Mohon tunggu...
Khikmatu EmilaCossinta
Khikmatu EmilaCossinta Mohon Tunggu... Guru - guru smk

belajar terus untuk pengetahuan yang luas

Selanjutnya

Tutup

Seni

Batik Ciprat Asil Karya Disabilitas

19 Mei 2023   14:00 Diperbarui: 19 Mei 2023   14:06 367
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Seni. Sumber ilustrasi: Unsplash

Batik ciprat asil karya penyandang Disabilitas


Artikel babakan batik ciprat menika kula waos wonten salah setunggal artikel wonten ing Indonesia.go.id. Batik diakoni kanggo warisan bangsa Indonesia. Saiki akeh banget pengrajin batik sing berinovasi. Salah sijine yaiku batik ciprat. Batik iku kagolong batik kang unik apa maneh sing gawe yaiku para penyandang disabilitas.

Saka jaman nenek moyang, batik digawe kanti cara turun temurun nganti tekan sak iki. Ana luwih saka telung puluh ewu pola batik klasik utawa tradisional ing Indonesia. Kaya mengkunu iku, di jumbuhake karo kondisi lan potensi daerahe dhewe-dhewe.

Ing Jawa akeh banget jenising batik. Kaya batik pekalongan kang duwe ciri khas pesisir kang isih kecampuran karo gaya Cina lan Arab. Banjur batik Solo ciri khase kanthi warna-warna kang nuansane Alam. Banjur ana meneh batik Cirebon kang gaya batike ameh mirip kaliyan batik Pekalongan, ananging duweni variasi werna kang beda. Durung maneh batik Jogja, batik Semarang, batik Madura, batik Baduy lan sakpanunggalane.

Kanggo ngelekake, batik iku uwis diakoni deneng Dunia sahingga asil cipta lan Karya Asli Indonesia. Dina batik yaiku tanggal 2 oktober 2009. Dadi saben tanggal 2 Oktober dipengeti kanggo hari Batik.

Saka akehe jenising batik ing Indonesia, jenis batik ciprat kagolong batik kang beda lan unik. Kaya jenenge batik ciprat iku carane gawe kanthi cara diciprat-cipratake gunakake larutan kang di campuri malem (bahan kanggo nggambar ing kain batik).  

Malem dicipratake gunakake tangan, sendok lan kuas utawa biting. Sahingga ing proses gawene kanthi cara jumputan lan Teknik coret utawa kuas.

Bedane batik ciprat kaliyan batik liyane yaiku warnane kang mencolok. Kejaba iku, motife beda karo batik-batik umume. Yaiku binti-bintik. Bantik iku digawe saka jenise kain katun prismisma kanthi ukuran 1,15 x 2,25 meter. Kaya dene batik umume, proses gawene batik tetep gunakake remasol, anggone marnani uga nganggo waterglass, banjur di godog lan di pepe.

Batik ciprat iku asale saka kutha Semarang. Ana ing perkembangan jaman, batik ciprat iku di wenehi jeneng kaya dene jeneng-jeneng ing kutha Semarang. Kaya tuladhane: Kota Lama, Sigar Bencah, Lawang Sewu, Pecinan lan sakpanunggalane.

Sapa sing nyangka batik kang apik iku di gawe dening panyandang disabilitas. Batik kasebut karya asli anak-anak tuna grahita, tuna rungu, tuna wicara, autis lan down syndrome. Ana ing mbatik para penyandang disabilitas ora gunakake pola kang pasti. Kabeh motif di jumbuhake karo kepinginan dhewe-dhewe para penyandang disabilitas. Dadi, asil saka batik beda-beda ing saben gaweane.

Batik ciprat diwiwiti ana ing taun 2011. Wektu iku, salah setunggaling guru ketrampilan ana ing SLBN semarang nembe ana pelatihan membatik kanggo siswa tuna grahita. Uwis diupakaya kaping pirang-pirang, siswa kang mbatik ngunakake canting ananging kangelan. Mula saka iku, banjur nyipratake lan netesake larutan malem ana ing kain kanthi acak. Sahingga batik- batik para siswa nrabos pakem mbatik kang gunakake canting. Nganti tekan wektu iki, produksi batik isih di tindakake kanthi cara handmade karo siswa-siswa SLBN Semarang. Batik iki diwenehi merk yaiku ESELBENS Poenya kang duweni teges SLBN Semarang punya.  

Kangge tuladha daerah ingkang ndamel batik ciprat dengan memberdayakan penyandang disabilas.

  • SLBN Semarang
  • Desa Simbatan- magetan
  • Giri Peni- MKulon Progo
  • Desan Banyuasin- Purworejo
  • Desa Resapombo- Blitar

Daearah-daerah ing nduwur yaiku tuladhane daerah kang gunakake metode Batik Cipray kanggo media pemberdayagunaan penyandang disabilitas. Sak liyane iku uwis akeh banget kutha kang gawe batik ciprat. Kaya dene ing Kalimantan, Jakarta, Papua, Aceh, lan uga daerah liyane. Saka kutha semarang dadekake inspirasi kanggo para penyandang Disabilitas kanggo berkarya

Catatan kaki: Indonesia.go.id | jatimtimes | kompas | okezone

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
Mohon tunggu...

Lihat Konten Seni Selengkapnya
Lihat Seni Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun