Angger esih ana waktu. Enyong terus pan mlaku. Mlaku sa dawane dalan. Manggul sa kuwate pikulan, mbabad alas golet bekakas. Mumpung mata esih awas, mlaku esih keras, swara esih atas, awak esih waras-trengginas.
Angger esih ana waktu. Enyong terus pan mlaku. Ora perduli esuk nganti bengi. Ora perduli jago durung pada tangi. Ora perduli Izroil lagi ngiringi.
Mumpung esih ana waktu. Enyong nrima urip rekasa. Enyong nrima kulit ireng-nggeteng. Enyong nrima rai dadi luweng. Sing penting esih neng dalan sing lempeng.Â
Mumpung esih ana waktu. Enyong terus pan mlaku. Luruh ilmu, golet sangu. Tetep jejeg, istiqomah ora tinggal limang waktu.
Wangandalem, 06 September 2019
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI