Dalan munggah aku digendhong, dalan mudhun aku ya digendhong.
Aku ngembang kacang jalaran kepanasan bapak ya tetep mesem.
Aku kok nglamuti es sing drodosan banyune nelesi rasukane, bapak ya tetep mesem.
Sumelete srengenge sing kaya ngobong donya bapak ya tetep mesem ora ngresula.
Iku sing tansah dak eling-eling nalika aku diajak bapak menyang tegal sawah utawa nonton jaran kepang.
Saiki aku urip mapan bebrayatan, bapak isih kaya biyen, urip tetanen.
Budhal esuk bali wayah bedhuk nalika srengenge wis tengange.
Manggul suket sakranjang kanggo pakan menda.
Tangan kiwa nggoceli kranjang sing ditengguluk, tangan tangan karo nyekel arit, lan tutuke nyokot topi sing ora digawe.
Abot enteng tansah disangga bapak.