miki. Bapake kudu gagian nemoni Sadam kuweh, Pak. Delamar sisan baen. Sedhela maning tolih wulan Aji. Eh, lah si Naning mengko kepriwe, Pak?"

Ibune Tarjan katon ana seneng ana bingung krungu jere Siti gelem nemoni Tarjan. Senenge genah karepe anake lanang agep kesembadan. Bingunge, si Naning sing cokan njujugi rantangan kae kudu kepriwe nggulih ngadhepi? Mbangkanen saben teka kirimane ya mesthi kepangane. Ora ana sing mubah, ora ketang sing ngentongna ya bapake Tarjan. Tarjan dhewek ora tau gelem nyebggol-nyenggol acan. Dheweke malah kepengin sing njujugi rantangan kuwe Siti. Dudu Naning.

Detakoni plekara Naning, bapake Tarjan mung ngguyu lirihan. “Hehehe..si Naning tah drembug keri, Bu. Kiye Tarjan urung tutug nggulih ngomong, koh. Jere miki Siti mbingungi karo nggelani. Kepriwe mangsude, Jan?"

Tarjan jane bingung agep nerusna omonge. Kayane ibune wis banget senenge krungu Siti gelem nemoni dheweke.

"Mangsude kaya kiye, Pak. Mbareng adhep-adhepan, Siti tek tareni maning. "Kaya kiye, Ti..inyong pancen nguja nemoni ko sewise setaun ora dolan ngeneh. Ujarku ya ko wis ngreti apa karepku. Sing wis ya wis, ora perlu dearep-arep maning. Ganu ko ngomong jere megin ngenteni mbok menawane Dali ora langgeng karo bojone. Ningen mbok sekiye ko mesthine wis krungu angger Dali wis duwe anak. Kayane ya mubah lah angger ko ngenteni dheweke. Kepriwe angger sekiyene ko nrima karo inyong baen. Umure dhewek tolih maju dina maju tuwa. Agep ngenteni apa maning?"

"Bener kuweh, Jan. Teyeng nata omongan jane ko, yah? Si Siti kayane pancen jodhone ko. Terus kepriwe?" Sekiye malah bapake Tarjan sing nyumed rokok.

Tarjan ora gelem keri, melu baen udud maning. "Siti meneng baen. Inyong laten merek njagonge, tek takoni maning. "Ti, kiye tah ngarah genahe ya. Ko dadi bojoku, ya?! Inyong wis genah ikih pegaweyane, ana pemetune nggo nyukupi butuhe wong umah-umah. Deleng sih gyeh. Inyong wis seragaman, wis dadi PNS. Ko mengko dadi dharma wanita, mangkat kumpulan aring kota. Mriyayeni pisan, mbok? Pokoke ko agep mulya lah angger dadi bojone inyong. Priwe, Ti?"

Bapake Tarjan nggulih udud katon ngemat pisan, atine bombong banget. "Jian, teyeng temen ko nggulih ngomong yah, Jan. Sapa wonge sing ora kepengin dadi bojone PNS. Terus?"

Kaya ora enak udude, Tarjan nyungcek rokoke sing megin dawa. "Lah kuwe, Pak. Siti aweh wangsulan sing banget gawe bingunge inyong. Ya bingung ya nggelani. Jere dheweke ora seneng dadi bojone Satpol PP. Angger PNS liyane tah ya gelem. Jere wedi karo penthungane inyong. Omonge jere, "Rika tolih sangune penthung. Ngko mbesuk ana apa-apa ya ngko inyong depenthungi. Pokoke kaya kiye, kang. Inyong gelem dadi bojone rika angger rika ora dadi Satpol PP. Rika gelem ya sukur, ora gelem ya inyong ora maksa." Jal, apora mbingungi, Pak?"

Bapake Tarjan watuk dadakan. Kukuse udud sing urung baen desebulna mandheg neng tenggorokan. Perih pisan. Jengkel pisan. "SASAH BUSAH!!! Deneng ora memper temen si Siti? Ujar-ujare sih gampang apa dadi PNS koh njaluk ko leren dadi Satpol PP. Kuwe angger ko manut Siti ya ko bodho. Orahan! Wis ora Siti-sitian! Ana si Naning ikih. Wis...ngesuk ko melu bapak aring daleme Pak Guru Kardiman."

"Tapi, Pak...Siti..? Ujarku bapake ngrempug dhisit aring Man Sadam. Tolih Siti nden megin kena delirih-lirih."

"Delirih-lirih apane? Wis genah Siti kuwe nampik alus-alusan aring ko. Siti ora gelem karo ko! Ko baen sing bodho, geleme ngudag-udag Siti. Wis, sekiye gari manut aring bapak!"

Tarjan mencureng, nglirik ibune. Sing delirik malah agi kamilegegen.

***

Wengine wis nglangut. Tarjan urung teyeng turu. Pikirane rungsing batine ora kepenak. Pituture bapane mau sore derasa-rasa ana benere. "Ko sekiye wis umur, wis kaplak. Kudune wis teyeng mikir mendi sing apik mendi sing ora patut. Sekiye kur gari madhep mantep, ko agep kepriwe? Milih Siti ko agep ngapa? Wragade ko dadi PNS dadi mubah? Si Naning baen!”

Neng njaba keprungu asu mbaung. Swarane dawa. Njijihi pisan. ***[Tutug]

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun