Ora ana maksud pan ngrepoti
Ora nguja njaluk gatolan maring wong liya
Temenan, enyong pengen pada umume
Tapi keningapa?
Saben enyong mlaku,
Mata-mata ngilengna sikil sing pentag
Saben enyong salaman
Pada umas-umis soal tangan sing buntung
Saben enyong dolan
Sing ana cuma ledekan
Senggane sikil pepek lorone
Ndeya bakal luwih keras
Nindak banter mangkat mesjide,
Senggane tangan ana kabeh,
Ndeya nggal dina bisa nyambut gawe
Senggane matane enyong weruh kabeh,
Ndeya enyong kenteng tasbekhe
Muji syukur karo kabeh ciptaan Gustine
Tapi apa bener senggane awak pepek
Terus bakal luwih iman maring Pengeran?
Apa bener senggane normal kaya liyane
Terus bakal sregep nyambut gawene?
Kayong durung jaminan,
Nyatane wong sing pepek sekabehane
Malah tambah adoh sujude
Ndableg-gebleg ibadahe
Males-cules golet pangane
Ndeya kabeh wis kehendake
Enyong ditakdirna dadi wong cacad
Di ledeki, diina, dicoba sapira dawa ususe
Muga kuat iman tauhide
Muga tetep sabar pait-ledere
Mesih mending cacad neng ngarepe menungsa
Dari pada cacad wayahe ngadep Sing Kuasa
Imam Chumedi, KBC-28