Suara tadarusan nggentawang
Ngademna hawa bengi sing terang
Silir-silir semripit, angin kahanan
Nampek hawa sumuk awit mau awan
Wulane bunder pepek rupane
Katon ayu mencoronge
Madangi jagat raya sa isine
Kabeh bocah sumringah sawangane
Jangkrik karo kewan cilik pada nembang
Gentan-genten moni tinembang
Padahal laka sing ngomandoni
Tapi kepenak dirungokna neng ati
Banyu kali cilik kemricik
Nandakna beninge karo alamine
Kaya-kaya pan ngabarna
Lamon gunung esih adem-ayem
Meski ana sing pisan-pindo gunung dehem
Tapi bengi kiye bener-bener ayem
Gawe mata pada bisa merem
Pengin rasane ayem kaya kiye, sateruse
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI