Urung baen sendhekala udane wis ora riwis maning, tambah gedhe. Gemrajage banyu sing anjlog sekang talang keprungu gedug njero, ngalahna swarane angin sing katon lerab-lerob neng pucuke wit klapa. Udan barat! Grubugane teka maning! Ratas sing nembe baen miwiti nggulih matur, katon ora jenjem nggulih njagong. Dheweke kemutan sing neng umah. Gendheng sing padha mlorod, lan bojone sing agi wetengan tua, dhewekan. "Kudu gagian bali!" batine Ratas prentah. Senajan durung olih tanggapan sekang sing duwe umah, sewise ambekan landhung, Ratas menyat pamitan.
"Pangapuntene nggih, Pak..kula wangsul krihin."
"Kaya kuwe? Iya, ya..Tas..Dengati-ati agi udan gedhe" Sing duwe umah nggulih semaur semune madan bombong mbareng dhayohe pamitan.
Sewise salaman Ratas gagian baen metu, ora salam acan. Sing duwe umah ya ora menyat nguntapna dhayohe gedug lawang. Njagong baen neng korsine dheweke mung nyawang wedang bening neng meja sing megin wutuh. Nglirik kleyabe Ratas sing mlayu ninggalna latare, dheweke mbatin, "Ora ngajeni temen kae bocah. Wis ping telu kiye aring ngeneh megin ora gelem nyambat Pak Kaji aring inyong. Mayanen tekane ya kur andon adol welas. Ujar-ujare, koh.."
***
Nerak udan gedhe, katon angger Ratas kemudu-kudu gagian butul ngumahe. Nyawang ngalor, langit sing meh sendhekala wis katon nggregemeng. Ngarah gagian butul dheweke sengaja milih nrabas liwat sawah jog tabet pesarean kuna sing manggon neng wetan desa. Sekang tabet kuwe aring umahe wis perek, sejigrangan. Ora idhep teles kejebes dheweke mlayu nggendring. Sandhale capit decangking, sikile katon trampil nggulih jligrangan neng sendhuwure galengan. Wong sing weruh sekang kadohan bisa ngarani ana setan agi playon wayah sendhekala.
Sedawane mlayu pikirane Ratas nyanyah-munyah. Bojone sing agi wetengan tua mesthi agi trataban atine. Umah sekepel sing depanggoni kae pancen wis tuwa, umah warisan sekang bapa biyunge. Senajan saka-sakane megin kukuh, ningen tabag-tabage wis padha bolong. Neng mburi, empyeg-empyeg pedangane wis kudu decagaki. Brunjunge umah wis ora patiya jejeg. Kuwe baen ketambahan wis kelangan wuwungane merga kesamplok grubugan telung dina dhur winginane. Grubugan kuwe uga marakena akeh gendheng sing padha mlorod. Mesthi baen angger udan barat kaya kiye onana maning sing kena nggo aling-aling penglari seusuk renge. Marakena dadi gampang tepone. Mbangkanen umah kuwe umure lewih tuwa sekang Ratas. Bisa debayangena kayangapa susah kewatire Ratas.
Jane ora kur kahanane umah sing dadi pikirane Ratas. Ana maning sing lewih dekewatirna Ratas. Dudu sing ana neng umahe, ningen sing neng njaba umahe. Neng mburi umahe, sekulone empyeg-empyeg pedangane, ana wit besiar loro sing bulete wis ana karotengah meter. Dhuwure aja takon, malah neng tengah-tengah ya padha ana pagakane, rungkude godhong ora prelu decrita. Angger grubugane agi teka, besiar-besiar kuwe nggulih penthiar-penthiur jan medeni pisan. Mbangkanen Ratas ngreti angger besiar kuwe ganu-ganune anu cangkokan. Mbangkanen saben wong ya ngreti angger wit cangkokan kuwe ora duwe oyod sing manjlep jero mengisor. Ngadeg ngayer-ayer mung decagak oyod gedhe sing nyrambah ngiwa nengen. Soten apa oyod-oyod kuwe kuwung ngladheni kekuwatane grubugan sing katone seneng banget pamer rosa dolanan godhong neng pucuke wit-witan?
Sendhekala wis meh sempurna. Langit sing kebek dening udan kuwe wis ora patiya katon. Ratas wis gedug pinggire tabet pesarean kuna. Kringete sing mesthine mariwe-riwe ora katon buktine merga kesiram udan sedawane mlayu. Ambekane sing rebut rucun kuwe negtokna suwara hah..hah..hah... Dheweke njagong sedhela neng ndhuwur watu gedhe. Sengaja ngaso seperlu ngumpulna tenaga nggo manjat nrabas gumuke Kaji Dalhar. Neng walike gumuk kuwe umahe Ratas. Gumuk mereng ngidul sekulone tabet kuwe pancen duweke Kaji Dalhar, neng ndhuwur kana nyambung karo kebon besiare. Umahe Ratas persis batian kebon sisih wetan, persis neng ngisore wit besiar gedhe.
Sendhekala wis ilang. Langit sing katisen merga udan barat kuwe wis kemulan peteng. Apal dalan merga kulina, Ratas wis mipil manjat, madan mrangkang. Ratas ora wani mlayu manjat. Dudu merga ora duwe tenaga nggo mlayu, ningen lidhigan mereng kuwe ora bisa deplayoni, ndrawasi. Banyu sing ndleweri lemah bisa marakna kepleset, mbangkanen neng kana ngisor watu item pating jlugadhag. Debatiri udan barat sing semear-sear, Ratas mbrangkang. Setengah jam lewih nembeke gedug ndhuwur, kebon besiar sing rata. Ratas laten wani mlayu maning. Ora let suwe Ratas wis gedug sisih wetane kebon besiar. Mbareng gedug ngumahe, Ratas mandheg. Njubleg. Ngayeg-ayeg. Sambate, "Gusti Pangeraaaaaaaannnnnnnn!!!!" Ratas ambruk. Semaput.
***
Ratas ora teyeng semaur. Rempuge Kaji Dalhar wis genah. Dheweke sanggup mbantu wragad nggo ngadegna maning umahe Ratas. Pak Lurah sing megin tunggal karo Kaji Dalhar ya melu mbombong atine Ratas. "Wis, Tas. Aja depikir banget-banget. Kabeh wis kedadian. Untunge ya ko megin ketiban begya. Angger sore kuwe bojomu ora agi ngendhong tolih mbuh kepriwe nasibe. Sekiye mung gari ko sing aso baen pikire. Kiye Uwa Kaji ya gelem mbantu wragad nggo ngadegna umahmu sing anyar mengko. Dadi ya aja degawe susah nemen-nemen."
Krungu ngendikane Pak Lurah sing kaya kuwe Ratas megin meneng baen. Pikirane temlawung, mbayangna kayangapa iloken penguripane neng umah sing anyar, umah sing ora neng tanah warisan kiye maning. Karepe Kaji Dalhar kaya-kaya koh ora bisa derempug maning. Uwane Pak Lurah kiye gelem mbantu wragad nggo ngadegna umahe Ratas sing anyar, malah kayune besiar sing rubuh ya depasrahna nggo binah usuk lan liya-liyane, ningen ana syarate.
Syarate ya kuwe tanah pekarangan sing dienggoni Ratas sekiye kudu dedol sisan, aring Kaji Dalhar iya. Omonge Kaji Dalhar, "Angger ko nekad manggoni tanah kiye baen, ya bodhowa. Inyong ya ora teyeng menging. Ningen inyong teyenge ya kur mbantu ko semending. Ora teyeng nyanggupi ngedegna umah segluntung. Sebabe wit besiar kae rubuh ya dudu karepku, kabeh kuwe wis dadi karepe sing gawe urip. Agi wingi-wingi kae ko bola-bali njaluk inyong ator wit besiare, tolih inyong wis ngomong. Gari ko baen sing aja manggo neng kene. Kaderan pekarangan kena dedol ikih, inyong ya gelem tuku seumahe, senajan umahe ya ora bakal tek panggoni. Utawane pekarangane dedol, umahe deboyong, kaya kuwe tolih teyeng. Lah, ko malah ora gelem manut. Ko mung ngugemi ora kepengin ninggalna tanah tantu, apamaning jere ngedol. Ya kaya kiye sekiye kedadiane. Inyong tah ora agi kesenengen nyawang apese nasibmu, inyong malah kepengin kepriwe supaya ko ya kepenak, ayem, ora wedi kerubuhan wit maning. Jajalen depikir sing temenan."
Ratas bingung. Senajan ganu bapa biyunge ora tau wekas utawane menging aja ngasi tanah kiye dedol, ningen Ratas ya kemutan pituture wong tuwa-tuwa. Jere, sapa-sapaha sing ngasi ngedol tanah tantu warisan sekang bapa biyung, brarti wong kuwe ora ngregani aring lara lapane wong tuwa sing trukah ngurip-uripi penguripane. Sejarahe kaki nini bakal mandheg neng tanah tantu kuwe. Mbangkanen sejarah sing mandheg jere sejarah sing sedhela maning bakal delalekna, bakal ilang.
Ratas durung teyeng semaur. Pitukone Kaji Dalhar jane ya lumrah, patut tumrape rega tanah umume. Dheweke kepengin taren dhisit aring bojone. Pamitan karo Pak Lurah lan Kaji Dalhar, Ratas bali. Sedawane dalan pikirane ora kena detata, rasane gemrungsung. Ana jengkel, ana gela, ana mbenerna rempuge Kajine.
Bojone mapag mbareng Ratas gedug ngumahe Kang Kuwat, tanggane wetan umah sing agi detunuti ngiyub.
"Kepriwe, Kang?" takone sing wadon mbareng Ratas njanggong neng tundhagan.
Ratas ora gagian semaur. Dheweke nyawang wetengane bojone sing wis tuwa. Nylinguk ngulon, dheweke nyawang wit besiar sing megin ngadeg ngayer-ayer, ora melu rubuh ketunjang grubugan. Ratas kemutan, Kaji Dalhar wangkot ora gelem negor senajan wit sing sijine wis ngrubuhi umahe Ratas. Jere, wit kuwe kon gedhe semendhing maning, arep nggo binah usuk angger anakke lanang gawe umah.
***
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H