DENING: Khoeri Abdul Muid & Sra Adi Harjono
     Bali marang caritane Wulagang. Anak Ki Banjeng iku kaya ora sranta-srantaa diakon ngranti setaun. Yen lebar kuwi lagi bisa methik lan nyecep madune Kembang Desa Gabus. Kesuwen. Kamangka gotheking akeh jare jejaka ibarat dagangan mbako. Saya suwe ora payu saya mantep, ampeg rasane. Anadene prawan ibarat dagangan suruh. Esuk ora payu, sore wis alum.
     Wulagang satemene kepengin nggeguru marang Kyai Wenang. Nggeguru ngelmu sejati. Ngiras pantes nyedhaki Nawangsih. Suprandene ora tau kelakon. Ketemune bocah kuwi wani-wani angas. Olehe adreng kapidereng kepengin ketemu Nawangsih nganti dadi impen. Lamun wus ketemu sajroning impen, rasane ati wis plong. Saka rasa rumangsane wis mari kangen.
     "Gus, kowe kok ayem-ayem ae. Ora thik mbatin dolan-dolan neng Gabus. Ngabar-ngabarna bakal bojomu, iku piye?" panutuhe Jibah mringgakake becik.
     "Saiki duweke sapa, mbesuk duweke sapa, Lik. Ngantia kapan, ora wurung Nawangsih ya dadi bojoku. Wong wis dilamar," tumanggape Wulagang alah ora.
     "Ya dicedhaki ngono, Gus," pangoyake Jibah. "Ben mbesuk ora kikuk. Isih gendhulak-gendhulik nyedhaki bojo."
     "Ra sah ngono, Lik. Nawangsih iku najan adoh dununge, ning cedhak neng ati."
     "Dikandhani kok ngengkel. Nawangsih iku upama woh-wohan lagek wayahe suluh, Gus. Nek ora dibrongkos rapet, akeh uthute bisa digrogoti codhot utawa kalong."
     "Njur nek panemumu piye, Lik?"
"Ya disambangi, ngono!"
Sauntara kuwi Damarjati wis miwiti babad gegrumbulan, greng ori bebondhotan kang dununge adoh sakidul-kulone banjar pomahane Kyai Wenang. Anggone bibrik bebadra mau kang mandhegani Ki Jagabaya. Lan entuk panyengkuyunge para tuwa-tuwa Gabus. Ki Kalim, Ki Kertasana, Ki Siwatu, Ki Nayacipta saanak-anake Sarwa lan Gayar kelayan satulusing ati padha melu urun-urun panemu sarta asok bau suku.
Kanyata Damarjati mula bisa manjing ajur-ajer. Saengga wong-wong Gabus kono rumangsa seneng lan sumuyud marang dheweke. Temahane anggone babad gegrumbulan, greng ori bebondhotan bisa lumaku kanthi rancag. Ora ana pepalang kang ndrawasi. Apadene ganggu gawene bangsa lelembut utawa titah sesiluman. Kabeh mau bisa katemahan jalaran wong-wong kang padha sabiyantu marang Damarjati iku ucap-ucapane dhemit ora ndulit, setan ora doyan.
     Kejaba saka kuwi sadurunge rumagang gawe Kyai Wenang lan Damarjati sami laku tirakat. Pasa nglowong lan patigeni sadina sawengi. Ujube anggugah ngelmu Sarining Gampang. Ngelmu kang wis diwedharake Kyai Wenang. Lakune pasa pitung Kemis lan pitung Senen. Ing saben malem Kemis diapalna kaping satus. Tundhone sakarepe tinekan. Sapa temen tinemenan.
     Nuju sawijining dina, natkala wong-wong sambatan kasebut padha ngaso salebare mangan awan, Damarjati miterang marang Ki Kalim ngenani crita sejarahe Gabus.
     "Critane embah-embah kula mbengen, Gabus niku langkung 'tuwa' timbang Pesantenan sing selajenge karan Pati. Dumadine Gabus niku iring-iringan kalih Paras," pratelane Ki Kalim kanthi tumemen.
     "Leres, niku!" panyaute Ki Kertasana. "Crita niku rak onten gandheng cenenge kalih Carangsoka lan Paranggarudha, sing teng pereng Gunung Sedaku kidul ngrika."
     Murih gamblange Ki Kalim terus crita kaya kang tau dicritakake dening embah-embahe. Kocape Menak Josari putra Adipati Yujapati iya Grudhapati iya Gurdhapati, Paranggarudha ngayunake Dewi Rayungwulan putra Adipati Puspa Andungjaya ing Carangsoka.  Suprandene Dewi Rayungwulan mbebana. Ing dina wiwahane njaluk dianani pagelaran wayang. Kang wayange bisa mlaku dhewe, gamelane muni dhewe. Dhalange Sapanyana, anadene sindhene Ambarwati lan Ambarsari.
Sarehne Adipati Yujapati bisa nemokake Dhalang Sapanyana dalah pesindhen Ambarwati lan Ambarsari, mula Menak Josari tumuli diarak menyang Carangsoka. Kacarita ing satengahe laku Adipati Yujapati pirsa lamun rambute Menak Josari kedawan. Murih calon temanten mau katon bregas lan nggantheng, Adipati Yujapati banjur dhawuh supaya rambute dicukur. Mangka satemene Menak Josari kuwi elek rupane. Ngeneg-enegi.
Sarehne Menak Josari kuwi bocah wangkal, ndableg, cubluk uga ndhugal mula apa kang dadi kersane Adipati Yujapati mau tansah dipancahi. Kocap sawuse dituturi lan direrimuk bebasan lambe satumang kari samerang temahane Menak Josari gelem dicukur. Emane durung nganti rampung kadadak ndhugale kumat. Menak Josari sakala mlayu emoh dicukur. Kanggo patilasan marang anak putu, papan panggonan Menak Josari dicukur mau banjur diarani "Paras". Paras, krama inggile cukur.
Natkala playune Menak Josari tekan salore kali ketututan pangoyake para pangiring temanten kang banjur direrimuk supaya mbacutake anggone cukur. Nanging bareng bocahe wis gelem cukur maneh, dilalah peso cukure dadi kethul. Kanggo kuwi peso cukur kasebut gageyan digabus si juru paras nganti dadi landhep. Nggabus kuwi ngosek peso cukur nganggo epek-epek utawa walulang samakan, piranti ubarampe tukang cukur. Mula rejane jaman papan kono banjur karan "Gabus".
Kejaba minangka pangeling-eling tumrap dumadine crita sejarah, uga darbe pangajab muga-muga wong-wong Gabus dadia brayat agung kang landhep daya pamikire. Jalaran daya pikir mono minangka pambeda utawa kang mbedakake kasampurnane jalma menungsa karo titah-titahe Kang Murbeng Dumadi liyane.
Gabus duwe makna dadi landhep daya pamikire. Dadi pinter. Suprandene pinter kang pener dudu pinter keblinger. Pinter kang pener iku pintere kanggo gawe karaharjane brayat agung. Wondene pinter keblinger kuwi pintere kanggo minteri. Bebasan wong bodho dadi pangane wong pinter. Wong bodho malah dikono-kono, ora kok digawe pinter. Â Â
     "Dadi ora merga akeh wit gabus banjur diarani Gabus?" pamiterange Damarjati.
     "Ah, teng ngriki mboten onten wit gabus. Konok nek teng ngrika-rika," katrangane Ki Kalim sajak bingung.
      Menawa dijingglengi, satemene gabus iku 'guru dadi' dudu 'guru bakal'. Tegese barang kang wis dadi kang wujud: tutup botol, ubarampe jala dimen tetep kemambang neng banyu (digunakake para juru misaya mina), panglapis jogan utawa tembok lan sapiturute. Gabus kedadiyan saka klika (kulit kayu) wit 'ek' basa Latine Quercus Suber. Kang urip alami ing tlatah Mediterania utawa bumi iring elor. Dudutane wit 'ek' tangeh lamun urip neng lemah Gabus.
     Damarjati kasengsem marang critane Ki Kalim. Crita kang mbeber asal-usul Pesantenan. Mula ing wektu-wektu senggang Ki Kalim mesthi diakon nutugake critane: Dhalang Sapanyana ngglandhang Dewi Rayungwulan. Lelakone Raden Kembangjaya lan Raden Sukmayana. Kuda Sawengi mbedhang Rubiyah. Ontran-ontran Yuyurumpung. Sondong Makerti lan Sondong Majeruk. Engga dumadine perang Carangsoka Paranggarudha. Kang pungkasane Raden Kembangjaya bisa mbengkas karya banjur jumeneng nata. Carangsoka (kalebu Majasemi) disawijekake karo Paranggarudha lan dijenengake Pesantenan kang ing mengkone sinebut Pati.
     Kacarita natkala Damarjati sakukuban lagi ketungkul nyambut gawe, dumadakan lamat-lamat keprungu swarane wong padha regejegan. Gajege kok kaya wong lanang lan wong wadon. Damarjati nggraita gek sing regejegan kae Nawangsih. Tundhone Damarjati terus pamit Ki Jagabaya arep nanjihake kedadiyan kasebut.
     "Kana ndang nyingkrih saka kene. Aku ora tau ketemu karo kowe. Kowe ngapusi!" wuwuse Nawangsih kawistara mangar-mangar raine.
     "Lho lho lho, wong aku wis mboknehi pilus, pipi alus, kok nglali. Ethok-ethok lali."
     "Eiisy. Lambe nggambleh. Angger njeplak!" pambengkase Nawangsih saya ngontog-ontog atine. "Aku dudu bocah lemer. Nyah-nyoh!"
     "Loh, sing aweh pilus neng pinggir kali wayah tengah wengi dhek emben kae rak kowe ta, Nawangsih?!"
     "Ora ana critane aku thruthusan neng pinggir kali wayah tengah wengi. Hhh,  sontholoyo! Asem!!!"
     "E, e, e, wong kowe arep adus kramas tengah wengi njur weruh aku tapa ngeli sing mbokanggep arep nggodha kowe ngono, jare!" pambantahe Wulagang mekengkeng.
     "Huuuuu, kowe ngapusi. Ngreka-reka crita. Kana ndang lunga. Nyepet-nyepeti mata!" panjiyate Nawangsih judhes.
     Ing adoh kana Jibah isih ngulat-ulati momongane. Durung wancine dheweke melu candhuk lawung. Nanging bareng Jibah weruh ketebange Damarjati nyedhaki Nawangsih, dheweke uga terus cekat-ceket nyedhak Wulagang.
     "Kuwi lho, Kakang Damarjati, Cah Katan sing ngaku-aku tau ketemu aku neng pinggir kali wayah tengah wengi," wadule Nawangsih karo nggoceki tangane Damarjati.
"Sapa kowe, arep melu sladhangan ngurusi perkara iki. Huh, kana lunga. Aku ra butuh kowe!" panggedhage Wulagang.
"Yoh. Sing sudi mestani aku Damarjati. Krandhahe Kyai Wenang. Mula wis satrepe yen aku sabela Adhi Nawangsih."
"Hei, Lagang. Iya Kakang Damarjati iki priya sing arep takngengeri. Dudu kowe!" wuwuse Nawangsih santak.
"Loh, kok nggladrah omongmu, Nawangsih. Wong kowe wis nampa lamaranku thik gampang-gampange ngrayuk wong lanang," panutuhe Wulagang kemropok.
"Wis Gus, nantang perkara wong Gabus iki," cluluke Jibah. Sabacute ganti omong marang Damarjati. "Hei, cah bagus. Nawangsih kuwi wis dilamar Wulagang. Nggawa pitukon kebo lanang sungu dhaplang seseg lawang karo raja keputren sing ora sithik regane. Kok kowe lanyo-lanyo sumolondoro nyedhak-nyedhak Nawangsih iku apa rangkep nyawamu?"
Tanpa omong Damarjati tumuli nelung wit kepoh ing cedhak kono terus dibateg mengisor. Wih wih wih! Wit kepoh kang gedhene saprangkulan lan dhuwur banget kasebut teka bisa ruboh nganti rata lemah. Dupi weruh Damarjati gawe pangeram-eram mangkono mau, Jibah terus mak klepat lunga nggeret Wulagang. Nawangsih rumangsa cemeplong atine. Damarjati gageyan diruket keket kaya dipulut.
     "Matur nuwun, Kakang Damarjati. Tujune kowe enggal teka kene!"
     "Adhi Nawangsih, kowe minangka seksi. Muga-muga mbesuk rejane jaman panggonan kene iki lestaria karan 'Poh Ruboh'!" tandhese Damarjati.
ANA CANDHAKE.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H