Sholli wa sallim daa iman alakhmada
Sholli wa sallim daa iman alakhmada
Wal a li wal askhaabi man qod wakhada
Wal a li wal askhaabi man qod wakhada
Ayuh sedulur pada apik karo tangga
Rukun bebarengan kaya keluarga
Aja poyok-poyokan, aja prengut-prengutan
Apa maning musuhan, nganti gelut-gelutan
Yen tangga hajatan, ayuh pada sinoman
Nyambat tenagane, aja etung-etungan
Ana kebakaran, tangga sing nulungi
Ana wong kepaten, tangga ndisit nangani
Snajan dudu sedulur, kaya keluarga
Ngein pirang-pirang, kaya lawuh-sega
Sedulur asline, kaya banyu-lenga
Sedulur sing mlarat malah ditinggal lunga
Tangga sing niliki, tangga sing mejeti
Malah sing natani, lamon ana wong mati
Mula aja sombong karo kiwa tengene
Sebab kapan bae, mesti butuh tanggane
Lamon umah sepi tangga melu njaga
Snajan dudu sedulur tangga ora tega
Tangga melu nunggoni, karo melu ngawaasi
Mbokan kapan bae, ana maling oprasi
Â
Imam Chumedi, KBC-28
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI