Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

[Cerkak Banyumasan] Durene Pak Guru Kardiman Decolong

14 Desember 2011   16:24 Diperbarui: 25 Juni 2015   22:16 266
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Esuk-esuk Guru Kardiman wis mendhosol atine. Ana sing sengaja ngruntahi latare. KULIT DUREN!!! Mambrah-mambrah ngebeki latare. DEG! Guru Kardiman kaget. DEG! Gurune langsung baen kemutan durene. Ora kober nyeluk bojone, gagian baen mlaku ngetuput aring kebon besiare. Temenan, durene decolong wong. Entong brontong! Brindhil ora dengaih seblithi-bliinthia. "BANGSAT!!! NDHOG NGKURWOK!!!", matane mecicil ketara gempung pisan. Seklebatan deweke bisa ngarani sapa sing nyolong durene. "Mesthi! Sapa maning!", deweke yakin pisan.

***

Bareng sedina sejen panggonan. Esuk kuwe Tarjo wis nemoni Surad neng buritan. Semune megin kepengin kandhah ngedadiyan wingi kae. Nyambi mbatiri Surad sing agi ngasah arit, Tarjo ngecebres ngatona melase aring Surad. Selot suwe dopokane mlipir-mlipir aring prekara sing wis keliwat.

"Jane tah ganu angger ko melu ngalor ya kayane ora bakalan ana kedadian sing kaya kiye. Begyane tolih ngkana ora nyeluk pulisi, mung butul mbalai desa thok. Senajan ko ngotot ngakoni mung andon nemu, tapinen kan ngkana rumangsane kelangan dunyane. Langka seksine mbarang. Ya wis, tetep baen ko sing deluputna. Ko tetep darani nyolong" Tarjo njajal ngenggokna crita, nggramaki atine Surad.

"Yakin, temenan..Jo. Senajan dadi wong ora duwe, inyong ora sudi kon dadi maling. Kuwe anu nemu. Samber bledheg angger inyong nyolong duren. Ajaa koh nyolong, ngode deupahi semending baen inyong ora tau ngenyang. Kena detakoni lah aring sapa baen sing wis tau prentah inyong." Surad urung patiya mangsud aring karepe Tarjo.

"Iya, Rad. Nyong precaya karo ko. Tapi kan sekiye jajal? Senajan depangampura, ko wis dearani maling..nyolong durene Gurune. Ngkana dadi katon bijaksana, ko sing katon ala"

"Kon kepriwe maning? Gela tah ya gela inyong. Tapi bisa apa inyong?  Inyong sih sapa? Inyong sekiye teyenge ya kur ndonga karo muji muga-mugaha ya megin ana sing gelem prentah aring inyong"

"Ya mulane kuwe mau. Enggane ganu ko melu ngalor tah kayane ya ngkana ora bakal mlekarakena kelangan duren loro. Kayane anu megin madan dendam ndeyan yah? Songkenen anu menang, anu wis njagong. Enggane ganu kalah tah kayane sekiye ko wis neng buen. Iya kayane tah kaya kuwe" Tarjo nggenahna mangsud omongane.

"Mbuh, kuweh..Jo. Inyong ora wani ngarani gedug ngonoh. Wong ko mbok ngreti dewek. Dadinen inyong melu ngidul ora melu ngalor tolih mergane inyong rumangsa Pak Rudin kuwe sing sering banget prentah inyong. Ana met klapa, ana nylumbat, meme gabah, apa baen lah. Inyong nunut pangan. Carane kesuwun pisan ya ndukung Pak Rudin senajan Pak Darman sing perek ya melu njago. Ujarku ya kuwe tah barang lumrah. Dasare inyong ya kur ndukung thok, ora melu ajek-ajek wong nggoleti bithing. Terus sing menang ya Pak Darman. Kudune ya ora dadi masalah. Mulane inyong ora wani duwe pinemu sing kaya ko miki." semaure Surad semune gumun dewek.

Tarjo megin kepengin ngreti batine Surad.

"Tapi angger depikir-pikir madan memper koh. Wong genah menange tolih tipis banget. Kayane Gurune kuwe megin dendam rumasa ora degople dening ko. Genah neng gutheke dewek mung ko wong seumah sing ora melu ngalor. Ndeyan madan derasa tekan seprene."

Surad sing krasa wis awan, nyemauri sisan nglireni nggulih dopokan.

"Iloken, sih..Jo. Mol bithing loro baen dadi masalah? Anu menang bokoh. Tiba tah kalah lah patut. Mbuh, lah..Jo. Belih lah wis dadi nasibe inyong. Sing penting ya muga-muga wong kenean megin gelem prentah aring inyong. Pangampurane baen ya..inyong ap aring ngalas."

***

Tarjo wis lunga ninggalna Surad sing agi edot ngasah arit neng buritan. Sebubare sidang neng balai desa telung dina wingi, urung ana maning sing aweh pegaweyan aring Surad. Surad precaya megin ana sing gelem detunuti pangane. Mbok menawa urung pada prentah soten merga ora kepenak aring Pak Lurah utawane Pak Guru Kardiman. "Ndeyan angger prentah inyong sekiye mbok ndarani lewih precaya inyong sing bener ngkana sing luput.", Surad mbombong atine dewek. Mulane dina kiye deweke arep lunga ngalas. Arep repek karo met godongan mbok menawane kena delirokna aring sapa sing mbutuhna.

Arite wis katon landep. Surad wis arep mangkat. Arep poyan dingin aring biyunge, malah krungu biyunge celak-celuk. Swarane kaya madan ndredheg, madan karo nangis.

"Suraaaaaaaaaaaddddddd....Suraaaaaaaaaaaaaaaadddddd...Anapa maning kiye ko Suraaaaaaaaadddddddd...."

Surad gagian mlayu. Arite esih degegem. Tekan ngarep umah wis katon teka Pak Bau karo pulisi loro cacahe.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun