Pucuk surup rame balik guyub murub
Awak lempoh diganjar perihe rekasa
Kabeh mau diulang-ulang saben dina
Tapi awak esih kemutan karo waktu Isya
Panas perih nyeset garis urip
Kesel-pegel, ngantuk matane arip
Mata kiyep kaya murube ceplik
Tapi awak esih kemutan karo waktu maghrib
Isya, Subuh, Luhur, Ashar, Maghrib (ISLAM)
Isya: mata ngantuk kudu dipaksa
Subuh: tetep njaga, aja nglumpuh
Luhur: dudu wayahe pada kabur
Ashar: Aja pada pating plencar
Maghrib: Ayuh madep karo sing gawe urip
Ora ketiga, ora rendeng
Wayah panen mbuh wayah paceklik
Abot mbuh enteng
Susah atawa gampang
Lagi waras atawa mriyang
Aja pada tinggal sembahyang
Neng Jepang atawa neng Jatibarang
Neng Taiwan mbuh neng Banjaran
Neng Amerika mbuh Ameriki
Neng kota mbuh neng desa
Neng endi bae manggone
Sholat tetep kewajibanÂ
Imam Chumedi, KBC-28
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI