Ratas ora teyeng semaur. Rempuge Kaji Dalhar wis genah. Dheweke sanggup mbantu wragad nggo ngadegna maning umahe Ratas. Pak Lurah sing megin tunggal karo Kaji Dalhar ya melu mbombong atine Ratas. "Wis, Tas. Aja depikir banget-banget. Kabeh wis kedadian. Untunge ya ko megin ketiban begya. Angger sore kuwe bojomu ora agi ngendhong tolih mbuh kepriwe nasibe. Sekiye mung gari ko sing aso baen pikire. Kiye Uwa Kaji ya gelem mbantu wragad nggo ngadegna umahmu sing anyar mengko. Dadi ya aja degawe susah nemen-nemen."
Krungu ngendikane Pak Lurah sing kaya kuwe Ratas megin meneng baen. Pikirane temlawung, mbayangna kayangapa iloken penguripane neng umah sing anyar, umah sing ora neng tanah warisan kiye maning. Karepe Kaji Dalhar kaya-kaya koh ora bisa derempug maning. Uwane Pak Lurah kiye gelem mbantu wragad nggo ngadegna umahe Ratas sing anyar, malah kayune besiar sing rubuh ya depasrahna nggo binah usuk lan liya-liyane, ningen ana syarate.
Syarate ya kuwe tanah pekarangan sing dienggoni Ratas sekiye kudu dedol sisan, aring Kaji Dalhar iya. Omonge Kaji Dalhar, "Angger ko nekad manggoni tanah kiye baen, ya bodhowa. Inyong ya ora teyeng menging. Ningen inyong teyenge ya kur mbantu ko semending. Ora teyeng nyanggupi ngedegna umah segluntung. Sebabe wit besiar kae rubuh ya dudu karepku, kabeh kuwe wis dadi karepe sing gawe urip. Agi wingi-wingi kae ko bola-bali njaluk inyong ator wit besiare, tolih inyong wis ngomong. Gari ko baen sing aja manggo neng kene. Kaderan pekarangan kena dedol ikih, inyong ya gelem tuku seumahe, senajan umahe ya ora bakal tek panggoni. Utawane pekarangane dedol, umahe deboyong, kaya kuwe tolih teyeng. Lah, ko malah ora gelem manut. Ko mung ngugemi ora kepengin ninggalna tanah tantu, apamaning jere ngedol. Ya kaya kiye sekiye kedadiane. Inyong tah ora agi kesenengen nyawang apese nasibmu, inyong malah kepengin kepriwe supaya ko ya kepenak, ayem, ora wedi kerubuhan wit maning. Jajalen depikir sing temenan."
Ratas bingung. Senajan ganu bapa biyunge ora tau wekas utawane menging aja ngasi tanah kiye dedol, ningen Ratas ya kemutan pituture wong tuwa-tuwa. Jere, sapa-sapaha sing ngasi ngedol tanah tantu warisan sekang bapa biyung, brarti wong kuwe ora ngregani aring lara lapane wong tuwa sing trukah ngurip-uripi penguripane. Sejarahe kaki nini bakal mandheg neng tanah tantu kuwe. Mbangkanen sejarah sing mandheg jere sejarah sing sedhela maning bakal delalekna, bakal ilang.
Ratas durung teyeng semaur. Pitukone Kaji Dalhar jane ya lumrah, patut tumrape rega tanah umume. Dheweke kepengin taren dhisit aring bojone. Pamitan karo Pak Lurah lan Kaji Dalhar, Ratas bali. Sedawane dalan pikirane ora kena detata, rasane gemrungsung. Ana jengkel, ana gela, ana mbenerna rempuge Kajine.
Bojone mapag mbareng Ratas gedug ngumahe Kang Kuwat, tanggane wetan umah sing agi detunuti ngiyub.
"Kepriwe, Kang?" takone sing wadon mbareng Ratas njanggong neng tundhagan.
Ratas ora gagian semaur. Dheweke nyawang wetengane bojone sing wis tuwa. Nylinguk ngulon, dheweke nyawang wit besiar sing megin ngadeg ngayer-ayer, ora melu rubuh ketunjang grubugan. Ratas kemutan, Kaji Dalhar wangkot ora gelem negor senajan wit sing sijine wis ngrubuhi umahe Ratas. Jere, wit kuwe kon gedhe semendhing maning, arep nggo binah usuk angger anakke lanang gawe umah.
***
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H