Mohon tunggu...
Ki Ali
Ki Ali Mohon Tunggu... wiraswasta -

percayalah, jangan terlalu percaya. apalagi kepada saya.

Selanjutnya

Tutup

Sosbud

[Rerasan Banyumasan] Bujel Ora Lumrah

5 September 2011   15:31 Diperbarui: 26 Juni 2015   02:13 403
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Sosbud. Sumber ilustrasi: KOMPAS.com/Pesona Indonesia

Budi pekerti kuwe sandangane tumindak, klambi kuwe sandangane awak. Mapag dina riyaya bada koh direwangi nganggo klambi anyar merga agep ketemu karo wong akeh sing umume ya pancen nyandang bagus-bagus tur ya anyar pisan. Jajal kaya ngapa rasane saben salaman koh desambi nlangsa ngawak gara-gara sandangane sing wis katon tuwa mlithut ora patut, cara kasare wis ora pasah deobong. Bisa-bisa nggulih badahan tutug ngurek neng ngumah baen.

Senajan dudu plekara sing kudu, ningen nyandang bagus tur anyar kuwe kena darani kanggo sangune wong nyemplung aring bebrayan sesrawungan. Supaya ora dadi bahan rerasan, bahan grendhengan. Tukune nganggo utang? Jaman sekiye sapa sing ora duwe utang?

Mulane tumrape inyong bener ngendikane si biyung, "“Jel, angger bada ora nganggo klambi anyar toli isin. Genah kabeh padha nganggo klambi anyar. Semana uga angger ora mangan enak, toli ya isin? Apa ngganen arep dadi rasanan tangga? Sing arane bada neng ngendi ora ya mangan enak kambi nganggo klambi anyar. Kadar setaun sepisan ikih. Ko ora usah ngowahi pakulinan sekang udheg-udheg siwure Ko,”

***

Bujel nembeke umur 10 tahun. Bujel wis kritis. Bujel wis wani, wis kendel. Iloken kaya ngapa dadine mbesuk angger Bujel wis gedhe, lewih-lewih wis dadi bapa? Kayane ora mung tambah sugih wani lan kendele. Kayane wis medeni.

***

(tulisan kiye cara-carane ya mancak tulisane kang Hari Widiyanto neng Facebook group GUYON BANYUMASAN sing judule "Bada neng Payon")

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Sosbud Selengkapnya
Lihat Sosbud Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun