Khutbah Jum'at 2023
Wulan Sya'ban Istimewa
Oleh Kaseri, Gebangmalang, 24 Februari 2023
. . . ! . :
Ma'asyirol muslimin, Rohimakumulloh
Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.
Ma'asyirol muslimin, Rohimakumulloh
Alhamdulillah, wekdal puniko kitho manggen wonten ing wulan Sya'ban, engkang ateges soyo caket dateng wulan Romadhon. Dipun sebat Sya'ban, kranten wulan engkang cabang-cabangipun kesaenan kathah sanget (yatasya'abu minhu khairun katsir).
Posisi wulan Sya'ban engkang kecepit wulan Rojab lan Romadhon, meniko andadosaken Sya'ban kawon populeripun kalian kekalihipun. Ngantos Kanjeng Nabi ngecap wulan meniko wulan engkang dipun "LALEAKEN". Kados sabdonipun:
  ( )
"(Sya'ban) iku wulan kang dilaleake poro manungso, kang manggon ing anatarane wulan Rojab lan Romadhon." (HR. An-Nasa'i)
Wonten ing kitab Ma Dza fi Sya'ban, karyanipun Sayyid Muhammad bin Alawi Al-Maliki nyebataken tigang peristiwa penting, saklintunipun malem Nishfu Sya'aban, engkang ngrubah beragamanipun tyang muslim:
Pindahipun Kiblat
Pindahipun kiblat saking Masjidil Aqsha dateng Masjidil Haram meniko dumawah wonten ing wulan Sya'ban. Pindahipun kiblat meniko setungalipun perkawis engkang sanget dipun ajeng-ajeng Kanjeng Nabi. Dipun riwayataken, bilih Kanjeng Nabi saben dinten ngadek ndangak ningali langit nenggo temurunipun wahyu. Lajeng Alloh swt ngabulaken pengarep-arep ipun Kanjeng Nabi kanthi nurunaken Surat Al-Baqarah ayat 144:
-
Kami melihat wajahmu (Muhammad) sering menengadah ke langit, maka akan Kami palingkan engkau ke kiblat yang engkau senangi. Maka hadapkanlah wajahmu ke arah Masjidilharam. Dan di mana saja engkau berada, hadapkanlah wajahmu ke arah itu. Dan sesungguhnya orang-orang yang diberi Kitab (Taurat dan Injil) tahu, bahwa (pemindahan kiblat) itu adalah kebenaran dari Tuhan mereka. Dan Allah tidak lengah terhadap apa yang mereka kerjakan
Penyerahan Rekapitulasi Sedoyo Amal dateng Allah
Salah setunggalipun faktor engkang andadosaken wulan Sya'ban meniko utami, jalaran wonten ing wulan meniko sedoyo amal kitho dipun laporaken dateng Alloh swt. Hinggo Kanajeng Nabi Muhammad saw remen siyam wonten ing wulan meniko.
: ( )
Saking Usamah bin Zaid radhiyallahu 'anhuma, dewekne dawuh: "Aku matur: "Ya Rosululloh, kulo mboten nate sumerap panjenengan poso wonten ing wulan engkang kados poso panjenengan wonten wulan Sya'ban meniko." Lajeng panjenenganipun dawuh: "Sya'ban iku wulan kang dilalekne poro manungso kang manggone ono antarane Rojab lan Romadhon. Yo iku wulan kang ono wulan iku kabeh amale manungso dilaporake marang Alloh. Aku seneng menowo amalku dilaporake sedeng aku pas wancine poso." (HR. Nasa'i).
Temurunipun Ayat Anjuran Sholawat dateng Rasulullah SAW
Wonten ing wulan Sya'ban ugi dipun turunaken ayat anjuran sholawat dateng Kanjeng Nabi Muhammad saw:
Pramilo mboten salah, menawi wulan Sya'ban dipun sebat wulan sholawat. Kranten wonten ing wulan Sya'ban ayat anjuran sholawat dateng Kanjeng Nabi temurun.
Ma'asyirol muslimin, Rohimakumulloh
Ing wulan Sya'ban wonten setunggal malem engkang dipun agungaken, dipun berkahi, lan dipun mulyaaken, inggih meniko malem Nishfu Sya'ban utawi malem tanggal 15 Sya'ban.
Wonten ing malem kasebat, Alloh "mandap" nyelak dateng kawulo-kawulonipun kanthi paring maghfiroh, rohmat, ngabulaken dungo, ngicalaken kesisahan, mbebasaken sebagian golongan saking neroko, lan nulis rizki ugi amal. Rosulallah Muhammad saw dawuh:
.
 ( )
"Temen Alloh ono malem Nishfu Sya'ban mrikso (mersani amalane poro kawulo). Banjur Alloh pareng pangapuro marang kabeh kawulone, sakliyane wong musyrik lan wong kang ekeran karo sedulure." (HR. Ibnu Majah)
Malem Nishfu Sya'ban anggadahi sebutan engkang kathah sanget. Meniko nedahaken mulyonipun malem Nishfu Sya'ban. Ing antawisipun:
1. Malem engkang dipun berkahi    Â
2. Malem pembagian rizqi ugi penetapan takdir  Â
3. Malem penghapusan doso  Â
Wonten malem Nishfu Sya'ban Allah ngapuro doso setahun, wonten malem Jum'at ngapuro doso seminggu, lan wonten malam Qodr ngapuro doso sak umur.
4. Malem ijabahipun dungo
Ibnu Umar ra. ngeriwayatken, wonten gangsal malem engkang mustajab, ing antwisipun malem Nishfu Sya'ban
5. Malem gesang ugi malem riyoyone Moloikat
Â
Malem Nishfu Sya'ban meniko dinten riyoyo nipun malaikat lan piyambakipun mboten sare sewengi muput.
6. Malem syafaat (pitulungan)
7. Malem pembebasan ugi malem pengakuan ampunan
8. Malem pareng hadiah
9. Malem ampunan   Â
Lajeng punopo amal ingkang dipun contohaken Rasululloh ing wulan Sya'ban? Perkawis meniko penting kangge kito mengertosi lan amalaken. Supados kito mboten tebih saking sunah rasul. Lan kito amalaken kagem bukti bilih kito tresno dumatheng Allah. Bukti menawi kito tresno saestu dumatheng Allah inggih kanti kito nyonto Rasululloh.
Katakanlah: "Jika kamu (benar-benar) mencintai Allah, ikutilah aku, niscaya Allah mengasihi dan mengampuni dosa-dosamu." Allah Maha Pengampun lagi Maha Penyayang. (QS. Ali Imran: 31)
amal ingkang sepindah ingkang dipun contohaken Rasululloh inggih puniko ngatahaken siyam sunnah.
Kaping kalih, nglunasi utang siyam ramadhan, kagem kito kangge ngimutaken keluargo kito ingkang gadah utang siyam ramadhan.
Kaping tigonipun, ngatahaken ibadah lan amal kesaenan sarto ningkataken kualitas ibadah kito. kito giataken shalat rawatib, qiyamullail, maos Al-quran, lan katah maleh ingkang saget kito tindakaken.
Kaping sekawan, kathah-kathah maos istighfar ingkang dados sarana kitho taubah dumateng Alloh swt
Mugi-mugi kitho kalebet golonganipun tyang-tyang engkang mboten nyiyak-nyiyaaken mulyonipun wulan Sya'ban wabil khusus malem Nishfu Sya'ban meniko, senaoso ngayahi kesibukan duniawi engkang kathah sanget. Aamin
. Â .
Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI