Landepe ngungkuli lading sing diasah
Ngiris ati netesna banyu mata
Megotna tali paseduluran sing lawas dibangun
Mlengosna rai sing ora santun
Ora liya sebab sakecap-rong kecap omongan
Ora pisan pindo
Diomongi tambeng laka nalare
Ndlawer bae ngoceti sing ora perlu
Ngumbar wadi saketurunan anak-putu
Dasar ilat laka balunge
Klunyam-klunyum nambahi crita
Nyandiwara ndadekna rasa sengit
Mbumboni nganti nyemek-nyemek
Nyirep-nggawak prasaan sing ngrungokna
Ana sing melu nelangsa
Karo apa sing dikandakna
Ana sing malah ngekek
Ora emut karo wong liya
Ilat jempalikan terus kaya jago silat
Nyrampang punuk ora sugih ora mlarat
Nyrocos-ngumbrus bae laka titik koma
Ora perduli kuwe salah kuwe dosa
Imam Chumedi, KBC-28
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI